Yohanes sing mbaptis wong dipateni Raja Herodes Antipas
14
Pas iku Herodes, raja ning daerah Galilea, krungu kabar ngenek'i Yesus. 2 Herodes guneman nang abdi-abdine, “Wong iki pancene Yohanes sing tau mbaptis wong! Iku tegese Yohanes iku wis diuripen maneh teka pati! Iku alasane Wong iki bisa gawe mujijat-mujijat.”3 (Sak'durunge kedadean iku, Herodes tau nyekel Yohanes, terus dilebok'en ning bui. Yohanes dilebok'en ning bui merga masalahe Mak Herodias. Mak Herodias iku bojone Filipus, sing dadi dulure Raja Herodes dewe. Tapi Herodes ngrapas Mak Herodias dadi bojone dewe. 4 Dadi Yohanes teterusan nuturi Herodes ngene, “Rika iku nglanggar hukum agama Ibrani merga ngrapas Herodias teka dulure rika!” Mangkane Herodes nyekel Yohanes, terus dibui.)
5 Masia Herodes kate mateni Yohanes, tapikne orak dadi merga wedi nang wong akeh. Wong akeh iku percaya nek Yohanes iku nabi. 6 Pas ngrayak'en dina pelairane Raja Herodes dewe, lare wedok'e Mak Herodias nari ning ngarepe Herodes, ambek kabeh dayoh liyane. Herodes seneng temen nang lare wedok iku. 7 Dadi Herodes njanji ning ngarepe wong kabeh nggawe sumpah, jarene arep nggenehi paran wae sing dikarepen lare wedok iku. 8 Terus Herodias, emakne, ngongkon lare iku njaluk nang Herodes ngene, “Esun kepingin ndase Yohanes sing mbaptis wong digawa mrene ning duwure baki!”
9 Masia Raja Herodes susah temen, tapikne wis kadung janji katek sumpah nek kate nggenehi paran wae sing dikarepen nang lare wedok iku. Apa maneh kabeh dayoh-dayohe iku wis pada weruh paran sing dijanjek'en nang Herodes. Dadi, Herodes nuruti penjaluk'ane lare iku. 10 Herodes ngongkon prajurit nugel ndase Yohanes ning bui. 11 Maringono ndase Yohanes digawa ning duwure baki terus digewehen nang lare wedok iku. Sak'wise iku, lare iku nggewehen nang Herodias, emakne.
12 Maringono murid-muride Yohanes pada teka, njupuk mayite Yohanes, terus dikubur. Sak'wise budal ndongengi nang Yesus paran sing kedadean.
Yesus nggenehi mangan nang 5.000 wong luwih
13 Sak'wise Yesus krungu nek Yohanes iku dipateni, Yesus munggah prau terus meneng-meneng budal ambek murid-muride nang enggon sing sepi. Tapikne wong akeh krungu nek Yesus budal, terus pada metu teka desa-desa kanggo nututi Yesus. 14 Pas mudun teka prau, Yesus nguwasen wong akeh, terus rumangsa mesak'en nang wong-wong iku. Dadi Yesus marasen wong-wong sing lara. 15 Pas dina kate peteng, murid-muride marek nang Yesus ambek guneman, “Enggon iki mencil, terus meh peteng. Kongkonen wong-wong iki budal nang desa-desa, kon tuku panganane dewe.”
16 Tapi Yesus semaur, “Wong-wong iki orak usah budal. Sira kudu nggenehi mangan.”
17 Semaure murid-muride, “Sing ana ning kene mek roti limang iji karo iwak loro.”
18 Yesus guneman, “Gawanen mrene roti karo iwak iku.” 19 Terus Yesus ngongkon wong-wong akeh iku lungguh ning sesuketan. Maringono Yesus njupuk roti limang iji karo iwak loro iku, nguwasen nang langit, terus nedanerima nang Pengeran. Yesus nugel-nugel roti iku, digewehen nang murid-muride, terus muride pada ndumen nang wong akeh iku. 20 Kabeh wong iku mangan sampek wareg. Terus kekarene sing durung dipangan diwadahi ning rolas wakul sampek bek. 21 Kabehe wong sing mangan ning enggon iku kira-kira limang ewu (5.000) wong lanang, durung keitung wong wedok karo anak-anak'e sing melu mangan pisan.

Yesus nugel-nugel roti (14:21)
Yesus mlaku ning nduwure banyu
22 Sak'wise iku, Yesus ngongkon murid-muride munggah nang prau terus budal nang sabrange ranu. Tapikne Yesus gek ngenteni wong akeh iku moleh. 23 Sak'wise wong akeh iku moleh, Yesus munggah nang pusung ndedunga ijenan. Pas dina iku wis kate bengi, Yesus pancene ijen ning enggon iku.
24 Na, prau iku wis adoh teka pinggire ranu, tapi diantem ombak gede merga nglawan angin teka ngarepan. 25 Pas meh isuk, Yesus teka, mlaku ning nduwure banyu. 26 Murid-muride nguwasen Yesus mlaku ning nduwure banyu, terus kabeh pada keweden. Murid-muride guneman, “Ana memedi!” terus pada memelung keweden.
27 Tapi memara Yesus guneman, “Sing damang atine. Ikilo Reang. Ajo wedi.”
28 Petrus guneman, “Guru, nek iku bener-bener Rika, kongkonen reang mlaku nang Rika ning nduwure banyu.”
29 Yesus guneman, “Renea!”
Petrus ninggalen prau iku, terus mlaku nang Yesus ning nduwure banyu. 30 Tapi pas nguwasen angin karo ombak gede, Petrus dadi wedi, terus molai klelep. Petrus melung, “Gusti, tulungana reang!”
31 Yesus ngelungen tangane nang Petrus, dicekel, terus guneman, “He sira sing percaya mek setitik. Ngapa sira iku bimbang?” 32 Maringono Yesus karo Petrus munggah nang prau. Sekala iku angin karo ombak gede iku mandek. 33 Dadi murid-murid sing ana ning prau iku pada nyembah Yesus terus guneman “Pancen temenan Rika iki Anak'e Pengeran!”

Tulungana reang! (14:30)
Yesus marasen wong
34 Sak'wise mari nyebrang ranu iku, njebul ning pinggirane Ranu Genesaret, sing diarani pisan Ranu Galilea. 35 Wong akeh sing ana ning kana ndeleng Yesus, terus nyeritak'en nang wong liya nek Yesus wis teka. Maringono wong-wong iku pada nggawa kabeh wong lara nang Yesus. 36 Wong-wong iku njaluk nang Yesus cekne diolehi ndumuk pucuk'e jubahe. Terus kabeh wong sing ndumuk pucuk jubahe Yesus dadi waras.