Yesus marasen wong pas dina Sabat
3
Maringono Yesus mlebu maneh nang balai agama Ibrani. Ning kono ana wong sing tangane lumpuh sisih. 2 Terus ana wong-wong sing nguwasen paran sing kate dilakoni Yesus. Nek'e Yesus marasen wong pas dina Sabat, iku bakale dadi dalan kanggo nyalahen Yesus. 3 Terus Yesus guneman nang wong sing tangane lumpuh sisih iku, “Ngadek'a sira ning ngarepan kene!” 
Wong sing tangane lumpuh (3:3)
4 Marine iku Yesus takon nang wong-wong sing ana ning kono, “Nurut Hukum Agama Ibrani, paran sing oleh dilakoni pas dina Sabat? Nglakoni sing apik utawa sing elek? Nyelameten wong utawa mateni wong?” Tapi wong-wong iku pada meneng. 5 Maringono Yesus nguwasen sak'kabehe wong ambek rumangsa mangkel. Yesus ya sedih merga atine wong-wong iku atos. Terus Yesus guneman nang wong sing tangane lumpuh sisih iku, “Elungna tangane sira!” Mari wong iku njuluren tangane, mara tangane langsung waras.
6 Mangkane wong-wong teka golongane Farisi iku langsung budal, terus molai rundingan bebarengan wong-wong sing setia nang Raja Herodes ngenek'i njare carane mateni Yesus.
Yesus marasen akeh wong ning pinggire ranu
7 Maringono Yesus mbarek murid-muride ninggalen enggon iku, terus budal nang Ranu Galilea. Pas iku akeh wong sing ngetuten Yesus teka mburi. Wong-wong iku maune budal teka daerah Galilea karo daerah Yudea. 8 Ana sing teka kota Yerusalem, daerah Idumea, daerah wetane kali Yordan, ambek teka kota Tirus karo kota Sidon. Wong akeh iku pada teka, merga wis mari ngrungok'en kabeh sing dilakoni Yesus. 9 Merga saking akehe wong, Yesus ngongkon murid-muride nyepak'en prahu kanggo Yesus, cekne orak didesel-desel nang wong akeh iku. 10 Yesus wis marasen akeh wong, mangkane kabeh wong sing lara paran wae pada desel-deselan cekne bisa nyandak Yesus. 11 Pas ndeleng Yesus, wong-wong sing klebon roh-roh jahat pada sujud ning ngarepe Yesus mbarek memelung, “Rika iku Anak'e Pengeran!” 12 Tapi Yesus menggak temenan nang roh-roh jahat iku cekne orak ngomong peparan wae soal sapa sak'temene Yesus iku.
Yesus milih rolas muride cekne dadi utusan-utusane
13 Maringono, Yesus munggah nang pusung, terus nyeluk wong-wong sing dikarepi, terus didadek'en utusan-utusane. Wong-wong iku pada teka. 14 Ning antarane wong-wong iku, Yesus milih rolas wong cekne mbarengi Yesus, terus bakal diutus kanggo ngabaren Kabar Apik teka Pengeran. 15 Yesus ya nggewehi kuwasa nang utusan-utusan iku kanggo nundung roh-roh jahat.
16 Rolas wong sing dipilih Yesus yaiku:
Simon (sing Yesus njenengi 'Petrus'),
17 Yakobus karo dulure, Yohanes. Lelorone anak'e Pak Sebedeus (Yesus nyeluk wong loro iku ‘Boanerges’ sing tegese “anak-anak'e gluduk”),
18 Andreas,
Filipus,
Bartolomeus,
Matius,
Tomas,
Yakobus, anak'e Pak Alfeus,
Tadeus,
Simon sing ‘fanatik’,a
19 ambek Yudas Iskariot, sing masrahen Yesus nang pemimpin-pemimpin agama cekne dipateni.
Yesus didarak'en nggawe kuwasane Iblis
20 Maringono Yesus mbalik nang umah. Pas iku akeh wong pada teka nglumpuk ning kono. Merga saking akehe wong, Yesus mbarek murid-muride iku sampek kate mangan wae orak kober. 21 Ngrungok'en iku, dulure Yesus pada teka kepingin nggawa Yesus mbalik moleh, merga mikir nek Yesus wis orak waras pikire.
22 Ahli-ahli agama Ibrani sing mudun teka Yerusalem ya guneman soal Yesus ngene, “Wong iki wis klebon Iblis!b Wonge iku nundung roh jahat nggawe kuwasane Iblis.”
23 Sidane wong-wong kabeh dikongkon nglumpuk terus Yesus molai mulang gawe paribasan, “Njare kok Iblis nundung Iblis? Iblis orak kira ngono, iku pada wae mbarek nundung awak'e Iblis dewe. 24 Nek ana golongan-golongan utawa klompok-klompok sing pada memungsuhan ning salah sijine kerajaan, kerajaan iku mesti bakale ajur. 25 Nek'e ana wong umah-umah sing orak rukun, mesti rumah tanggane bakale buyar. 26 Ya ngono pisan, nek'e Iblis memungsuhan karo awak'e Iblis dewe, terus pecah, kerajaane bakal orak kuwat, ya bakale ajur. 27 Nanak wong sing bisa mlebu nang umahe wong sing kuwat terus njupuk dunya branane, nek'e wong sing kuwat mau orak ditaleni dikek. Nek wis mari ditaleni, baru wong bisa njupuk dunya branane wong kuwat mau.
28 “Gunemane Reang iki bener temenan, kabeh dusa-dusane uwong karo guneme sing elek bakale disepura. 29 Tapikne sapa wae sing ngenyek Rohe Suci teka Pengeran, wong iku orak bisa disepura, merga salahe iku dusa sing sak'lelawase.”
30 Yesus guneman ngono merga wong-wong iku wis guneman, “Yesus iku klebon roh jahat.”
Sapa sing dianggep dulur nang Yesus
31 Marine ngono, makne Yesus karo dulur-dulure teka kepingin nyampuhi Yesus, terus pada ngenteni ning njabane umah. Dulur-dulure iku njaluk wong nyeluk Yesus. 32 Pas iku ana akeh wong sing lungguh ngubengi Yesus terus pada guneman, “Guru, delengen! Makne karo dulur-dulure Rika ana ning njaba, pada kepingin nyampuhi Rika.”
33 Maringono Yesus semaur, “Sak'temene sapa sih makne karo dulure Reang iku?” 34 Terus Yesus nguwasen wong ning kiwa tengene mbarek guneman, “Delengen! Ikilo makne Reang karo dulure Reang dewe! 35 Sapa wae sing nglakoni kekarepane Pengeran, ya wong iku sing dadi makne reang, ya dadi dulur lanang karo dulur wedok'e Reang dewe.”