Yesus ditolak ning desa asale
6
Maringono Yesus budal teka kono terus mbalik nang Nasaret, yaiku desa asale dewe. Murid-muride ya melu pisan. 2 Pas dina Sabat, Yesus mulang ning balai agama Ibrani. Akeh wong pada gawok ngrungok'en wuruk'ane Yesus, terus takon, “Wong iki kok bisa nduweni pengerten sing gede? Ilmune iku oleh teka endi ye? Njare kok bisa nggawe mujijat-mujijat entah iku? 3 Wong iki lak tukang kayu, anak'e Maria iku sih? Iku loh dulure, yaiku Yakobus, Yoses, Yudas, ambek Simon. Dulur-dulure sing wedok ya ana ning desa iki, bebarengan kene.” Sidane wong-wong iku pada nolak Yesus.
4 Maringono Yesus guneman nang wong-wong iku, “Wong nabi diajeni wong-wong ning endi wae, tapi orak diajeni ning enggone asale dewe, ning antarane dulur-dulure, ya ning umahe dewe.” 5 Merga wong-wong iku orak percaya, mangkane Yesus orak bisa nglakoni mujijat ning kono, kejaba ndeleh tangane ning duwure pepirang wong sing lara terus marasen wong-wong iku. 6 Yesus dewe gawok nang wong Nasaret iku sing orak gelem percaya. Teruse Yesus mlaku mubeng nang kampung-kampung mbarek mulang wong-wong.
Yesus ngutus murid-muride nang kampung-kampung
7 Maringono Yesus nyeluk murid-muride sing kabehe rolas. Murid-murid iku mau diutus loro-loro mbarek digewehi kuwasa kanggo nundung roh-roh jahat. 8-9 Yesus ngongkon, “Ajo nggawa peparan ning dalan. Ajo nggawa bontotan, kantong, utawa picis ning sabuk'e. Mek teken ambek sandal sing oleh sira gawa. 10 Yesus nerusen gunemane, “Nek'e sira diterima salah sijine wong, mlebu'a nang umahe. Terus nginepa ning kono sampek sira budal maneh nang enggon liyane. 11 Nek'e sira orak diterima utawa orak dirungok'en ning salah sijine kota, budala teka kono. Kebasen bledug ning sikile sira. Iku dadi pengiling sing nggambaren nek salahe wong-wong iku duduk tanggungane sira.”
12 Dadi murid-murid iku budal, terus ngabaren nek kabeh wong kudu tobat teka dusa-dusane. 13 Murid-murid iku ya nundung akeh roh jahat, ya ngolesi lenga nang wong sing lara, terus marasen wong-wong iku.
Yohanes dipateni nang Raja Herodes
14 Kabar ngenek'i kabeh kedadean iku wis nyebar sampek nang Raja Herodes Antipas, merga jenenge Yesus wis kesuwur ning endi-endi. Ana sing guneman, “Yesus iku Yohanes sing mbaptis wong, sing wis urip maneh. Mangkane Wong iku bisa nglakoni mujijat-mujijat iku.” 15 Ana pisan sing ngomong, “Wong iku Nabi Elia.” Tapi sing liyane guneman, “Wong iku salah sijine nabi entah nabi-nabi biyen.”
16 Tapi pas ngrungok'en iku, Herodes guneman, “Wong iku mestine Yohanes sing mbaptis wong. Masia ndase wong iku wis tak tugel, tapi sak'iki wis urip maneh!”
17-18 Raja Herodes guneman ngono merga maune Herodes wis rabi karo Mak Herodias. Nyatane Mak Herodias iku bojone Filipus, yaiku dulure Herodes dewe. Nabi Yohanes bolak-balik ngandani Herodes ambek guneman, “Nurut hukum agama Ibrani, sira orak oleh rabi ambek bojone dulure sira dewe.” Merga iku Herodes ngongkon cekne Yohanes dicekel terus dirante ning bui.
19 Merga iku Mak Herodias ya dendam nang Yohanes sampek kepingin mateni, tapi orak bisa 20 merga Herodes wedi nang Yohanes. Herodes weruh nek Yohanes iku wong sing suci karo bener. Dadi Herodes ngayomi. Herodes sak'jane seneng ngrungok'en Yohanes mulang, tapi atine ya bimbang pisan.
21 Ahire Mak Herodias oleh dalan sing tepak kanggo mateni Yohanes pas riaya dina pelairane Raja Herodes. Pas iku Herodes nganak'en slametan gede terus ngundang akeh sesepuh-sesepuh, perwira, karo penggede ning daerah Galilea. 22 Ning slametan iku, anak wedok'e Herodias njoget ning ngarepe wong akeh iku. Ndeleng iku, Herodes karo dayoh-dayohe pada seneng atine. Terus Herodes guneman nang lare wedok iku, “Paran sing sira seneng, njaluk'a wae. Mesti bakale tak genehen!” 23 Herodes ya sampek gawe sumpah ngene, “Paran wae sing sira jaluk, mesti tak gewehi, senajan iku separohe kerajaane reang.”
24 Sidane lare wedok iku mlayu nang makne ambek takon, “Paran ye, sing kudu tak jaluk?”
Makne semaur, “Njaluk'a ndase Yohanes sing mbaptis wong iku.”
25 Sekala iku lare wedok iku ndang-ndang mlayu nang Herodes ambek guneman, “Esun njaluk ndase Yohanes sing mbaptis wong iku didokok ning baki terus digawa nang esun sak'iki.”
26 Ngrungok'en iku, Raja Herodes dadi sedih temenan. Tapi ya orak bisa nolak merga wis sumpah ning ngarepe dayohe kabeh. 27 Dadi Herodes langsung ngongkon salah siji prajurite cekne nggawa ndase Yohanes. Prajurit iku budal terus nugel ndase Yohanes ning bui. 28 Maringono prajurit iku mbalik, nggawa ndase Yohanes ning duwure baki. Ndase Yohanes iku digewehen nang lare wedok mau, terus lare iku nggewehen nang makne.
29 Ngrungok'en kedadean iku, murid-muride Yohanes pada teka, njupuk mayite Yohanes, terus dikubur.
Yesus nggenehi mangan nang luwih teka 5.000 wong
30 Maringono, utusan-utusan sing maune dikongkon budal nang kampung-kampung iku, pada mbalik terus nglumpuk bareng Yesus. Utusan-utusan iku pada nyeritak'en paran wae sing wis dilakoni karo sing wis diwulang. 31 Pas iku ana akeh wong sing teterusan budal teka, sampek Yesus mbarek murid-muride orak bisa leren. Nek kate mangan wae orak sempet. Dadi Yesus guneman nang murid-muride ngene, “Ayo kene budal nang enggon sing sepi cekne bisa dewean ning kana, ya bisa leren.”
32 Maringono pada nunggang prau, budal nang enggon sing sepi. 33 Tapi pas budal iku, akeh sing ngerti nek iku Yesus mbarek murid-muride, ya weruh nang arahe praune. Sidane wong-wong pada ngetuten ngliwati daratan. Wong-wong iku pada mlayu ngliwati kabeh desa ning daerah iku sampek ndiki'i tekane Yesus mbarek murid-muride.
34 Pas mudun teka prau, Yesus ndeleng wis ana wong akeh ning kono. Ndeleng iku, atine Yesus rumangsa mesak'en temenan. Merga wong akeh iku orak keurus entah domba-domba tapi nanak wonge sing angon. Dadi Yesus molai mulang wuruk'an sing akeh nang wong-wong iku.
Wong akeh iku entah domba-domba tapi nanak sing angon (6:34)
35 Bareng wis kawit peteng, murid-muride pada teka nang Yesus ambek guneman, “Guru, sak'iki wis peteng, terus enggon iki sepi, ya adoh teka endi-endi. 36 Kongkonen wae wong-wong iku budal nang kampung-kampung karo desa-desa sing parek, cekne nggolek panganan.”
37 Tapikne Yesus njawab, “Sira sing kudu nggenehi mangan nang wong akeh iku.”
Murid-muride guneman, “Kene orak kira bisa nggewehi mangan wong akeh iku! Nek kate tuku roti, picis gedene buruh wolung wulana dibutuhen.”
38 Yesus takon, “Sira nduweni roti pira? Pane delengen dikek.”
Sak'marine ndeleng, murid-muride guneman, “Ana limang iji roti ambek rong ler iwak.”
39 Maringono Yesus ngongkon kabeh wong cekne lungguh dadi sak'klompok-sak'klompok ning sesuketan. 40 Dadi wong-wong pada lungguh ning klompok'e dewe-dewe. Ana sing sak'klompok'e seket (50) wong, ana sing sak'klompok'e satus (100) wong. 41 Maringono Yesus njupuk limang iji roti karo rong ler iwak iku mau, terus ndangak nang duwuran ambek nedanerima nang Pengeran. Roti iku ditugel-tugel, terus digewehen nang murid-muride cekne didum nang wong akeh iku. Iwak'e ya didum pisan. 42 Wong kabeh iku pada mangan sampek wareg. 43 Terus, murid-murid nglumpuk'en kekarene iwak karo roti sing orak kepangan, sampek ana rolas wakul bek. 44 Wong-wong sing melu mangan iku kabehe kurang luwih ana limang ewu (5.000) wong lanang, orak keitung wong-wong wedok karo lare-lare cilik.
Yesus mlaku ning duwure banyu
45 Sekala iku Yesus ngongkon murid-muride munggah nang prau terus nyebrang ranu nang kota Betsaida. Murid-muride dikongkon budal dewe ndiki'i Yesus. Terus Yesus ngongkon wong akeh iku moleh. 46 Sak'marine pamitan nang wong akeh, Yesus munggah nang pusung kate ndedunga.
47 Bareng wis peteng, murid-murid iku gek nunggang prau ning tengahe ranu, tapi Yesus gek ana ning daratan. 48 Yesus ndeleng murid-muride susah payah ndayung merga angine banter. Terus kurang luwih jam telu isuk, Yesus teka nang murid-muride, mlaku ning duwure banyu. Karepe Yesus kate ngliwati wae. 49 Tapikne pas murid-murid ndeleng Yesus mlaku ning duwure banyu, pada ndarak'en nek iku memedi, terus pada njerit. 50 Kabeh pada keweden temenan pas ndeleng Yesus. Tapi Yesus langsung guneman nang murid-muride, “Sing damang pikire. Iki Reang. Ajo wedi.” 51 Terus Yesus munggah nang prau. Pas iku angine mara mandek. Mangkane murid-muride pada gawok 52 merga gek durung ngerti paran maksute pas Yesus bisa gawe mujijat nang limang iji roti maune iku. Pancene atine murid-murid iku pada atos.
Yesus marasen akeh wong sing lara ning kampung Genesaret
53 Sak'marine nyabrang ranu, Yesus ambek murid-muride njebul ning daratan, ning kampung Genesaret. Praune terus ditaleni ning kono. 54 Pas mudun teka prau, wong-wong ning kono weruh nek iku Yesus. 55 Wong-wong iku mlayu nang sak'kabehe daerah iku, nggewehi weruh nek Yesus wis teka. Terus wong-wong pada teka nang Yesus nggotong wong sing lara gawe klasa.
56 Nangdi wae Yesus budal, mboh nang kota-kota, nang desa-desa, utawa nang kampung-kampung, wong-wong sing lara dideleh ning enggon sing rame. Terus wong-wong sing lara iku njaluk cekne diolehi nyandak jubahe Yesus, masia pucuk'e wae. Sapa wae sing nyandak jubahe Yesus, wong iku dadi waras.