Penggaweane Yohanes sing mbaptis wong
3
Maringono Yohanes sing mbaptisa wong teka nang ara-ara amba ning Yudea, 2 terus memelung ngene, “Tobata, merga Kerajaane Swarga wis parek!” 3 Yohanes iki sing diramalen Nabi Yesaya atusan taun biyen:“Ana wong sing bakal melung-melung ning ara-ara amba ngene,
‘Sira kudu nyiapen sembarang kalir
kanggo tekane Gusti.
Ratakna dalane.’ ” (Yesaya 40:3)
4 Na, Yohanes iku gawe klambi teka wulune unta ambek sabuk teka kulite kewan. Saben dina sing dipangan mek walang karo madu. 5 Maringono, digolek'i akeh wong teka kota Yerusalem, daerah Yudea, ambek sak'kabehe enggon Kali Yordan. 6 Nek wong-wong iku ngaku dusa-dusane, dibaptis ning Kali Yordan.
7 Tapikne, pas ndeleng akeh wong Farisi ambek wong Saduki teka njaluk dibaptis, Yohanes guneman, “Sira ngentah ula sing ana upase! Sira jahat persis mbah buyute sira. Apa sira kepingin dibaptis cekne ucul teka ukumane Pengeran sing bakale teka? 8 Nek sira kate tobat temenan, buktekna mbarek kelakuane sira. 9 Ajo mikir sira slamet merga sira anak putune Abraham, mbah buyute kene. Masia Pengeran tau njanji nek anak putune Mbah Abraham bakale diberkahi, tapi Pengeran bisa ngrubah watu-watu iki dadi anak putune Abraham! 10 Wit sing orak ngetok'en woh sing apik bakale ditegor, terus diuncalen ning njero geni. Ya ngono pisan Pengeran kate ngukum wong sing kelakuane elek.
11 “Wong sing tobat tak baptis gawe banyu. Tapi ana sing luwih kuwasa teka reang. Sandale wong iku wae, reang orak pantes nggawak'en. Wong iku bakal mbaptis katek Roh Suci karo geni. 12 Wong iku siap ngakimi menungsa memper wong panen misahen gandum teka sekeme. Wong sing bener bakal dislameten, tapi wong sing jahat bakal diuncalen ning geni neraka terus diobong sak'lelawase.”

Gandum dipisahen teka sekeme (3:12)
Yesus dibaptis
13 Maringono Yesus mlaku teka Galilea, kate dibaptis Yohanes ning Kali Yordan. 14 Tapi Yohanes orak gelem, jerene, “Reang sing kudu dibaptis nang Rika. Ngapa kok njaluk nang reang?”
15 Yesus nyauri, “Kepe wae, cekne kekarepane Pengeran dijangkepi.” Terus Yohanes nuruti.