Yesus marasen wong lumpuh
9
Yesus munggah prau, nyebrang ranu, terus teka nang desane dewe, yaiku Capernaum. 2 Pas iku ana sing nggotong wong lumpuh ning klasa. Ndeleng iku, Yesus weruh wong-wong iku percaya nang kuwasane. Terus Yesus guneman nang wong lumpuh iku, “Bungaha le, dusane sira wis disepura.”3 Pas krungu iku, pepirang ahli agama Ibrani ngedumel, “Wong iki ngenyek Pengeran!”
4 Tapikne Yesus wis weruh paran sing dipikiren wong-wong iku, terus guneman, “Ngapa sira kok mikir elek ning atine sira? 5 Nek Reang guneman, ‘Dusane sira Tak sepura,’ utawa ‘Larane sira Tak warasen,’ sing endi luwih ewoh Tak buktek'en? 6 Reang iki Rajane Menungsa.a Dadi Reang duwe kuwasa ning ndunya kanggo nyepura dusane wong. Delengen, iki buktine.” Terus Yesus guneman nang wong lumpuh iku, “Tangia, jupuk'en klasane sira, terus muliha.”
7 Memara wong lumpuh iku tangi ning ngarepe wong akeh terus moleh. 8 Kabeh wong sing ana ning kono pada wedi, terus muji Pengeran sing nggewehi kuwasa sak'gedene iku nang menungsa.
Yesus nyeluk Matius, terus mangan bebarengan wong dusa
9 Marine iku Yesus metu, terus campuh karo wong tukang narik pajek, sing jenenge Pak Matius. Pas iku Matius gek nyambut gawe ning panggonan mbayar pajek. Yesus guneman, “Ayo melua Reang!” Matius ngadek, ninggalen penggaweane, terus melu Yesus.

Matius ngadek, terus melu Yesus (9:9)
10 Maringono Matius nganak'en syukuran kanggo Yesus ning umahe. Akeh wong tukang narik pajek, wong dusa, karo muride Yesus melu mangan bebarengan. 11 Tapi ana wong-wong Farisi sing ndeleng iku terus guneman nang murid-muride Yesus, “Ngapa sira kok mangan bebarengan karo wong-wong tukang narik pajek ambek wong-wong dusa?”
12 Yesus krungu terus njawab, “Duduk wong waras sing mbutuh diwarasen, tapi wong sing lara. 13 Tapi budala terus sinaua Kitab Suci sing unine ngene:
‘Sing Reang arep iku welas, duduk korban sesajen.’ (Hosea 6:6)
“Merga Reang teka duduk kanggo ngejak wong sing nurut dewe bener, tapikne kanggo ngejak wong dusa cekne tobat teka dusa-dusane.”
Sapa sing kudu pasa?
14 Maringono murid-muride Nabi Yohanes marek'i Yesus terus takon, “Ngapa kok kene ambek wong-wong Farisi gelek pasa, tapikne murid-muride Rika kok memangan karo ngombe tok?”
15 Terus Yesus njawab gawe paribasan ngenek'i Awak'e dewe, “Kemanten lanang orak kira ngongkon kanca sinoman pasa pas teka nang slametan. Tapi ana wayahe kanca-kancane kemanten lanang iku mestine pasa, yaiku pas kemanten lanang iku mau dijupuk teka kanca-kancane.”
16 Maringono Yesus nyeritak'en paribasan maneh nang wong-wong iku, “Nanak wong sing nggawe klambi anyar kanggo nambal klambi lawas sing bolong. Pas diumbah, tambalan anyar iku bakale mengkeret terus bolong iku mau dadi luwih gede.
17 “Terus, nanak wong sing ngiseni anggur anyar ning kantong kulit lawas, sing orak bisa mekar maneh. Merga kantong teka kulit sing lawas iku bakale mbledos teka glembunge anggur anyar iku. Nek ngono, anggure kebuang ambek kantonge ya rusak pisan. Tapikne banyu anggur sing anyar kudu dilebok'en nang kantong kulit sing anyar. Nek ngono, lelorone slamet.”
Yesus marasen wong wedok karo lare enom
18 Pas Yesus gek guneman, ana pemimpin balai agama sing teka terus sujud. Gunemane ngene, “Anak wedok'e reang gek entas mati. Tapi nek Rika teka, terus ndeleh tangane Rika ning duwure anak iku, mestine diuripen maneh.”

Pemimpin balai agama teka, terus sujud (9:18)
19 Maringono Yesus bebarengan murid-muride ngetuten wong iku. 20 Ning tengahe dalan ana wong wedok sing lara ngetok'en getih wis rolas taun suwene. Mara-mara wong wedok iku marek'i Yesus teka mburi terus ndumuk pucuk jubahe Yesus. 21 Wong wedok iku nglakoni iku merga mikir, “Nek ndumuk pucuk jubahe Yesus wae, esun mesti waras.”
22 Yesus noleh mburi nguwasen wong wedok iku, terus guneman, “Bungaha anak'e Reang. Sira waras merga percaya nang Reang.” Sekala iku uga wong wedok iku waras.
23 Maringono Yesus nerusen mlaku nang umahe pemimpin balai agama. Yesus nguwasen ning umah iku ana pepirang wong nembang nggawe suling kanggo slametan ngubur terus akeh wong sing ribet nangis. 24 Yesus guneman, “Metua! Lare iku orak mati, mek turu.”
Wong-wong iku ngguyu-ngguyu Yesus. 25 Sak'wise wong-wong iku dikongkon metu, Yesus mlebu nang kamar terus nyekel tangane lare iku. Terus lare iku diuripen maneh. 26 Kabar iku nyebar nang kabeh daerah.
Yesus marasen akeh wong
27 Pas Yesus ninggalen enggon iku, wong picek loro melu Yesus. Wong picek iku melung-melung ngene, “Yesus mesakna kene, he Anak'e Raja Daud!”
28 Yesus mlebu nang umah, terus wong picek loro iku melu pisan. Yesus takon nang wong picek iku, “Apa sira percaya nek Reang bisa marasen sira?”
Semaure wong picek loro iku, “Ya Gusti, kene percaya.”
29 Maringono Yesus ndumuk mripate wong picek iku terus guneman, “Dadia persis sing sira percaya!” 30 Terus wong picek iku bisa melek maneh. Yesus mekas temenan, “Ajo didongengen nang sapa-sapa.”
31 Tapikne, wong loro iku tetep nyeritak'en ngenek'i Yesus nang sak'kabehe daerah iku.
32 Pas wayahe wong loro iku metu, ana wong bisu sing dirasuk'i roh jahat digawa nang Yesus. 33 Yesus nundung roh jahat iku teka awak'e wong bisu iku, terus wong bisu iku bisa guneman maneh. Wong akeh sing ana ning kono iku gawok terus guneman, “Kene orak tau nguwasen kedadean kayak iki ning Israel.”
34 Tapikne wong Farisi guneman, “Yesus nundung roh-roh jahat nggawe kuwasane Iblis, yaiku rajane roh-roh jahat.”
Yesus mesak'en nemen nang wong akeh
35 Yesus ngliwati kabeh kota karo desa ning Yudea. Yesus mulang ning balai-balai agama ambek nyeritak'en Kabar Apik, yaiku Raja Pilihane Pengeran wis kate mrentah. Yesus uga marasen sak'kabehe larane wong. 36 Yesus nguwasen wong akeh terus rumangsa mesak'en nemen merga wong akeh iku keganggu pikire ambek mbutuhen pitulungan. Wong kabeh iku memper domba tapi nanak sing angon. 37 Maringono Yesus madak'en wong akeh iku memper gaga nang murid-muride, “Panenan pancene akeh, tapikne sing nyambut gawe mek titik. 38 Merga iku ndedunga'a nang Sing Duwe Panen iku cekne ngirimi wong-wong sing nyambut gawe kanggo panenan iki.”