Yesus diguda Iblis
4
Rohe Pengeran iku nuntun Yesus budal nang ara-ara amba cekne diguda Iblis, yaiku rajane roh-roh jahat. 2 Pas iku Yesus keluwen temenan, merga sak'wene petang puluh (40) dina karo petang puluh (40) bengi Yesus orak mangan peparan.
3 Iblis guneman nang Yesus, “Nek'e sira iki pancene Anak'e Pengeran, kongkonen watu iki dadi roti.”
4 Yesus guneman, “Ana sing tetulis ning Kitab Suci ngene:
‘Menungsa urip duduk merga mangan tok,
tapi uga teka saben gunem sing digunemen Pengeran.’ ” (Ulangan 8:3)
5 Maringono Iblis ngejak Yesus nang kota suci, yaiku Yerusalem. Yesus digawa nang duwure Umahe Pengeran, terus ngadek ning pucuk'e larap. (Na, biasane ana akeh wong nglumpuk ning latare Umahe Pengeran iku.) 6 Terus Iblis guneman nang Yesus, “Nek'e sira pancen Anak'e Pengeran, rotohna awak'e sira teka kene, merga wis tetulis ning Kitab Suci ngene:
‘Pengeran bakale ngongkon malaekat-malaekate njaga sira.
Malaekat-malaekat iku bakale nampani sira nggawe tangane
cekne sikile sira orak sampek kenek watu.’ ” (Masmur 91:11-12)
7 Yesus guneman, “Sepisan maneh, wis tetulis ning Kitab Suci ngene:
‘Ajo njajal Gusti Pengerane sira.’ ” (Ulangan 6:16)
8 Maringono Iblis ngejak Yesus nang enggon sing duwur. Mara-mara ndudohen nang Yesus kamulyane sak'kabehe kerajaan sing ana ning ndunya. 9 “Reang bakal gewehi kabeh iki nang sira, nek'e sira sujud ning lemah terus nyembah reang.”
10 Yesus guneman, “Budala sira iki, Iblis! Merga wis tetulis ning Kitab Suci:
‘Nyembaha karo ladenana nang Gusti Pengeran wae.’ ” (Ulangan 6:13)
11 Maringono Iblis iku ninggalen Yesus, terus malaekat-malaekat teka kanggo ngladeni Yesus.
Yesus mulang ning Galilea
12 Pas krungu Yohanes sing mbaptis wong dilebok'en bui, Yesus budal nang Galilea. 13 Maringono, Yesus ninggalen Desa Nasaret terus manggon ning Desa Kapernaum, parek'e Ranu Galilea, ning daerah Sebulon karo Naftali. 14 Iku kedadean cekne tulisane Nabi Yesaya dijangkepi,
15 “Ning enggone Sebulon karo enggone Naftali,
sing parek'e ranu, ning sabrange Kali Yordan, enggone wong sing duduk Ibrani.
16 Wong sing urip ning pepeteng wis ndeleng padang sing gede,
wong sing urip ning kuwasane pepati wis nguwasen semorote padang sing mletek.” (Yesaya 9:1)
17 Molai iku, Yesus nyampek'en wekasan iki, “Tobata, merga Kerajaane Swarga wis parek!”
Yesus milih murid-muride sing kawitan
18 Pas mlaku ning pinggire Ranu Galilea, Yesus ndeleng pelayan loro, yaiku Simon (sing Yesus njenengi Petrus) karo Andreas, adekne. Wong loro iku gek nyebar jaringe ning ranu merga wong loro iku tukang nggolek iwak. 19 Yesus guneman, “Melua Reang,a terus sira Tak dadek'en tukang nggolek wong.”
Melua Reang! (4:22)
20 Wong loro iku langsung ninggalen jaringe, terus melu Yesus.
21 Maringono, Yesus ndeleng cacak adik sing liya. Wong loro iku anak-anak'e Pak Sebedeus, yaiku Yakobus karo Yohanes, adekne. Wong loro iku gek ngrewangi bapakne ndandani jaring ning praune. Yesus nyeluk nang wong loro iku. 22 Sekala iku Yakobus karo Yohanes ninggalen prau karo bapakne, terus melu Yesus.
Yesus marasen wong
23 Yesus mlaku ning sak'kabehe daerah Galilea, mulang ning balai-balai agamane wong Ibrani ambek nyampek'en Kabar Apik, yaiku Kerajaane Swarga wis parek. Yesus ya marasen sak'kabeh maceme lelaran. 24 Mangkane, kabar sing dilakoni Yesus nyebar ning daerah Siria.b Wong sing duwe sak'wernane lelaran, ya lara ayan, lumpuh, karo klebon roh jahat pada digawa nang Yesus. Terus kabeh diwarasen. 25 Wong akeh ngetuten teka daerah Galilea, Dekapolis, kota Yerusalem, daerah Yudea, karo daerah ning wetane Kali Yordan.