Sapa sing bebungah
5
Pas nguwasen wong akeh, Yesus munggah pusung, terus lungguh ning duwure. Murid-muride pada nglumpuk ning sak'ubenge Yesus.
Yesus lungguh ning duwure pusung ambek mulang (5:1)
2 Yesus mulang nang murid-murid iku ngene,
3 “Bungah temen wong sing nanak dayane terus uripe pasrah nang Pengeran. Wong iku wis dadi wargane Kerajaane Swarga.
4 Bungah temen wong sing sak'iki nelangsa. Atine bakal ditambani Pengeran.
5 Bungah temen wong sing orak gendak. Wong iku bakale marisi ndunya.
6 Bungah temen wong sing luwe karo ngelak kanggo paran sing bener. Wong iku bakale dilegak'en Pengeran.
7 Bungah temen wong sing mesak'en nang wong liya. Wong iku bakale dimesak'en nang Pengeran.
8 Bungah temen wong sing atine suci. Wong iku bakale ngenal Pengeran.
9 Bungah temen wong sing nggawa damang antarane menungsa. Wong iku bakale diarani anak'e Pengeran.
10 Bungah temen wong sing disiksa merga nglakoni paran sing bener. Wong iku wis dadi warga Kerajaane Swarga.
11 Bungah temen sira, nek wong liya ngenyek ambek nyiksa sira, terus maneh mitnah sira mergane sira melu Reang. 12 Bungaha karo senenga, merga ganjarane sira gede sing wis dicepak'en gawe sira ning swarga. Ilinga! Nabi-nabi biyen ya disiksa persis sira iku.”
Uyah karo padang
13 “Sira kabeh iku memper uyah kanggo ndunya iki. Tapi nek uyah dadi cebek, uyah iku orak bisa maneh digawe asin. Nek rasa asine uyah iku ilang, uyah iku orak kanggo. Uyah iku mesti dibuang nang njabane umah, terus di'idek-idek wong.
14 “Sira iku padang kanggo ndunya. Kota sing ana ning duwur pusung orak bisa disingeten. 15 Terus nanak wong sing nyumet cempluk terus ditutupi karo wakul. Sak'jane wong iku ndeleh cempluk ning enggon sing luwih duwur. Terus ngono, saben wong sing ana ning njerone umah pada oleh pepadangan. 16 Ngono uga, sira kudu dadi padang gawe wong liya, cekne wong liya bisa nguwasen kelakuan apik sing sira lakoni. Dadine wong-wong iku mulyak'en Bapakne sira sing ana ning swarga.”
Yesus karo hukum agama Ibrani
17 Yesus nerusen gunemane, “Ajo sampek sira nyangka, nek'e Reang wis teka kanggo ngilangen hukum agama Ibrani utawa wuruk'ane nabi-nabi. Reang teka orak gawe ngilangen wuruk'an-wuruk'an iku, tapi gawe njangkepi. 18 Gunemane Reang iki bener temenan, langit karo bumi orak bakale sirna sak'durunge kabeh isine hukum agama iku dijangkepi.
19 “Mangkane, umpamane ana wong sing orak nurut nang prentah-prentah ning hukum agama iku sing paling enteng, terus ngejak wong liya orak nurut pisan. Wong iku bakale dianggep paling cilik ning Kerajaane Swarga. Tapi, nek ana wong sing nurut nang prentah-prentah iku, terus muruk'i wong liya cekne nurut pisan, wong iku bakale dianggep gede ning Kerajaane Swarga.
20 “Gunemane Reang iki bener temenan, uripe sira kudu dadi luwih bener timbangane ahli-ahli agama karo wong-wong Farisi. Nek orak, sira orak bisa dadi warga Kerajaane Swarga.”
Memoring iku pada karo mateni wong
21 “Sira tau krungu sing wis diwuruk'i nang mbah buyute kene biyen, yaiku, ‘Ajo mateni wong.’ Terus, sing mateni wong bakale dihukum. 22 Tapikne Reang mulang nang sira, nek'e sira memoring nang dulure sira, sira bakale dihukum. Nek'e sira ngenyek wong liya, sira bakale diadili, terus diukum. Nek'e sira ngelok'en wong liya, 'Keplek,' sira pantes dibuang sak'njerone genine neraka.
23 “Mangkane, nek'e sira gek nggawa sesajen nang ngarepe Pengeran, terus sira iling ana dulur sing memoring nang sira, 24 tinggalen dikek sesajene sira ning mesbah iku. Terus budala sira nang dulure, terus njaluk sepura cekne rukun maneh. Sak'wise iku sira oleh teka nggewehen sesajen nang Pengeran.
25 “Umpamane ana wong sing nyalahen sira sampek nggawa sira nang hakim. Rekadayakna rukun maneh sing cepet karo wong iku sak'durunge njebul nang sidang. Nek'e sira orak rukun, wong iku bakale nyerahen sira nang hakim, hakim bakale nyerahen sira nang sing jaga bui, terus sira bakale dilebok'en bui. 26 Gunemane Reang iki bener temenan, sira orak bakale metu teka bui iku sampek sira bisa bayar kabeh utange sira iku!”
Ajo jinah ning atine
27 “Sira tau krungu sing wis diwuruk'i, ‘Ajo jinah.’ 28 Tapikne Reang mulang nang sira, nek'e ana wong sing nguwasen wong wedok sampek pikirane ngeres, wong iku wis nglakoni jinah mbarek wong wedok iku sak'njerone atine. 29 Nek mripat tengene sira nggarai sira dusa, cuplik'en mripat iku, terus buangen. Luwih apik sira kilangan mripat timbang awak'e sira gek wutuh tapi mlebu neraka. 30 Nek tangan tengene sira nggarai sira dusa, tugelen tangan iku, terus buangen. Luwih apik salah siji tangane sira kudung, timbang awak'e sira gek wutuh tapi mlebu neraka.
Ajo pegatan
31 “Tau diwuruk'i, ‘Saben wong lanang sing megat bojone kudu nggewehi surat pegat.’ 32 Tapikne Reang mulang nang sira nek'e wong sing megat bojone, kejaba sing wedok nglakoni jinah, wong iku nggarai bojone nglakoni jinah.a Terus sapa wae sing ngrabi wong wedok sing dipegat iku, ya nglakoni jinah pisan.”
Ajo sumpah
33 “Sira tau ngrungok'en sing wis diwuruk'i nang mbah buyute kene biyen, ‘Ajo sampek blenjani sumpahe sira sing dilakoni ning ngarepe Gusti Pengeran.’ 34 Tapikne Reang mulang nang sira, ajo sumpah. Ajo ngucapen sumpah nggawe swarga sing dadi tebusane, merga swarga iku tahtane Pengeran. 35 Ajo sesumpah nggawe bumi sing dadi tebusane, merga ndunya iki dingklik kanggo sikile Pengeran. Ajo sesumpah nggawe Yerusalem, merga Yerusalem iku kota duwek'e Raja Agung. 36 Ajo sesumpah nggawe ndase sira dewe. Merga sira orak bisa nggawe sesijia rambut ning ndase sira dadi ireng utawa putih. 37 Nek'e maksute sira iku ‘Ya,’ cukup ngucap ‘Ya.’ Nek'e maksute sira ‘Orak,’ cukup ngucap ‘Orak.’ Nek'e sira tambah sumpah gawe nguwaten gunemane sira, tambahan iku asale teka Iblis.”
Ajo mbales, tapi gewehana
38 “Sira tau krungu sing wis diwuruk'i, ‘Wong sing nyongkil mripate wong liya, ya mripate wong mau kudu dicongkil. Terus, wong sing ngrontok'en untune wong liya, untune wong mau kudu dirontok'en.’ 39 Tapikne Reang mulang nang sira, ajo nglawan wong sing jahat. Nek'e ana wong sing ngampleng pipine sira sing tengen, genehna pipine sira sing kiwa pisan. 40 Nek'e ana wong sing nggawa sira nang sidang kepingin njupuk klambine sira, gewehna pisan jubahe sira. 41 Nek'e ana wong meksa sira nggawa peparan adohe sak'kilometer, mlakua sak'adohe rong kilometer mbarek wong iku. 42 Nek'e ana wong sing njaluk peparan nang sira, ya gewehna. Ajo nolak wong sing kate nyilih peparan nang sira.”
Welas asihana musuhe sira
43 “Sira tau krungu sing wis diwuruk'i, ‘Welas asihana dulure sira,b terus sengitana nang musuhe sira.’ c 44 Tapikne Reang guneman nang sira, welas asihana musuh-musuhe sira karo ndungak'en wong-wong sing nyiksa sira. 45 Nek'e sira nglakoni ngono, sira wis nirok'en Bapakne sira ning swarga, sing melasi kabeh wong. Merga Bapakne sira gawe sengenge semorot kanggo kabeh wong sing apik karo sing elek pisan. Bapakne sira ngeduk'en udan kanggo wong sing bener ya kanggo wong sing salah.
46 “Nek'e sira melasi wong sing melasi sira, nanak ganjarane. Sing tukang narik pajak ya nglakoni ngono pisan. 47 Terus nek'e sira mek grapyak nang dulur-dulure sira tok, sira orak luwih apik teka wong liya. Wong sing orak ngenal Pengeran ya nglakoni ngono. 48 Dadi, sira kudu melasi sing sempurna, persis Bapakne sira sing ana ning swarga.”