Yesus marasen wong sing lara kusta
8
Yesus mudun teka pusung iku, terus akeh wong sing ngetuten. 2 Ana wong sing lara kusta teka nang Yesus. Wong iku sujud ning ngarepe Yesus terus guneman, “Guru, nek Rika gelem, Rika duwe kuwasa marasen reang.”3 Yesus ngelungen tangane, terus nyandak wong iku. Yesus guneman, “Reang gelem. Warasa!” Sekala iku uga, kustane ilang teka wong iku sampek waras. 4 Yesus guneman nang wong iku, “Ajo sira ndongengen nek Reang marasen sira nang sapa wae. Tapikne dudohna awak'e sira nang pengarepe sembahyang. Genehana korban sing dikongkonen ning kitabe Nabi Musa. Iku cara mbuktek'en nek sira wis waras.”
Yesus marasen budak'e perwira
5 Yesus budal nang kota Kapernaum. Pas Yesus mlebu nang kota iku, ana perwira Romawi sing teka nang Yesus, terus njaluk tulung. 6 Perwira Romawi iku guneman nang Yesus, “Gusti, budak'e reang iku lara nemen ning umah. Nggletak lumpuh terus klaran nemen.”

Guru, budak'e reang lara. (8:6)
7 Yesus guneman nang perwira Romawi iku, “Reang bakale teka kate marasen.”
8 Perwira Romawi iku semaur, “Gusti, reang orak pantes nerima Rika ning umahe reang. Sing perlu Rika lakok'en mek guneman, ‘Warasa,’ mesti budak'e reang iku bakale waras. 9 Merga reang iki duwe pemimpin, terus sak'isore reang ana akeh prajurit. Nek reang guneman ‘Budal!’ mesti budal. Nek reang guneman nang prajurit liya, ‘Renea!’ mesti prajurit iku teka. Nek budak'e reang dikongkon, ‘Lakokna iki!’ mesti dilakok'en.”
10 Pas krungu iku, Yesus gawok, terus guneman nang murid-muride, “Gunemane Reang iki bener temenan, Reang gek durung tau nemok'en sesijia wong, masia ning antarane wong Ibrani, sing percaya temenan nang Reang memper wong sing duduk Ibrani iki. 11 Mbesok akeh wong sing asale wetan mbarek kulon bakale teka, terus lungguh karo mangan bebarengan Abraham, Isak karo Yakub ning slametane Kerajaane Swarga. 12 Tapi ahli waris kerajaana iku kate dibuang metu, nang enggon sing peteng. Ning kono wong-wong iku bakale nangis temenan ambek kemretek untune.”
13 Maringono Yesus guneman nang perwira Romawi iku, “Muliha! Dadia pada karo sing sira percaya.” Sekala iku uga, budak'e perwira iku waras.
Yesus marasen wong akeh
14 Yesus budal nang umahe Petrus. Pas wis teka ning kana, Yesus ndeleng emak maratuane Petrus turu ning amben, lara greges nemen. 15 Yesus ndumuk tangane, terus sekala iku waras. Terus emak iku tangi ngladeni Yesus.
16 Pas wayahe sore akeh wong nggawa wong-wong sing dikuwasai roh-roh jahat nang Yesus. Guneman sak'kecap wae Yesus nundung roh-roh iku, terus Yesus marasen wong-wong sing lara. 17 Yesus nglakoni kabeh iku mau cekne sing ditulis Nabi Yesaya biyen dinyatak'en:
“Abdine Pengeran wis njupuk larane kene,
terus mikul sarane kene.” (Yesaya 53:4)
Sapa sing kepingin melu Yesus
18 Sak'marine ndeleng wong akeh sing ngubengi Awak'e dewe, Yesus ngongkon murid-muride budal nang sabrange ranu. 19 Ning kono ana ahli agama Ibrani teka nang Yesus terus guneman, “Guru, reang arep melu Rika nangdi wae Rika budal.”
20 Yesus semaur, “Kerek ajag nduwe glowok'an, manuk nduwe susuh, tapikne Rajane Menungsab orak nduwe panggonan gawe leren.”
21 Terus ana murid liyane sing guneman, “Gusti Yesus, olehana reang budal dikek ngubur bapakne reang. Maringono reang bakale melu Rika.”
22 Tapi Yesus semaur nang wong iku, “Melua Reang. Kepe wong sing mati ragane dikubur nang wong sing mati imane.”
Yesus ngendek'en angin gede
23 Maringono Yesus munggah nang prau bebarengan murid-muride sing melu. 24 Mara-mara teka angin gede ning ranu iku. Ombak'e nutupi prau iku. Pas iku Yesus gek turu. 25 Murid-murid iku marek'i Yesus, digugah, terus guneman, “Guru, tulungana! Kene kate klelep!”
26 Yesus semaur, “Ngapa sira iku wedi? Ngapa sira kurang percaya nang Reang?” Sak'wise iku Yesus ngadek, ngendek'en angin ambek ranu iku, terus angin iku mandek, ya ranu iku dadi anteng.
27 Murid-murid iku gawok terus guneman, “Sapa ya, Wong iki? Angin gede karo ombak kok manut nang Wong iki?”
Yesus nundung roh jahat
28 Yesus teka ning sabrange ranu, yaiku daerahe wong Gadara. Terus wong loro sing kerasukan roh-roh jahat langsung nemoni Yesus. Wong loro iku manggon ning kuburan. Wong-wong iku medeni nemen sampek nanak wong sing wani ngliwati dalan iku. 29 Wong loro iku teka nang Yesus terus melung-melung, “He Anak'e Pengeran! Paran urusane Sira ambek kene? Apa Sira teka kate nyiksa kene sak'durunge wayahe?”
30 Orak adoh teka iku ana enggon sing digawe ngrumati babi-babi. 31 Roh-roh jahat iku njaluk nang Yesus, “Nek Sira nundung kene teka wong loro iki, olehana kene mlebu nang babi-babi ika.”
32 Semaure Yesus, “Budala!”
Dadi roh-roh jahat iku ninggalen wong loro iku terus mlebu nang babi-babi iku. Dadi roh-roh jahat iku metu teka wong loro iku mau, terus mlebu nang babi iku. Mara-mara babi-babi iku pada mlayu nang curah ning pinggire ranu, nyemplung ning ranu, terus mati klelep. 33 Wong sing njaga babi iku keweden, terus budal nang kota ndongengen paran sing kedadean nang babi-babi iku karo wong loro sing kerasukan roh-roh jahat iku mau.
34 Sak'kabehe warga kota iku metu nemoni Yesus. Tapi pas ndeleng Yesus, wong-wong iku njaluk temenan cekne Yesus ninggalen daerah iku.