Muride Yesus didadek'en utusan
10
Maringono, Yesus nyeluk rolas muride, terus nggenehi kuwasa cekne bisa nundung roh-roh jahat karo marasen sembarang kalir lara-larane wong. 2 Jenenge rolas utusana iku ngene:
Sing kawitan, Simon, sing celuk'ane Petrus
karo adekne sing jenenge Andreas,
terus Yakobus, anak'e Pak Sebedeus,
karo adekne sing jenenge Yohanes,
3 terus Filipus
karo Bartolomeus,
terus Tomas
karo Matius sing maune dadi tukang narik pajek,
terus Yakobus, anak'e Pak Alfeus,
karo Tadeus,
4 terus Simon, sing dianggep fanatik,b
karo Yudas Iskariot sing masrahen Yesus nang pemimpin-pemimpin agama cekne dipateni.
Yesus ngutus rolas utusane
5 Yesus ngutus rolas utusane iku nggawe pesen iki, “Ajo-ajo nyimpang nang dalan bangsa sing duduk Ibrani, ya ajo mlebu desane wong Samaria. 6 Budala nang wong Ibrani tok, sing urip memper domba-domba sing keblasuh. 7 Budala terus sampekna, ‘Kerajaane Swarga wis parek.’ 8 Warasna wong lara, uripna wong mati, pulihna wong kusta, tundungen roh-roh jahat. Sira orak mbayar terus nerima kabeh berkah iki. Mangkane, gewehna berkah-berkah iki nang wong, ajo njaluk bayaran.
9 “Ajo nggawa picis emas, perak, utawa tembaga njerone sabuk'e sira. 10 Ajo nggawa bontotan ning dalan, ya pisan ajo nggawa serepan sandangan, sandal utawa teken. Merga wong sing nyambut gawe pantes nerima olehe. 11 Nek'e sira mlebu nang salah sijine kota utawa desa, golek'a wong sing gelem terima sira ning umahe. Nginepa ning kono sampek sira budal maneh. 12 Nek'e mlebu nang umahe wong, sampekna salam nang keluarga iku. 13 Nek'e keluarga iku pantes nerima salame sira, wong iku bakal diberkahi damang. Nek'e salame sira ditolak, berkah damang iku bakal mbalik nang sira. 14 Nek'e sira orak diterima, terus orak dirungok'en, metua teka umah utawa kota iku. Kebasen bledug ning sikile sira.c 15 Gunemane Reang iki bener temenan, pas kiamat ukumane kota Sodom karo kota Gomorad biyen gek luwih enteng ketimbang kota iku.”
Siksaan merga melu Yesus
16 “Gatekna, Reang ngutus sira ngentah domba ning tengahe kerek-kerek ajag. Dadi sira kudu pinter kaya ula mbarek tulus kaya manuk dara.
17 “Tapi sing ati-ati nang kabeh wong. Ana sing kate nyerahen sira nang Mahkamah Agama, ya ana sing kate mecuti sira ning balai agama. 18 Terus sira bakal digawa ngadepi gubernur-gubernur karo raja-raja merga melu Reang. Sira bisa nyeritak'en Reang nang penguwasa-penguwasa iku, ya nang wong-wong sing duduk Ibrani. 19 Pas diserahen nang sidang, ajo kuwatir nang paran sing kudu disampek'en utawa njare carane ngomong. Paran sing kudu sira guneman bakal digenehi nang sira pas wayah iku. 20 Merga duduk sira sing guneman, tapi Rohe Bapakne sira sing guneman ngliwati sira.
21 “Salah sijine dulur bakal nyerahen dulure dewe cekne diukum pati. Ya ngono uga bapak nang anak'e dewe. Anak-anak bakal nglawan wong tuwek'e dewe sampek diukum pati. 22 Sira bakal disengiti kabeh wong merga percaya nang jenenge Reang. Tapi sapa sing setia sampek pungkasane bakale dislameten. 23 Nek sira disiksa ning salah sijine enggon, mlayua nang enggon liya. Gunemane Reang iki bener temenan, sak'durunge sira marek'en mlakune sira ngliwati saben desa ning Israel Rajane Menungsa bakale teka.
24 “Murid orak luwih penting ketimbang gurune. Ya budak orak luwih penting ketimbang jeragane. 25 Wis cukup murid iku dadi memper gurune, ya budak dadi memper jeragane. Nek Reang, sing duwe umah, wis diarani Iblis,e apa maneh sira, balane Reang, bakal dipitnah!”
Wedia nang Pengeran, duduk nang menungsa
26 “Ajo sira wedi nang wong-wong iku. Nanak sing disingeten sing bakal orak dinyatak'en. Nanak sing dirahasiak'en sing bakal orak diweruhi. 27 Paran sing Tak kandani ning pepeteng, kabarna ning padang. Terus paran sing Tak bisik'i ning kupinge sira, sebarna teka pucuk'e umah-umah. 28 Ajo sira wedi nang wong sing bisa mateni ragane wong, tapi orak bisa mateni jiwane wong. Sewalik'e, wedia nang Pengeran sing bisa musnahen lelorone, raga ambek jiwa, ning neraka.
29 “Manuk pipit sing kabehe loro didol paling murah ning pasar. Masia ngono nanak sesijia teka manuk iku sing mati nek orak kekarepane Bapakne sira. 30 Terus sira, nanak sesijia rambut ning ndase sira sing durung keitung kehe. 31 Merga iku, ajo sira wedi, sira luwih diajeni Pengeran timbangane manuk pipit sing akeh.
Ngakoni Yesus ning ngarepe wong liya
32 “Saben wong sing ngakoni melu Reang ning ngarepe wong-wong liya, Reang ya pisan bakal ngakoni wong iku ning ngarepe Bapakne Reang ning swarga. 33 Tapikne, sapa wae sing nolak Reang ning ngarepe wong-wong liya, Reang ya pisan bakal nolak wong iku ning ngarepe Bapakne Reang ning swarga.
34 “Ajo sampek sira nyangka, nek'e Reang wis teka kanggo nggawa rerukunan ning antarane menungsa! Duduk rerukunan sing Tak gawa tapikne memusuhan. 35 Reang wis teka cekne gawe:
anak sing lanang nglawan bapakne,
anak sing wedok nglawan emakne,
ya mantu sing wedok nglawan maratuane sing wedok,
36 cekne sing dadi musuhe wong, yaiku keluargane dewe.
37 “Sapa wae sing welas asih nang bapak karo makne luwih teka Reang, orak pantes dadi muride Reang. Terus, sapa wae sing welas asih nang anak'e sing lanang utawa wedok luwih teka Reang, orak pantes dadi muride Reang. 38 Sapa wae sing orak siap mati entah wong sing mikul salibef orak pantes dadi muride Reang. 39 Sapa sing nggecek'i uripe ning ndunya, uripe ning swarga bakale ilang. Tapi sapa sing siap mati merga melu Reang, wong iku bakal olehi urip langgeng. 40 Sapa wae sing nerima sira, ya pada wae nerima Reang. Terus sapa sing nerima Reang, ya nerima Bapak sing ngutus Reang pisan. 41 Sapa sing nerima wong nabi merga wong iku nabi, ya bakale nerima ganjaran sing digewehi Pengeran nang wong nabi. Terus sapa sing nerima wong sing bener merga wong iku bener, ya bakale nerima ganjaran sing digewehi Pengeran nang wong bener. 42 Umpamane, nek ana wong sing nggenehi mek sak'cingkir banyu seger nang salah sijine wong cilik iki, merga wong iku dadi muride Reang, sak'temene bener, wong iku orak bakal kilangan ganjarane.”