Muride Yesus disalahen nang wong Farisi
12
Pas dina Sabat, Yesus mlaku ngliwati gaga gandum. Wayah iku murid-muride Yesus ya melu pisan, terus pada keluwen. Dadi murid-muride Yesus pada muntesi wijine gandum, terus dipangan. 2 Tapikne wong-wong Farisi sing mimpin agama Ibrani nguwasen kabeh iku, terus guneman nang Yesus, “Delengen murid-muride Sira orak oleh manen pas dina Sabat.”3 Terus Yesus njawab, “Apa sira orak maca paran sing dilakoni Raja Daud karo kanca-kancane pas pada keluwen? 4 Daud mlebu nang Umahe Pengerana terus mangan roti sing disajek'en kanggo Pengeran.† Tapi nurut hukum agama Ibrani, mek pengarepe sembahyang tok sing oleh mangan roti iku.† 5 Terus apa sira orak maca sing ditulisen ning hukum agama Ibrani ngenek'i penggaweane pengarepe sembahyang pas dina Sabat? Pengarepe sembahyang kudu nyambut gawe ning Umahe Pengeran pas dina Sabat. Tapi nurut hukum agama Ibrani, menungsa orak oleh nyambut gawe pas dina Sabat. Ngapa wong-wong iku orak dianggep salah?
6 “Rungokna, Reang iki luwih penting ketimbang Umahe Pengeran! 7 Pikiren guneme Pengeran ning Kitab Suci,
‘Sing Reang kepingin iku, sira ndudohen welas nang wong liya,
duduk nggewehi kewan sing dikorbanen nang Reang.’ (Hosea 6:6)
“Nek sira ngerteni ayat iku, sira orak bakal nyalahen wong sing orak duwe salah. 8 Sira kudu ngerteni nek'e Reang, Rajane Menungsa, dadi Gusti sing nguwasani dina Sabat.”
Yesus marasen wong pas dina Sabat
9 Yesus ninggalen enggon iku terus budal nang balai agamane wong Ibrani. 10 Ning kono ana wong sing tangane mati sisih. Ana pisan wong-wong Farisi ning kono sing nggolek salahe Yesus. Dadi wong-wong iku pada takon nang Yesus, “Oleh tah marasen wong pas dina Sabat?”
11 Yesus njawab nang wong-wong iku, “Nek'e ana wong antarane sira nduwe wedus, terus wedus iku kecemplung ning sumur pas dina Sabat, apa wedus iku orak cepet ditulungi kepe bisa mentas teka sumur iku? 12 Mestine menungsa iku luwih aji teka wedus. Dadine kene oleh nglakoni paran sing apik pas dina Sabat.” 13 Maringono Yesus guneman nang wong sing tangane mati sisih iku, “Elungna tangane sira!” Wong iku ngelungen tangane terus waras ngentah tangane sing sijine.
14 Tapikne wong Farisi iku metu teka balai agama terus usaha nggolek cara cekne bisa mateni Yesus.
Yesus iku Abdine Pengeran sing dipilih
15 Yesus weruh paran sing direncanak'en wong Farisi iku, dadi Yesus ninggalen enggon iku. Tapikne akeh wong sing ngetuten Yesus, terus Yesus marasen kabeh wong sing lara. 16 Yesus ngilingen wong akeh iku kepe ajo ndongengen sapa sak'temene Yesus iku nang wong liya. 17 Yesus nglakoni ngono kepe paran sing disampek'en Pengeran nang Nabi Yesaya biyen dinyatak'en,
18 “Iki ngono Abdine Reang, sing Tak pilih,
sing Tak tresnani, ya sing nyenengen Reang.
Reang bakal nggewehen Rohe Reang nang Wong iku.
Terus Wong iku bakale ngakimi bangsa-bangsa gawe cara sing adil.
19 Wong iku orak bakal mbantah utawa memelung,
suwarane orak bakal dirungok'en wong ning dalan-dalan.
20 Suket sing poklek untal-antil orak bakal dicuklek del.
Sumbune lilin sing meh mati urupe orak bakal dipateni,
sampek kabeh sing adil menang.
21 Terus sak'kabehe bangsa bakale ngenteni kuwasa sing ana sak'njerone jenenge Wong iku.” (Yesaya 42:1-4)
Kuwasane Yesus orak asale teka Iblis
22 Maringono ana sing nggawa nang Yesus wong picek mbarek bisu merga kesurupan roh jahat. Terus Yesus marasen wong iku, sampek wong iku bisa ndeleng karo guneman maneh. 23 Kabeh wong iku pada gawok, terus guneman, “Pancene Wong iki anak putune Raja Daud sing dijanjek'en iku!”
24 Tapi, sak'marine wong Farisi krungu gunemane wong iku mau, wong Farisi iku pada guneman, “Wong iku nggawe kuwasane Iblis, yaiku rajane sak'kabehe roh jahat, kanggo nundung roh-roh jahat.”
25 Yesus ngerti paran sing dipikiren wong Farisi iku. Dadi, Yesus guneman nang wong-wong iku, “Nek'e wargane kerajaan pada memusuhan, kerajaan iku bakale ajur mumur. Terus, nek'e kabeh kota karo keluarga pada memusuhan, kota karo keluarga iku orak bakal ngadek teguh. 26 Ya ngono, nek'e Iblis nundung anak buahe, Iblis bakale ngejur awak'e dewe. Terus, njare kerajaane iku bisa ngadek? 27 Sira guneman nek'e Reang nundung roh-roh jahat nggawe kuwasane Iblis. Nek'e iku bener, nggawe kuwasa paran muride sira nundung roh jahat? Nek'e orak nggawe kuwasane Iblis pisan, muride sira dewe sing mbuktek'en nek'e paran sing sira ucapen iku salah. 28 Tapi, nek Reang nundung roh-roh jahat gawe kuwasa Rohe Pengeran. Iku ndudohen nek'e Kerajaane Swarga wis teka nang sira kabeh.
29 “Umpamane Iblis iku memper wong kuwat sing duwe umah. Nek'e ana Wong liya sing kepingin nyolong peparan, Wong iku kudu naleni dikek wong kuwat iku sing duwe umah. Sak'marine iku, Wong sing nyolong iku bebas njupuk paran wae teka umah iku. 30 Wong sing orak dadi balane Reang, tegese nglawan Reang. Wong sing orak nglumpuk'en wong bareng Reang, tegese wong iku mbuyaren penggaweane Reang. 31 Merga iku gatekna: Sembarang kalire dusa mbarek omongan elek bisa disepura. Tapi sapa sing ngenyek Roh Suci orak bisa disepura. 32 Sapa wae sing nglawan wulangane Rajane Menungsa, wong iku bisa disepura. Tapi sapa wae sing nentang Rohe Pengeran, wong iku orak bakal disepura; masia jaman iki utawa jaman sing bakale teka.”
Wong menungsa digambaren wit ambek wohe
33 “Wit sing apik mesti ngasilen woh sing apik. Sewalik'e, wit sing elek ya ngasilen woh sing elek. Dadi saben wit bisa dikenal teka woh sing diasilen. 34 Sira kabeh memper ula sing ana upase! Orak kira sira bisa guneman peparan sing apik, merga sira iku jahat. Cangkeme sira guneman teka isi atine. 35 Wong apik mestine ngasilen gunem sing apik teka enggon apik sak'njerone atine. Tapi wong jahat ya ngasilen gunem sing jahat teka enggon jahat sak'njerone atine. 36 Gatekna, pas dina kiamat, kabeh wong bakal nanggung sak'kabehe gunem sing tau digunemen tapi nanak gunane. 37 Merga gunem-gunem sing sira tau ucapen bakal mbeneren sira, ya bakal nyalahen sira.”
Tengere Nabi Yunus
38 Maringono ana pepirang ahli agama Ibrani bebarengan wong Farisi pada takon nang Yesus, “Guru, kene kepingin ndeleng tenger teka Rika.”
39 Tapi Yesus semaur, “Wong-wong jaman sak'iki pada jahat kabeh. Wong-wong iki ngarepen tenger sing mbuktek'en kuwasane Reang. Tapikne wong-wong iki orak bakal digenehi sesijia tenger, sak'liyane tengere Nabi Yunus biyen. 40 Memper Nabi Yunus biyen mlebu wetenge iwak gede suwene telung dina telung bengi, Rajane Menungsa bakal dilebok'en wetenge bumi suwene telung dina telung bengi. 41 Pas dina kiamat, wong teka kota Niniweb bakale diuripen maneh karo ndudohen salahe wong Ibrani jaman iki. Biyen, wargane kota Niniwe tobat pas ngrungok'en gunemane Nabi Yunus. Gatekna, Reang iki luwih gede ketimbang Nabi Yunus!
42 “Pas dina kiamat, Ratu bangsa Sebac bakale diuripen maneh karo ndudohen salahe wong Ibrani jaman iki. Ratu Seba biyen iku budal teka enggon sing adoh merga kepingin ngrungok'en pengertene Raja Salomo.d Gatekna, Reang iki luwih gede ketimbang Raja Salomo!”
Roh jahat sing mbalik
43 “Nek'e roh jahat ditundung, terus metu teka wong, roh jahat iku bakale ngloyong sampek nang ara-ara amba, nggolek enggon liya cekne bisa leren. Tapi nek orak nemok'en enggon, 44 roh jahat iku bakale guneman, ‘Reang kate mbalik maneh nang umah sing tak tinggalen iku mau.’ Pas teka ning kono, roh jahat iku ndeleng nek'e umah iku wis rijik karo ketata apik. 45 Maringono roh jahat iku bakale budal ngejak roh pitu liyane sing luwih jahat maneh. Roh-roh jahat iku bakale mlebu nang umah iku terus manggon ning kono. Ahire wong iku dadi luwih elek teka maune. Iku kabeh bakal kedadean nang wong-wong jahat ning jaman iki!”
Dulure Yesus sing sejati
46 Pas Yesus gek guneman nang wong akeh, emakne ambek dulur-dulure pada teka kepingin campuh Yesus. 47 Terus ana sing nggenehi weruh, “Delengen, emakne ambek dulur-dulure ana ning njaba kepingin nyampuhi Rika.”