Paribasane wiji sing disawor
13
Pas dina iku Yesus metu teka umah, terus lungguh ning pinggire ranu. 2 Akeh uwong nglumpuk ning sak'ubenge Yesus. Dadi Yesus munggah nang prau terus lungguh ning duwure, tapi wong akeh iku tetep ngadek ning pinggire ranu.
Yesus munggah nang prau (13:2)
3 Yesus mulang nggawe paribasan ngene, “Rungokna! Ana wong tani lunga nyawuren wewijen.4 Pas disawor, ana wiji sing rotoh ning dalan. Terus manuk-manuk pada teka mangan wiji-wiji iku.5 Terus ana sing rotoh ning gaga sing akeh wewatunan, sing lemahe orak kosi jero. Wiji-wiji iku cepet cukul merga lemah iku orak kosi jero.6 Tapi pas wayahe sengenge metu, tanduran iku dadi alum terus garing, mergane oyote orak jero.7 Wiji sing liya rotoh ning alang-alang sing akeh erine. Alang-alang iku tambah dina tambah lemu, terus ngedangi modote tanduran sing disawor iku mau.8 Tapi ana sing rotoh ning gaga sing subur. Wiji-wiji modot apik sampek ngasilen ping satus (100), ping suwidak (60), ya ping telung puluh (30) akehe.9 Sapa sing duwe kuping, rungokna!”
Yesus muruk'i nggawe paribasan
10 Murid-murid iku marani Yesus terus takon, “Ngapa Rika muruk'i wong akeh nggawe paribasan?”
11 Saure Yesus, “Sira digewehi weruh rahasia Kerajaane Swarga, tapi perkara iku orak didudohen nang wong akeh. 12 Wong sing wis duwe pengerten, nang wong iku bakale digewehi luwih akeh maneh, sampek keluwihan. Tapikne wong sing orak duwe pengerten, sing wis ana bakale dijukuk. 13 Mangkane Reang muruk'i wong-wong iku nggawe paribasan,
‘Masia wong-wong iku ndeleng, tapi orak weruh.
Masia ngrungok'en, tapi orak ngerti.’
14 “Dadi, wis jelas nek sing digunemen Nabi Yesaya biyen ngenek'i wong-wong iku bener:
‘Sira bakale ngrungok'en teterusan, tapikne sira orak bisa ngerti,
Sira bakale ndeleng teterusan, tapikne sira orak bisa nguwasen.
15 Merga pikirane bangsa iki wis ketutup.
Wong-wong iki duwe kuping, tapi orak bisa ngrungok'en.
Wong-wong iku duwe mripat, tapi orak bisa nguwasen.
Nek'e orak ketutup pikire, mestine wong-wong iku bisa
nguwasen nggawe mripate,
ngrungok'en nggawe kupinge,
ngerti nggawe atine,
terus wong-wong iku bisa balik maneh marani Reang
cekne diwarasen.’ (Yesaya 6:9-10)
16 “Tapikne sira, murid-muride Reang, dadi wong sing beja merga mripate sira bisa masen karo kupinge sira bisa rungok'en. 17 Gunemane Reang iki bener temenan, akeh nabi biyen karo wong sing suci biyen kangen nguwasen paran wae sing sira deleng sak'iki, ya ngrungok'en paran wae sing sira rungok'en. Tapikne wong-wong iku orak bisa nguwasen karo ngrungok'en.”
Yesus negesen paribasane wiji sing disawor
18 “Rungokna maksute paribasan ngenek'i wiji sing disawor iku: 19 Wiji sing rotoh ning pinggire dalan iku pada karo uwong sing ngrungok'en wulangan ngenek'i Kerajaane Swarga, tapikne orak ngerti. Maringono Iblis teka terus njukuk wuruk'an sing wis disawor ning njero atine wong iku.
20 “Wiji sing rotoh ning gaga sing akeh wewatunan iku pada karo wong sing ngrungok'en wulangan iki terus diterima ambek bungah atine. 21 Tapikne, wulangan iku orak moyot sing jero, terus percaya mek sediluk. Pas wong iku ngadepi susah utawa siksaan merga wulangan iku mau, wong iku mara-mara mundur.
22 “Wiji sing rotoh ning alang-alang sing akeh rine pada karo wong sing ngrungok'en wuruk'an iki, tapikne wong iku gelek kuwatir nang urip ning ndunya iki, karo kepingin dadi sugih. Merga iku wulangan iku orak mundak, terus orak bisa ngasilen woh.
23 “Tapikne wiji sing rotoh ning lemah sing apik pada karo wong sing ngrungok'en wulangan iku terus ngerti. Maringono wong iku ngasilen uwoh, ana sing ping satus, ana sing ping suwidak terus ana sing ping telung puluh akehe.”
Paribasan ngenek'i alang-alang karo gandum
24 Yesus nyampek'en paribasan sing liya maneh: “Kerajaane Swarga iku bisa digambaren wong tani sing nandur gandum apik ning gagane. 25 Tapi pas kabeh wong pada turu, musuhe wong tani iku teka, nyawuren weneh alang-alang ning gaga iku, terus budal. 26 Gandum iku modot dadi gede terus molai uwoh. Tapi pas gandum iku modot, alang-alang ya modot pisan. 27 Koli-koli iku marek'i wong tani sing duwe gaga terus takon, ‘Pak, rika wis manja wiji apik. Tapi teka endi alang-alang iku?’
28 “Sing duwe gaga iku semaur, ‘Mestine musuhe reang sing ngencepen alang-alang iku.’
“Terus koli-koli iku takon maneh, ‘Apa rika ngolehi nek sak'iki alang-alang iku tak bubuti?’
29 “Sing duwe gaga iku semaur, ‘Ajo. Nek sira bubuti, mestine ana gandum sing katut kebedol. 30 Jaren wae gandum karo alang-alang iku pada tambah gede sampek wayahe panen. Engko, pas wayahe panen, reang kate guneman nang koli-koli, “Alang-alange klumpukna dikek, ditaleni, terus diobong. Maringono gandume diklumpuk'en terus simpenen ning gudange reang.” ’ ”
Paribasane wiji sawi karo ragi
31 Terus Yesus nyeritak'en paribasan sing liya, jerene, “Kerajaane Swarga ngentah wijine sawi sing ditandur ning gaga. 32 Masia wiji iku sing paling cilik teka sak'kabehe wiji, tapi wiji iku bisa cukul sampek dadi tanduran sing paling gede antarane sak'kabehe tandur tuwuh ning gaga. Tanduran iku bisa dadi wit sampek manuk-manuk teka gawe susuh ning pang-pange.”
33 Terus Yesus nyeritak'en paribasan sing liya, “Kerajaane Swarga ngentah ragi. Wong wedok njukuk ragi terus nyampuren ragi iku nang glempung sing akehe 20 kilo. Ragi iku gawe glempung sing akeh iku dadi mekar.”
34 Yesus mesti nggawe paribasan pas mulang wong akeh. Yesus orak tau guneman peparan nek orak nggawe paribasan pas mulang wong. 35 Dadi dijangkepi paran sing wis disampek'en nabi biyen,
“Reang bakale ngomong nggawe paribasan,
Reang bakal negesen paran sing tau dirahasiak'en molai ndunya didadek'en.” (Masmur 78:2)
Yesus negesen paribasan ngenek'i alang-alang karo gandum
36 Maringono Yesus ninggalen wong akeh iku terus mlebu umah. Murid-muride Yesus marek nang Yesus terus njaluk, “Guru, jelasna tegese paribasan ngenek'i alang-alang ning gaga iku.”
37 Yesus semaur,
“Wong sing manja wiji apik iku Reang, Rajane Menungsa.
38 Gaga iku nggambaren ndunya iki.
Wiji sing apik iku warga Kerajaane Pengeran.
Alang-alang iku wong sing melu kekarepane Iblis.
39 Musuh sing nandur alang-alang iku Iblis.
Wayahe panen iku pungkasane jaman.
Koli-koli iku nggambaren malaekat-malaekat.
40 “Nah, alang-alang iku bakal diklumpuk'en terus diobong. Ya ngono iku sing bakale kedaden pas pungkasane jaman. 41 Rajane Menungsa bakale ngongkon malaekate, terus malaekat-malaekat iku bakale nglumpuk'en teka kerajaane sembarang kalir sing nyesaten wong bebarengan kabeh wong sing nglakoni jahat. 42 Kabeh wong iku bakale dibuang nang geni sing gede. Ning njero geni iku wong-wong iku bakale nangis karo kemretek untune. 43 Tapikne wong sing dianggep bener bakale semorot persis sengenge ning njerone Kerajaane Bapakne. Sapa sing duwe kuping, rungokna!”
Paribasane dunya brana ning lemah
44 “Kerajaane Swarga iku ngentah dunya brana sing wis suwe disingeten njerone lemah. Sak'wijine dina ana wong nemok'en dunya brana sing kependem iku. Wong iku nemen bungahe, terus dunya iku disingeten maneh. Maringono wong iku budal ngedol kabeh dunyane sing diduweni gawe tuku gaga sing ana dunya iku mau.
Paribasane mutiara sing larang
45 “Ya ngono uga, Kerajaane Swarga ngentah wong dagang sing nggolek'i mutiara sing paling larang regane. 46 Pas mutiara sing luwih larang teka mutiara liayane ditemok'en, wong iku budal ngedol sak'kabehe keduwenane gawe nuku mutiara sing paling larang iku.
Paribasane iwak sing maceme loro
47 “Ya ngono uga, Kerajaane Swarga ngetah jaringe iwak. Jaring iku disawor ning segara, terus njaring sembarang kalire iwak. 48 Pas jaring iku wis kebek iwak, nelayan ngentas jaring nang lemah. Maringono nelayan iku lungguh nyejek'en iwak sing apik, terus didekek ning keranjang. Tapi iwak sing elek dibuang.
49 “Ya ngono iku sing bakale kedaden pas pungkasane jaman. Malaekat-malaekat bakale teka gawe misahen wong bener karo wong jahat. 50 Kabeh wong jahat iku bakale dibuang nang geni sing gede. Ning njero geni iku wong-wong iku bakale nangis temenan karo kemretek untune.”
Paribasane wong sing duwe umah
51 Yesus takon nang murid-muride, “Apa sira pada ngerti paran tegese kabeh iki?”
Murid iku pada semaur, “Ya.”
52 Maringono Yesus guneman, “Mantep! Merga saben ahli Kitab Suci sing wis nerima wuruk'ane Kerajaane Swarga bisa digambaren wong sing duwe umah. Sing duwe umah iku bisa ndudohen dunya branane. Ana sing lawas, ya ana sing anyar.”
Yesus mbalik nang desa Nasaret
53 Sak'wise nyeritak'en kabeh iku, Yesus ninggalen enggon iku. 54 Yesus budal nang desa asale, ning endi Yesus digedek'en, yaiku Nasaret. Ning kono Yesus mulang wong akeh ning balai agamane wong Ibrani. Kabeh wong pada gawok, terus guneman, “Teka endi Wong iki oleh pengerten karo kuwasa nglakoni mujijat-mujijat? 55 Yesus iku mek anak'e tukang kayu. Emakne jenenge Maria. Adek-adekne iku Yakobus, Yusuf, Simon, karo Yudas. 56 Terus dulur-dulure sing wedok gek manggon ning desa iki bebarengan kene. Teka endi Yesus oleh kabeh kuwasa iki?” 57 Dadi wong-wong iku nolak Yesus.
Tapi Yesus guneman nang wong-wong iku, “Wong nabi mesti diajeni ning endi-endi kejaba ning desa asale utawa ning umahe dewe.” 58 Merga akeh wong orak percaya nang Yesus ning kono, mek pepirang mujijat sing dilakoni.