Pepirang wong sing duwe ilmu maca lintang ndengok Yesus
2
Yesus lair ning kota Betlehem, ning daerah Yudea. Pas wayah iku, Raja Herodes sing mrentah ning kana. Na, sak'wise Yesus lair, ana pepirang wong sing duwe ilmu maca lintanga pada teka nang Yerusalem. Wong-wong iku asale teka wetan. 2 Ning Yerusalem wong-wong iku pada takon, “Ana ning endi Lare sing gek entas lair, sing jere kate dadi Rajane wong Ibrani iku? Kene wis nguwasen lintang teka wetan sing ndudohen nek'e Lare iku wis lair. Kene teka kate nyembah Lare iku.”
3 Pas Herodes krungu paran sing diucapen wong-wong iku, yaiku nek'e Rajane wong Ibrani wis lair, Herodes dadi memelang. Maringono kabeh wong sing ana ning Yerusalem ya pada memelang pisan nang Raja Herodes. 4 Herodes nglumpuk'en ketuane pengarepe sembahyang karo guru agamane wong Ibrani. Terus Raja Herodes takon nang pimpinan-pimpinan iku, “Nurut ramalan biyen, Raja Pilihane Pengeran kate lair ning endi?” 5 Semaure wong-wong iku, “Ning kota Betlehem, daerah Yudea. Merga ana nabi sing biyen nulisen:
6 ‘He wong Betlehem, ning daerah Yudea,
orak kira kotane sira iku diarani cilik ning antarane kota-kota penting ning Yudea.
Merga teka kotane sira, ana Panutan sing bakale lair,
sing bakale mimpin wong Israel, yaiku umate Reang’.” (Mikha 5:2)
7 Terus Herodes meneng-menengan nyeluk wong sing duwe ilmu maca lintang iku. Herodes digenehi weruh sing tepak, molai kapan lintang iku wis cukul. 8 Terus Herodes ngutus wong-wong iku nang Betlehem mbarek guneman, “Budala, golek'ana sing temen gawe nemok'en Lare iku. Nek'e sira wis nemok'en Lare iku, dudohana reang, cekne reang bisa teka gawe nyembah Lare iku pisan.”
Lintang iku mandek ning duwure panggonane Lare iku (2:10)
9 Wong-wong sing duwe ilmu maca lintang iku ngrungok'en prentahe Herodes, terus pada budal. La, wong-wong iku nguwasen lintang sing pada, sing wis diwasen maune teka wetan. Wong-wong iku pada ngetuten lintang sing mlaku ning ngarepane. Maringono lintang iku mandek persis ning nduwure panggonane Lare iku. 10 Wong-wong iku pada bungah temenan nguwasen lintang iku ngadek jejek.
11 Wong-wong iku mlebu umah ning endi Lare iku ana, terus ndeleng Lare iku mbarek Maria, emakne lare iku. Wong-wong iku sujud nyembah Lare iku, terus pada mbukak wadahe dunya brana sing digawa kanggo Lare iku. Sing digewehen, yaiku emas, menyan mbarek mur.b 12 Tapi, ngliwati ngipi, Pengeran ngandani wong-wong iku cekne ajo mbalik nang Raja Herodes. Dadine wong-wong iku pada balik moleh nang enggon asale ngliwati dalan liya.
Yesus digawa nang negara Mesir
13 Sak'wise wong-wong sing duwe ilmu maca lintang iku budal, malaekate Gusti Pengeran teka nang Yusuf liwat ngipi. Malaekat iku guneman, “Tangia! Gawanen Lare iku mbarek emakne, terus mlayua nang Mesir. Lare iku digolek'i Herodes merga kate dipateni. Terus ajo mbalik teka Mesir sampek reang nggewehi weruh nang sira.”
14 Dadi, Yusuf tangi terus budal nang Mesir, nggawa Lare iku karo emakne wayah bengi iku pisan. 15 Yusuf manggon ning Mesir sampek Herodes iku mati. Iku ngono kedaden kanggo njangkepi paran sing Gusti Pengeran wis guneman liwat nabine,
“Reang nyeluk Larene Reang metu teka Mesir.” (Hosea 11:1)
Yusuf nggawa Lare iku karo emakne budal bengi iku (2:15)
Herodes mateni kabeh lare lanang ning Betlehem
16 Pas Herodes weruh nek'e digorohi wong-wong sing duwe ilmu maca lintang iku, Herodes ngamuk-ngamuk, terus mrentah prajurite cekne mateni kabeh lare lanang sing umure ngisore rong taun ning Betlehem ambek enggon sak'ubenge. Herodes meritungen umure Lare iku persis mbarek sing diucapen wong-wong sing duwe ilmu maca lintang iku. 17 Dadi, wis dijangkepi gunemane Pengeran liwat Nabi Yeremia,
18 “Suwara tangisan sedih ambek susah dirungok'en ning kota Rama,c
Raheld nangisi anak-anak'e,
tapi Rahel orak gelem atine ditambani,
merga kabeh anak-anak'e wis mati.” (Yeremia 31:15)
19 Sak'wise Herodes mati, malaekate Gusti Pengeran teka maneh nang Yusuf ning Mesir liwat ngipi. 20 Malaekat iku guneman, “Tangia, sesiapa! Gawanen moleh Lare iku karo emakne nang negara Israel, merga wong sing arep mateni Lare iku wis mati.”
21 Dadi, Yusuf tangi terus sesiap nggawa Lare karo emakne iku, terus pada budal nang negara Israel. 22 Tapikne Yusuf krungu nek'e sing mrentah ning Yudea iku Arkhelaus. Arkhelaus iku dadi raja sak'wise Herodes, bapakne, mati. Dadi Yusuf gek wedi kate budal rana. Sak'wise dikandani liwat ngipi nek orak aman, Yusuf budal ngalor nang daerah sing dijenengi Galilea. 23 Yusuf budal nang desa sing jenenge Nasaret, terus manggon ning kana. Dadi dijangkepi persis mbarek sing diucapen Pengeran ngliwati nabi-nabi biyen. Ramalan iku dijangkepi, yaiku Lare iku bakale diarani “Wong Nasaret.”