Prentahe Pengeran ambek adate wong Ibrani
7
Ning salah sijine dina, ana pepirang wong teka golongane Farisi karo ahli-ahli agama Ibrani sing teka Yerusalem, pada nglumpuk bareng Yesus. 2 Wong-wong iku ndeleng murid-muride Yesus orak nuruti adate wong Ibrani, yaiku wisuh tangane dikek sak'durunge mangan. Merga iku, tangane murid-muride Yesus dianggep najis. 3 (Na, wong teka golongane Farisi karo wong Ibrani liyane pada melu temenan nang adate mbah buyute biyen, yaiku kudu wisuh tangan sak'durunge mangan. 4 Nek'e mari moleh teka pasar kudu ngrijik'i awak'e dikek sak'durunge mangan. Ya ana pisan akeh adat istiadat liyane sing dilakoni entah carane ngrijik'i cingkir, kendi, karo alat-alat ning pawon liyane.)
Muride Yesus orak wisuh tangane (7:4)
5 Merga iku wong-wong teka golongane Farisi karo ahli-ahli agama Ibrani pada takon nang Yesus, “Ngapa kok murid-muride Rika orak melu adate mbah buyute kene? Ngapa kok mangan gawe tangan sing najis?”
6 Yesus semaur, “He wong sing apen-apen apik! Ramalane Nabi Yesaya biyen pancen bener soal sira. Merga Yesaya tau nulis gunemane Pengeran ning Kitab Suci ngene,
‘Wong-wong iki mek ngajeni Reang gawe lambene,
tapi atine adoh teka Reang.
7 Nanak gunane nyembah Reang,
merga sing diwuruk'i duduk wulangane Reang, tapi aturan sing digawe menungsa.’ ” (Yesaya 29:13)
8 Yesus guneman maneh, “Sira wis ninggalen Prentahe Pengeran mek kanggo nyekel temenan nang adate menungsa.”
9 Yesus nerusen gunemane, “Sira iki pinter apen-apen melu prentahe Pengeran tapi sak'jane akeh prentah iku ditolak cekne bisa nguwaten adat istiadate sira dewe. 10 Contone, Nabi Musa tau gunemen, ‘Ajenana bapak karo makne sira!’ ya pisan, ‘Sapa wae sing nyedani bapak karo makne kudu diukum pati.’ 11 Tapikne sira muruk'i wong cekne ngomong nang wong tuwek'e ngene, ‘Paran sing diduweni reang, sing bisa digewehi nang bapak katek mak, bakal tak korbanen nang Pengeran.’ 12 Nek ngono, sira pada wae ngolehi wong kepe ajo nulung bapak karo makne dewe. 13 Dadi, prentahe Pengeran orak dianggep, terus sing dicekel mek adate mbah buyute sira. Conto iku siji wae, durung sing liyane. Gek akeh sing sira lakoni entah iku.”
14 Maringono Yesus nyeluk wong akeh iku maneh terus guneman, “Rungokna Reang, cekne sira kabeh ngerti! 15 Paran wae sing dipangan, utawa mlebu nang wong, orak bisa gawe wong iku najis. Tapi paran sing metu teka wong, iku sing bisa najisen wong. 16 [Sapa sing duwe kuping, rungokna!]” a
17 Maringono Yesus ninggalen wong akeh iku, terus mlebu nang salah sijine umah bebarengan murid-muride. Ning kono murid-muride njaluk paribasan iku mau ditegesen.
18 Yesus semaur, “Masak sira orak ngerti-ngerti wae! Sira lak wis weruh, panganan paran wae sing mlebu wong orak bisa gawe wong dadi najis. 19 Merga panganan iku orak mlebu nang atine wong tapi nang wetenge, terus dibuang ning kakus.” (Merga mulang ngono, Yesus nyatak'en nek kabeh panganan iku kenek dipangan.)
20 Yesus guneman maneh, “Paran sing metu teka wong, iku sing najisen wong iku. 21 Merga teka njero atine wong, metu sak'kabehe pikiran sing jahat, cabul, nyolong, mateni, 22 jinah, srakah, jahat, seneng nggoroh, napsu elek, irinan, mitnah, sombong, karo goblok. 23 Kabeh sing jahat iku metu teka njero ati, terus ngregeti raga jiwane.”
Imane wong wedok sing duduk Ibrani
24 Maringono Yesus budal teka kono nang daerah Tirus. Ning kono Yesus mlebu nang salah sijine umah. Sak'jane Yesus orak gelem ana sing weruh, tapi wong-wong ya gek weruh wae.
25 Na, ana wong wedok, makne lare wedok sing dikuwasai roh jahat. Mak iku krungu Yesus wis teka terus marek'i katek sujud ning ngarepe. 26 (Wong wedok iku duduk Ibrani tapi asale teka bangsa Fenisia ning propinsi Siria). Wong wedok iku njaluk tulung nang Yesus cekne nundung roh jahat iku teka anak'e.
27 Yesus guneman nang wedok sing duduk Ibrani iku, “Nek'e Reang nulungi sira, iku pada wae mbuang pangan sing dicepak'en kanggo lare-lare Ibrani, terus diwehen nang kerek-kerek.b Jarna lare-lare sing digewehi mangan dikek sampek wareg.”
28 Wong wedok iku semaur, “Bener, Gusti. Tapi kerek-kerek ning isore meja gek bisa mangan kekarene pangan sing rotoh teka mejane lare-lare iku!”
29 Dadi Yesus guneman, “Merga sira njawab ngono, muliha. Sak'iki roh jahat iku wis metu teka anak'e sira.”
30 Wong wedok iku moleh nang umahe, terus ndeleng anak'e wis leleyeh ning peturon. Lare iku wis waras merga roh jahate wis metu.
Yesus marasen wong sing budek
31 Maringono Yesus ninggalen daerah Tirus terus budal nang Ranu Galilea ngliwati kota Sidon. Enggon iku ana ning tengah-tengahe daerah Dekapolis. 32 Ning kono ana pepirang wong sing nggawa wong budek siji nang Yesus. Wong budek iku ya bisu pisan. Yesus dijaluk'i ndeleh tangane ning duwure wong budek iku cekne waras.
33 Dadi Yesus nggawa wong budek iku misah teka wong liya cekne bareng Yesus tok. Maringono Yesus nglebok'en drijine nang njero kupinge wong budek iku. Terus Yesus ngidu tangane dewe karo nyandak ilate wong iku. 34 Yesus mandeng mentas terus ambek'an dawa, mbarek guneman, “Efata!” (sing tegese ‘Bukak'en!’) 35 Sekala iku uga kupinge wong iku kebukak, ilate ya orak kaku maneh, terus wong iku bisa ngomong jelas.
36 Yesus menggak wong-wong sing ana ning kono cekne orak nyeritak'en kedadean iku nang sapa wae. Tapi masia dipenggak, wong-wong iku tambah nyebaren paran sing dilakoni Yesus iku. 37 Kabeh wong pada temenggengen terus guneman, “Paran wae sing dilakoni Wong iku apik temenan! Wong sing budek bisa krungu, sing bisu bisa guneman.”