Ajo ngakimi wong
7
“Ajo ngakimi wong liya, cekne Pengeran orak ngakimi sira. 2 Nek sira ngakimi wong liya, sira bakale diakimi memper sira ngakimi wong iku. Carane sira ngukur wong liya, ngono uga Pengeran bakal ngukur sira. 3 Njare sira bisa ndeleng tuma siji ning ndase kancane, tapi ndase sira dewe sing akeh tumane orak sira deleng? 4 Njare sira bisa guneman nang dulure sira, ‘Tak petani ya, tumane sira sing siji iku?’ tapikne ndase sira dewe sing akeh tumane orak dipetani. 5 He wong sing apen-apen apik, petanana dikek tuma sing ngebek'i ndase sira dewe. Teruse sira bisa metani tuma ning ndase kancane. a6 “Ajo sira muruk'i paran sing suci nang wong sing watek'e memper kerek. Engko wong-wong iku mbalik nyerang sira. Terus ajo buang pengerten rohani nang wong sing watek'e memper babi. Merga wong-wong iku mek ngidek-ngidek sing suci iku.” b
Njaluk'a paran sing sira butuhen nang Pengeran
7 “Jaluk'a, terus Pengeran bakale nggenehi nang sira. Golek'ana, terus sira bakale nemok'en. Trotoken lawange, terus lawang iku bakale dibukak'en. 8 Sapa wae sing sabar njaluk, bakale nerima paran sing dijaluk. Sapa wae sing mantep nggolek'i, bakale nemok'en paran sing digolek'i. Terus sapa wae sing teterusan nrotok lawang, lawange bakal dibukak'en.
9 “Nek anak'e sira njaluk roti, apa sira gewehi watu? Mesti orak. 10 Utawa nek anak'e sira njaluk iwak, apa sira gewehi ula? Mesti orak. 11 Sira kabeh iku menungsa sing jahat, tapikne sira gek weruh nggenehi sing apik nang anak-anak'e sira. Apa maneh Bapakne sira sing ana ning swarga! Mestine Pengeran kate nggenehi sing apik nang sapa wae sing njaluk nang Pengeran. 12 Lakonana nang wong liya paran wae sing sira kepingini wong liya lakok'en nang sira. Urip memper iku wis njangkepi kabeh prentah ning kitabe hukum agama Ibrani karo kitabe nabi-nabi biyen.”
Dalan sing bener
13 “Mlebua nang urip sing langgeng ngliwati lawang sing sesek. Lawang nang neraka iku amba, akeh wong sing mlebu mrana. 14 Lawang sing kebukak nang urip langgeng iku sesek, terus dalane ewoh dieloni. Mek titik wong sing nemok'en lawang iku.”
Kelakuane wong digambaren wohe wit
15 “Sira kudu ati-ati nang nabi-nabi palsu. Wong-wong iku teka nang sira apen-apen duwe watek alus memper domba, tapi asline galak memper kerek ajag. 16 Sira bisa weruh wong iku teka kelakuane. Wong jahat orak ngasilen paran sing apik, pada karo woh anggur utawa woh ara orak metu teka wite eri. 17 Ngono uga wit sing apik bakale ngasilen woh sing apik uga. Teruse wit sing elek ya ngasilen woh sing elek uga. 18 Wit sing apik orak bakal ngasilen woh sing elek, terus wit sing elek orak bakal ngasilen woh sing apik. 19 Saben wit sing nanak wohe apik bakale dibabat terus diobong. 20 Dadi sira bakale weruh nabi-nabi palsu teka kelakuane.
21 “Orak kira saben wong sing mek nyeluk-nyeluk Reang, ‘Gusti! Gusti!’ bakal mlebu nang Kerajaane Swarga. Mek wong sing nglakoni kekarepane Bapakne Reang sing ana ning swarga diolehi mlebu. 22 Pas dina pungkasan, engko akeh wong sing bakal guneman nang Reang, ‘Gusti, Gusti, kene wis guneman nggawe jenenge Rika. Terus nggawe jenenge Rika kene wis nundung roh-roh jahat, ya nglakok'en akeh mujijat.’ 23 Reang kate nyauri blak-blakan nang wong-wong iku, ‘Budala teka ngarepe Reang, he sira wong sing nglakoni jahat!’ ”
Wong sing ngrungok'en terus nurut ketimbang wong sing mek krungu tok
24 “Wong sing ngrungok'en terus nglakoni wulangane Reang, wong iku memper wong pinter mbangun umah sing pondasine nggawe watu. 25 Maringono ana udan gede teka terus ana banjir pisan. Udan angin nerak umah iku, tapikne umah iku tetep ngadek kuwat, merga pondasine digawe teka watu.
26 “Tapikne, wong sing mek ngrungok'en tapi orak nglakoni wulangane Reang, wong iku memper wong goblok mbangun umah sing pondasine ning nduwure wedi. 27 Maringono ana udan gede teka, terus ana banjir pisan. Udan angin nerak umah iku, terus umah iku rubuh sampek ajur.”