Paribasane maceme lemah
4
Sak'wijine dina Yesus molai mulang maneh ning pinggire ranu, terus grombolane wong sing gede pada teka nglumpuk ngubengi Yesus. Sidane Yesus munggah nang salah sijine prau sing orak kosi adoh teka pinggire ranu, terus lungguh ning kono ngadep nang wong akeh sing ngadek ning pinggire ranu. 2 Yesus nggewehi akeh wulangan nang wong akeh iku gawe paribasan. Yesus guneman ngene, 3 “Rungokna! Ana wong tani sing budal nyawuren wiji. 4 Pas disawor, ana sing rotoh ning pinggire dalan. Terus manuk-manuk pada teka mangan wiji iku sampek entek. 5 Ana pisan sing rotoh ning wewatunan, sing lemahe orak akeh. Wiji iku cepet cukul merga lemahe mek titik. 6 Tapi bareng sengenge wis munggah, pupuse alum terus dadi garing merga oyote orak bisa jero. 7 Ya ana sing rotoh ning suket eri. Bareng suket erine tambah gede, pupuse wiji mau kecepit suket erine, sampek ahire mati. Mangkane orak nguwoh. 8 Terus ana sing rotoh ning lemah sing landuh. Wiji iku cukul dadi gede terus sampek nguwoh akeh. Asile iku ana sing telung puluh (30) lipet akehe, ana sing suwidak (60) lipet, ya ana sing sampek satus (100) lipet akehe.” 9 Maringono Yesus guneman, “Sapa sing duwe kuping, rungokna!”
10 Maringono pas Yesus dewean, murid-muride mbarek wong-wong sing biasane melu, pada teka terus takon nang Yesus tegese paribasan iku mau. 11 Yesus guneman nang wong-wong iku, “Sira kabeh Tak genehi pengerten ngenek'i rahasiane Kerajaane Pengeran. Tapikne nang wong-wong liyane, Reang mek mulang kabeh iku gawe paribasan, 12 cekne:
‘Masia ndeleng tapi orak weruh,
masia ngrungok'en tapikne orak ngerti,
kepe ajo mbalik nang Reang terus disepura.’ ” (Yesaya 6:9-10)
13 Maringono Yesus guneman, “Apa sira orak ngerti maksute paribasan iku? Nek ngono njare sira bisa ngerti kabeh paribasan liyane? 14 Wong tani iku nggambaren wong sing nyawuren pesene Pengeran. 15 Wiji sing rotoh ning pinggir dalan iku entah wong sing ngrungok'en pesene Pengeran, tapi Iblis teka terus nyolong pesen iku teka njero atine.
16 “Sing rotoh ning wewatunan iku tegese wong sing ngrungok'en pesene Pengeran terus langsung nerima ambek ati sing seneng. 17 Tapi wuruk'ane iku orak moyot ning atine terus imane ya orak kuwat. Nek ana pengguda utawa siksaan merga Kabar Apik, wong-wong entah iku cepet ninggalen imane.
18 “Terus sing rotoh ning suket eri, iku pada karo wong sing ngrungok'en pesene Pengeran, 19 tapikne kuwatir nang uripe, terus sing dipikir mek dunya brana wae. Wong-wong iku mek nggolek'i paran wae sing nyenengen atine. Kabeh iku sing nggawe pesene Pengeran kecepit ning atine wong terus orak bisa nguwoh.
20 “Ahire, sing rotoh ning lemah sing landuh iku tegese wong sing ngrungok'en pesene Pengeran, karo ditampa apik ning atine. Pesen iku nguwoh sampek ana sing telung puluh (30) lipet akehe, ana sing suwidak (60) lipet, ya ana sing sampek satus (100) lipet akehe.”
Paribasane teplok
21 Maringono Yesus guneman nang wong-wong iku, “Nanak sesijia wong sing nyumet teplok maringono ditutup nggawe gentong utawa dideleh ning isore longan. Tapikne bakal dideleh nang nduwuran cekne katok padange. 22 Nanak sesijia sing disingeten sing orak bakal keweruhan. Ya nanak sesijia rahasia sing orak bakal konangan. 23 Sapa sing duwe kuping, rungokna!”
24 Maringono Yesus guneman maneh, “Rungokna sing apik. Takeran sing sira gawe nang wong, bakal digawe kanggo naker sira dewe. Tapi orak mung iku tok. Pengeran ya bakal nambahi iku nang sira. 25 Merga sapa wae sing ngerti paran sing bener, pengertene bakal ditambahi. Tapi wong sing orak ngerti paran sing bener, pengerten paran wae sing ana nang wong iku, bakale dijupuk.”
Paribasane weneh
26 Maringono Yesus guneman, “Kerajaane Pengeran iku entah wong sing nyawuri weneh gandum ning lemah. 27 Wong tani iku saben bengine turu, terus awane ya tangi, entah biasane. Sak'wene iku, weneh mau cukul terus tambah suwe tambah gede. Tapi wong tani iku orak ngerti njare weneh bisa cukul, njare bisa tambah gede. 28 Lemah bisa nggawe weneh mau cukul dewe, sampek ngetok'en asile. Kawite, weneh mau cukul, maringono mupus, terus metu godonge. Teka pange metu wijine sing bek isine ya gembel. 29 Pas wiji-wiji gandum iku wis tuwek, gandume iku langsung diketok nang wong tani, merga wis wayahe kanggo manen.”
Paribasane wiji sing cilik
30 Yesus guneman maneh, “Kerajaane Pengeran iku Tak ibaraten karo paran? 31 Kerajaane Pengeran iku Tak ibaraten karo wiji cilika sing disawuren wong ning lemah. Masia wiji iku sing paling cilik, teka sak'kabehe wiji ning ndunya, 32 tapi sak'marine disawuren bakale cukul, terus bisa dadi wit sing paling gede teka tanduran liyane. Wit iku bisa ngetok'en pange sing gede, sampek manuk-manuk bisa ngiup ya bisa nggawe susuh ning kono.”
33 Yesus nggawe akeh paribasan entah iku kanggo mulang wekasane Pengeran nang wong-wong. Yesus nyampek'en kabeh iku nurut paran sing bisa diterima nang pengertene wong-wong. 34 Yesus orak tau mulang nang wong nek orak gawe paribasan. Tapi pas wis nanak wong liyane, Yesus mesti negesen maksute kabeh paribasan iku nang murid-muride.
Angin karo ombak manut nang Yesus
35 Dina iku, pas kawit bengi, Yesus guneman nang murid-muride, “Ayo pada nunggang prau, terus budal nang sabrange ranu.” 36 Dadi sak'marine ninggalen wong akeh, Yesus mbarek murid-muride pada budal nunggang prau sing maune digawe Yesus mulang. Pas iku ana pepirang prau liyane sing melu ngetuten. 37 Mara-mara ana angin gede sing teka. Saking gedene angin, banyune mlutak, mlebu nang njero prau, sampek meh blai.
Saking gedene angin, banyune mlutak (4:37)
38 Pas iku Yesus keturon ning mburine prau, gawe bantal. Maringono murid-muride nggugah Yesus ambek guneman, “Guru, kene kabeh meh mati! Apa Rika orak nggatek'en kene ta?”
39 Yesus tangi terus nyenggrangi angine, ya guneman nang banyune, “Mandeka angin, menenga banyu!” Memara angin karo banyune dadi anteng. 40 Terus Yesus guneman nang murid-muride, “Ngapa sira wedi? Ngapa kok orak percaya nang Reang?”
41 Murid-murid iku dadi wedi temenan, terus pada guneman siji nang sijine ngene, “Sapa sak'temene Wong iki? Angin karo banyu kok manut nang kongkonane.”