Cara nggewehi sing bener
6
Yesus nerusen wulangane, “Sing ati-ati! Sira ajo mameren penggawean apik'e sira ning ngarepe wong-wong liya kepe sira digatek'en. Nek sira nglakoni iku mau, sira orak bakal nerima ganjaran apik teka Bapakne sira sing ana ning swarga. 2 Pas sira nggewehi sedekah, ajo sampek wong liya weruh. Ajo nglakoni barang sing pada mbarek wong sing apen-apen apik. Wong-wong iku nyebul slompret pas nggewehi sedekah ning balai-balai agama mbarek ning dalan-dalan, kepe diajeni wong. Sak'temene Gunemane Reang iki bener temenan, masia oleh ganjaran diajeni wong, nanak ganjaran maneh teka Pengeran.3 “Tapi, pas sira kate nggewehi sedekah, gewehana meneng-menengan. Ajo sampek wong liya weruh paran sing dilakoni masia iku balane dewe. 4 Paran sing sira gewehen kudu digewehen meneng-menengan. Bapakne sira ning swarga bisa ndeleng paran sing sira lakoni, masia orak katok wong liya. Terus Bapakne sira bakale nggewehi ganjaran apik nang sira.”
Cara ndedunga sing bener
5 “Pas ndedunga, ajo sampek sira ndedunga persis wong sing apen-apen apik. Wong-wong iku senengane ngadek mbarek ndedunga ning balai agama utawa ning prapatan dalan kepe dideleng wong. Sak'temene, masia oleh ganjaran diajeni wong, nanak ganjaran maneh teka Pengeran.
6 “Tapi, pas sira ndedunga, mlebua ning kamare sira, tutupen lawange karo ndunga'a nang Bapakne sira sing orak katok. Bapakne sira bisa ndeleng paran sing sira lakoni masia orak katok wong liya. Terus Bapakne sira bakale nggewehi ganjaran nang sira.
7 “Apa maneh, pas sira ndedunga, ajo ndedunga kakean macem persis wong sing orak ngenal Pengeran. Dungane wong-wong iku nggawe akeh guneme merga nyangka dunga sing dawa bakal dijawab Pengeran. 8 Ajo tetiru wong-wong iku. Merga Bapakne sira wis weruh paran sing sira butuhen sak'durunge sira njaluk. 9 Dadi ndunga'a memper ngene,
‘Bapakne kene sing ana ning swarga,
dadekna jenenge Rika diajeni.
10 Tekakna Kerajaane Rika ning ndunya,
cekne kekarepane Rika didadek'en ning ndunya iki,
persis didadek'en ning swarga.
11 Gewehana kene dina iki panganan sing sak'cukupe.
12 Sepuranen kabeh dusane kene,
persis kene ya nyepurani wong sing duwe salah nang kene.
13 Adohna kene teka cobaan,
terus uculna kene teka kuwasane Iblis.a
[Merga Rika sing nduweni kerajaan, kuwasa, karo kamulyan,
sampek sak'lelawase! Amin.]’b
14 “Nek'e sira nyepurani wong liya sing duwe salah nang sira, Bapakne sira ning swarga ya bakal nyepurani dusane sira. 15 Tapi nek'e sira orak bisa nyepurani wong sing duwe salah nang sira, Bapakne sira ning swarga ya orak bakal nyepurani dusane sira.”
Cara pasa sing bener
16 “Pas sira pasa, ajo sampek ndudohen praen susah, persis sing dilakoni wong sing apen-apen apik iku. Wong-wong iku nggosok raine katek lemah gawe ndudohen nek awak'e pasa. Sak'temene gunemane Reang iki bener, masia oleh ganjaran diajeni wong, nanak ganjaran maneh teka Pengeran.
17 “Tapi pas sira pasa, gawenen awak'e sira seger. Raupa, ya gawanen lenga wangi ning ndase sira 18 kepe wong-wong orak weruh nek sira iku pasa. Tapikne Bapakne sira sing orak katok, bakale ndeleng sira. Bapakne sira ndeleng paran wae sing sira lakoni masia orak katok wong liya. Terus Bapakne sira bakale nggenehi ganjaran apik nang sira.”
Nglakoni apik iku memper dunya brana sing sejati
19 “Ajo nglumpuk'en dunya brana ning ndunya gawe awak'e sira dewe. Rayap ambek teyeng bakale ngrusak dunya brana iku. Maling ya bisa mlebu ning njero umahe sira terus nyolong kabeh iku mau. 20 Dadi simpenen dunya sejati ning swarga. Merga dunya sejati ning swarga orak bisa dirusak rayap ambek teyeng. Ya maling orak bisa mlebu terus nyolong. 21 Ning endi dunyane sira ana, ning kono pisan pikire sira ana.
22 “Mripat iku memper teplok'e raga. Nek mripate wong mek nguwasen Pengeran tok, sak'kabehe ragane dipadangi. 23 Tapi, nek mripate wong mek nguwasen picis tok, sak'kabehe ragane peteng. Dadi, nek padang sing ana ning sira iku dadi peteng, uripe wong iku peteng temenan!
24 “Nanak sesijia uwong sing bisa nyambut gawe kanggo jeragan loro ning wayah sing pada. Nek ngono, wong iku bakale sengit nang jeragan sing siji, tapi melasi jeragan sing sijine. Utawa wong iku bakale nurut nang jeragan sing siji, mbarek nolak jeragan sing sijine. Persis iku mau, sira orak bisa nyambut gawe kanggo Pengeran karo dunya brana ning wayah sing pada.”
Ajo kuwatir
25 “Mangkane Reang guneman, ajo sira kuwatir mbarek pangan utawa ngombe sing sira butuhen gawe urip. Ya ajo kuwatir ngenek'i klambi sing kudu sira gawe. Urip iki luwih penting ketimbang panganan. Ya ragane sira luwih penting ketimbang klambi. 26 Delengen manuk ning awang-awang: Nanak sing manja utawa manen utawa nyimpen panganan ning pondok. Tapikne Bapakne sira sing ana ning swarga nggewehi manuk iku mangan. Apa sira orak weruh nek sira iku luwih penting ketimbang manuk iku?
27 “Apa ana ning antarane sira iki sing, merga kuwatir mikiren sesok, bisa nambahi umure sak'titik wae? 28 Ngapa kok sira kuwatir ngenek'i sandangan? Delengen kembang-kembang ning gaga. Delengen carane kembang-kembang iku bisa ayu, masia orak nyambut gawe, ya orak nenun cekne duwe sandangan. 29 Tapikne gunemane Reang iki bener temenan, nek Salomo, raja sing sugih temenan iku, orak tau nggawe sandangan sing apik'e tiru salah siji teka kembang-kembang iku. 30 Pengeran wae nggewehi sandangan sing apik gawe suket alas, masia suket iku mek urip sak'dina, terus sesok dibuang ning njero geni. Nek ngono, apa maneh Pengeran ya bakale nggewehi sandangan nang sira, he sira sing cilik imane.
31 “Dadi, ajo sira kuwatir sampek guneman, ‘Sesok, paran sing kate kene pangan?’ utawa ‘Paran sing kate kene ombe?’ utawa ‘Paran sing kate kene sandang?’ 32 Kabeh wong sing orak ngenal Pengeran ngentek'en wektune gegolek barang-barang iki mau. Bapakne sira sing ana ning swarga weruh nek sira mbutuhen kabeh iku. 33 Tapi, sing paling penting, usaha dadi warga Kerajaane Swarga sing manut, sing nglakoni kekarepane Pengeran. Terus, kabeh sing sira butuhen bakal digewehen ning sira. 34 Dadi, sira orak usah kuwatir nang dina sesok, merga dina sesok nduweni cobaan dewe. Saben dina duwe cobaan dewe-dewe sing cukup.”