Ewonan roh jahat manut nang Yesus
5
Maringono Yesus karo murid-muride njebul ning daratan. Enggon iku ana ning sabrange Ranu Galilea, yaiku enggone wong Gerasa.a 2 Pas mudun teka prau, Yesus ditekani wong sing klebon roh jahat. Wong iku metu teka kuburan-kuburan sing entah gua. 3 Wong iku pancen manggon ning kuburan-kuburan iku. Nanak sing bisa naleni wong iku, masia nggawe rante. 4 Sikile karo tangane wis gelek ditaleni nggawe rante tapi ya ucul wae, terus wesi ning sikile ya bisa poklek. Merga saking kuwate, nanak sing bisa gawe wong iku tetep anteng. 5 Awan bengi, gawene munyer ning pusungan karo ning kuburan. Wonge ya gelek memelung mbarek nyatoni awak'e gawe watu.
Wong iku gelek dirante, tapi ucul wae (5:5)
6 Pas ndeleng Yesus teka adoh, wong iku mlayu terus sujud ning ngarepe Yesus. 7-8 Terus Yesus guneman nang roh jahat iku, “He, roh jahat! Metua teka wong iki!”
Terus roh jahat iku memelung, “Yesus, Anak'e Pengeran Sing Paling Duwur, Rika kate ngapak'en reang? Nggawe jenenge Pengeran, reang njaluk temenan, ajo nyiksa reang!”
9 Maringono Yesus takon, “Sapa jenenge sira?”
Wong iku njawab, “Jenenge reang ‘Ewonan’ b merga jumlahe kene akeh!” 10 Roh-roh jahat iku teterusan njaluk temenan nang Yesus cekne orak dikongkon metu teka daerah iku.
11 Orak adoh teka kono, ana akeh grombolane babi sing nggolek mangan ning pinggire pusung. 12 Roh-roh jahat iku njaluk nang Yesus, “Jarna wae kene mlebu nang babi-babi ika.” 13 Terus Yesus ngolehi. Sidane roh-roh jahat iku metu teka wong mau terus mlebu nang babi-babi iku. Mari dileboni roh-roh jahat, babi-babi iku pada mlayu nang curah, ning pinggirane ranu, nyemplung ning ranu iku, terus mati klelep. Babi-babi iku kabehe kurang luwih ana rong ewu (2.000).
14 Ndeleng kabeh iku, wong-wong sing njaga babi-babi mau mlayu nang kota karo desa-desa parek'e kono terus nyeritak'en kedadean iku. Terus wong-wong teka kota karo desa pada metu kepingin ndeleng kedadean iku. 15 Maringono wong-wong pada teka nang Yesus, terus ndeleng nek wong sing klebon roh jahat mau wis lungguh, wis waras, ya wis keklamben. Ndeleng iku, wong-wong sing teka iku pada wedi.
16 Wong-wong sing maune ndeleng dewe njare wong iku diwarasen pada njelasen maneh paran sing wis dialami wong sing klebon roh jahat iku, ya paran sing kedadean nang babi-babi iku pisan. 17 Maringono wong-wong iku njaluk cekne Yesus budal ninggalen enggon iku.
18 Pas Yesus kate munggah nang prau, wong sing maune klebon roh jahat iku, njaluk kepingin melu Yesus. 19 Tapikne Yesus menggak, terus guneman nang wong iku, “Muliha wae nang umahe sira. Ceritakna nang wong-wong ning desane sira paran sing wis dilakoni Gusti nang sira. Critakna njare Gusti wis gawe apik mbarek mesak'en nang sira!”
20 Maringono wong iku budal nang sak'kabehe kota ning daerah Dekapolis. Ning kono wong iku nyeritak'en paran sing wis dilakoni Yesus nang awak'e. Kabeh wong sing ngrungok'en iku dadi gawok temenan.
Yesus marasen wong wedok karo nguripen lare enom
21 Sak'marine nunggang prahu, Yesus mbarek murid-muride njebul ning sabrange ranu. Pas iku akeh wong pada teka ngubengi Yesus ning pinggire ranu. 22 Ning kono ana pemimpine balai agama Ibrani sing jenenge Pak Yairus. Wong iku sujud ning ngarepe sikile Yesus, 23 terus njaluk temenan, “Anak wedok'e reang lara nemen sampek meh mati. Reang njaluk, melua nang umah, terus ndeleh tangane Rika nang larene cekne bisa waras, terus urip.”
24 Dadi Yesus budal bareng wong iku, tapi akeh grombolane wong sing pada ngetuten sampek desel-deselan ning sak'ubenge Yesus.
25 Ning antarane wong akeh iku, ana wong wedok sing wis rolas taun lara ngetok'en getih terus-terusan. 26 Wong iku wis bolak-balik digawa nang wong sing pinter nambani sampek ngentek'en dunyane, tapikne nanak sing bisa marasen. Sewalik'e, larane wong wedok iku dadi tambah nemen. 27 Wong wedok iku wis krungu cerita ngenek'i Yesus. Dadi ning tengah-tengahe wong akeh iku, wong wedok mau marek'i Yesus teka mburi terus ngutik jubahe Yesus. 28 Wong wedok iku mikir, “Nek esun mek ngutik jubahe, mesti esun bakale waras.” 29 Sekala iku pisan, lara getihe dadi mandek, terus krasa nek awak'e pancen wis waras.
30 Pas iku Yesus langsung weruh nek ana kuwasa sing metu teka awak'e. Terus Yesus noleh nang mburi ambek takon nang wong akeh, “Sapa sing mau ngutik jubahe Reang?”
31 Murid-muride Yesus nyauri, “Rika ndeleng dewe, akeh wong pada desel-deselan. Ngapa kok Rika takon sapa sing ngutik jubahe Rika?”
32 Tapi Yesus nguwasen kiwa tengene mbarek nggolek'i sapa sing ngutik jubahe.
33 Ngerti paran sing wis kedadean nang awak'e, wong wedok mau dadi wedi mbarek gembeblek. Wonge sujud ning ngarepe Yesus terus ngakoni paran wae sing wis kelakon.
34 Mangkane Yesus guneman nang wong wedok iku, “Ndok, sira waras merga percaya nang Reang. Sak'iki muliha wis, sing damang pikire. Sira pancen wis waras!”
35 Pas Yesus gek guneman, ana pepirang wong sing teka ning kono. Wong-wong iku maune budal teka umahe Yairus. Wong-wong iku guneman nang Yairus, “Anak'e rika wis mati, orak usah ngrepoti Guru maneh.”
36 Tapi Yesus orak nggatek'en gunemane wong-wong iku. Yesus terus ngomong nang Yairus, “Ajo kuwatir, percaya'a wae.”
37 Yesus terus budal, tapi orak ngolehi wong liyane melu. Sing diolehi mek Petrus, Yakobus karo dulure, yaiku Yohanes. 38 Njebul nang umahe Yairus, Yesus ndeleng rame temenan ning kono, merga wong-wong pada nangis katek suwara sing banter. 39 Yesus mlebu nang umah terus guneman nang wong-wong ning kono, “Ngapa kok pada nangis? Lare iku orak mati, tapi mek turu wae.”
40 Tapi wong-wong iku malah pada ngguyu nang Yesus. Dadi Yesus ngongkon wong kabeh iku metu. Sing dijak mlebu nang kamar mek bapak karo makne lare iku, mbarek muride Yesus telu iku. 41 Maringono Yesus nyandak tangane lare iku ambek guneman, “Talita kum,” sing tegese, “Ndok, tangia!”
42 Memara lare wedok iku tangi, ngadek, terus molai mlaku. (Umure lare iku wis rolas taun). Kabeh wong sing ana ning kono pada gawok temenan. 43 Tapi Yesus menggak temenan cekne orak nyeritak'en kedadean iku nang sapa wae. Terus Yesus ngongkon cekne lare iku digewehi mangan.