11
Sak'wise mulang rolas muride iku, Yesus ninggalen enggon iku terus budal nang kota-kota ning Galilea kanggo mulang ambek nyampek'en Kabar Apik.
Yesus karo Yohanes sing mbaptis wong
2 Pas wayah iku, Yohanes sing biasane mbaptis wong gek ana ning njero bui. Terus Yohanes krungu sak'kabehe mujijat sing dilakok'en Raja Pilihane Pengeran.a Dadi Yohanes ngongkon murid-muride budal nang Yesus 3 cekne takon, “Apa Rika raja sing dijanjek'en, sing bakale teka iku? Apa tah kene kudu ngenteni wong liyane?”
4 Saure Yesus, “Balik'a terus ceritakna ngenek'i paran sing sira rungok'en karo sing sira wasen:
5 wong picek bisa ndeleng,
wong lumpuh bisa mlaku,
wong lara kusta diwarasen,
wong budek bisa krungu,
wong mati diuripen maneh,
terus Kabar Apik disampek'en nang wong-wong mlarat.
6 Mendah bungahe saben wong sing orak bimbang nang Reang.”
7 Sak'wise murid-muride Yohanes budal, Yesus ngomong nang wong akeh ngenek'i Yohanes. Yesus guneman, “Sak'durunge melu Reang, ngapa sira pada budal nang ara-ara amba? Apa kepingin ndeleng suket sing diabat-abiten angin? Mestine orak. 8 Utawa apa sira mrana kepingin ndeleng wong sing keklamben apik? Mestine orak, merga wong-wong sing nggawe klambi apik manggon ning kratone raja. 9 Dadi, ngapa maune sira kabeh nang ara-ara amba? Apa kepingin ndeleng nabi? Bener. Tapi gatekna, Yohanes iku ngluwihi sak'kabehe nabi biyen. 10 Merga Pengeran tau guneman nang Reang ngenek'i Yohanes ngene,
‘Delengen, Reang kate ngongkon utusane Reang ndikik'i Sira.
Wong iku bakal nyiapen dalan kanggo Sira.’ (Maleakhi 3:1)
11 “Gunemane Reang iki bener temenan, teka kabeh wong, nanak sing derajate luwih duwur ketimbang Yohanes, sing mbaptis wong. Tapikne wong sing paling cilik sak'njerone Kerajaane Swarga gek luwih duwur derajate ketimbang Yohanes iku. 12 Sak'jeke Yohanes iku molai mbaptis wong sampek sak'iki, Kerajaane Swarga dilawan nang wong kereng sing pada nglakoni keras kanggo nguwasai kerajaan iku. 13 Merga sak'kabehe nabi karo hukum agama Ibrani nyeritak'en kerajaan iku sampek tekane Yohanes. 14 Terus, nek sira kabeh bisa nerima wuruk'ane Reang, Yohanes iku pancene Nabi Elia biyen sing dijanjek'en bakale teka.b 15 Sapa sing duwe kuping, rungokna!”
16 Maringono Yesus guneman maneh, “Njare carane ngumpamak'en wong-wong jaman sak'iki sing orak percaya nang peparan? Wong-wong iki pada karo lare-lare cilik ning pasar sing sesautan siji nang sijine ngene,
17 ‘Reang karo kanca-kanca pada ngidung sing sedih,
tapikne ngapa sira kabeh kok orak nangis?’
‘Reang karo kanca-kanca pada nyuling sing bungah nang sira kabeh,
tapikne ngapa sira kok orak njoget?’
18 “Merga Nabi Yohanes iku teka, terus gelek pasa karo orak ngombe anggur. Merga iku sira orak seneng, terus guneman, ‘Yohanes iki duduk nabi tapi wong sing klebon roh jahat.’ 19 Maringono, Reang, Rajane Menungsa, teka terus mangan karo ngombe anggur ngentah wong biasa. Tapi sira iku gek orak seneng, terus guneman, ‘Wong iki duduk nabi merga brokoh mangane karo doyan ngombe. Wong iki mek kancane tukang narik pajek karo wong sing dusa.’ Nyatane, paran sing digawe wong bisa mbuktek'en nek wong iku bijak apa orak.”
Blai nang kota-kota sing orak tobat
20 Maringono Yesus molai nyalahen kota-kota ning endi luwih akeh mujijat dilakoni ketimbang kota-kota liyane. Masia ngono warga kota-kota iku orak gelem tobat. 21 Yesus nyedani,
“Blai'a wong Ibrani sing ana ning kota Khorasim ambek kota Betsaidac sing orak percaya nang Reang. Kokna mujijate Reang digawe ning kota-kota Tirus ambek Sidon sing jahat biyen iku, mestine wong-wong sing duduk Ibrani iku langsung tobat temenan. 22 Tapi gunemane Reang iki bener temenan, mbesok pas wayahe kiamat, ukumane kota Tirus ambek Sidon gek luwih enteng ketimbang ukumane sira.
23 He, wong Ibrani ning kota Kapernaum sing orak percaya nang Reang! Apa sira mikir sira bakale diunggahen nang swarga? Orak! Sira bakale di'isoren nang neraka. Kokna mujijat sing Tak lakoni ning antarane sira kedaden ning kota Sodomd biyen, wong sing duduk Ibrani iku orak sampek dimusnahen. 24 Tapi gunemane Reang iki bener temenan, pas wayahe kiamat, ukumane kota Sodom gek luwih enteng ketimbang ukumane sira!”
Yesus nedanerima nang Bapak, terus ngundang wong leren
25 Pas iku Yesus ndedunga, “Matur suwun, ya Bapak, Gusti Pengeran sing nguwasai langit karo bumi. Rika sing ngrahasiak'en kabeh iku teka wong-wong pinter karo wong sing duwe kaweruh akeh. Terus Rika nyatak'en rahasia iku nang wong-wong cilik. 26 Ya Bapak, Rika seneng nglakoni ngono.
27 “Sembarang kalir wis diserahen Bapak nang Reang. Nanak sing ngenal Sang Anak, yaiku Reang, sak'liyane Sang Bapak. Terus nanak sing ngenal Sang Bapak sak'liyane Sang Anak, ambek wong-wong sing Tak pilih kanggo ngenal Sang Bapak.”
28 Maringono Yesus guneman nang wong akeh, “Ayo pada teka nang Reang, sira kabeh sing kerasa payah karo duwe tanggungan abot. Reang bakale nyegeren sira. 29 Manuta nang wulangan sing Tak gewehen, terus sinaua teka Reang. Merga Reang iki orak gendak, ya orak kasar. Terus batine sira bakale ayem tentrem. 30 Pancene, wulangane Reang gawe ati seneng, ya prentah sing Tak gewehen iku enteng.”