Kabar Apik Nurut
Lukas
Lukas nulis kitab nang Bapak Teofilus
1
Salam teka reang, Lukas, nang Bapak Teofilus sing tak ajeni. Akeh wong wis ngrekadaya nulis cerita-cerita ngenek'i uripe Yesus pas gek ana ning ndunya. 2 Paran sing ditulis iku, asale teka wong sing urip bebarengan ambek Yesus, terus nyeritak'en paran sing tau kedadean. 3 Kabeh ceritane Yesus molai kawitan wis tak klumpuk'en. Terus nurut reang luwih apik nek cerita-cerita iku tak dadek'en kitab iki. 4 Sak'iki reang kate mbuktek'en nek kabeh sing wis diwuruk'en soal Yesus nang rika iku pancen bener.Sakaria oleh wangsit soal laire Yohanes
5 Pas Raja Herodes Agunga mrentah ning daerah Yudea, ana pengarepe sembahyang sing jenenge Sakaria. Sakaria iku gek anak putune Pak Abia. Na, Abia iku buyute Harun, pengarepe sembahyang sing kawitan biyen. Bojone Sakaria, sing jenenge Elisabet, ya anak putune Harun pisan. 6 Uripe Sakaria karo bojone dianggep bener nang Pengeran merga orak tau lali nglakoni kabeh prentahe Gusti Pengeran. 7 Tapikne, wong loro iku orak duwe anak merga Elisabet mandul, karo maneh umure wis tuwek.
8-9 Ning salah sijine dina, keluargane Abia kepilih nyangga tugas ning Umahe Pengeran.b Terus, pas iku tibak'e Sakaria sing kepilihc ngobong menyan ning papan suci iku. 10 Bareng iku, akeh wong Ibrani pada ndedunga ning latare Umahe Pengeran.
11 Pas Sakaria ana ning ngarepe enggon pengobongan menyan, memara ana malaekate Gusti Pengeran ning sisih tengene pengobongan menyan iku. 12 Sakaria kaget ambek wedi temenan.
13 Tapi malaekat iku guneman, “Ajo wedi! Dungane sira karo bojone wis dikabulen Pengeran. Bojone sira bakale nglairen lare lanang sing kudu sira jenengi Yohanes. 14 Sira karo wong akeh bakale seneng temenan pas lare iku dilairen, 15 merga derajate lare iku bakale duwur ning ngarepe Gusti Pengeran. Kawit ning njero wetenge makne, lare iku bakal dikuwasani Rohe Pengeran. Terus mari lair, lare iku ajo diolehi ngombe anggur. 16 Mbesok lare iku bakale mbalik'en akeh wong Ibrani nang kekarepane Gusti Pengeran. 17 Lare iku bakal mlaku ning ngarepe Gusti Pengeran, terus ngapik'en maneh atine bapak-bapak karo anak-anak sing wis tau congkrah. Terus bakale ngobah atine wong-wong elek dadi bener, cekne bisa nerima Gusti Pengeran. Mbesok, paran sing dilakoni lare iku bakale memper watek'e karo kuwasane Nabi Elia biyen.”d
18 Maringono Sakaria njawab, “Masak sih! Reang iki wis tuwek, apa maneh bojone reang wis tuwek pisan.”
19 Tapi malaekat iku guneman, “Reang iki Gabriel sing ngabdi nang Pengeran. Pengeran dewe sing ngongkon reang teka nang sira, cekne weruh Kabar Apik iki. 20 Gunemane reang bakale kedadean pas wayah sing ditentok'en. Tapi merga sira orak percaya, molai sak'iki sira dadi wong bisu, sampek lare iku dilairen.”
21 Barengono, ning latare Umahe Pengeran akeh wong gek pada ndedunga ambek ngenteni Sakaria. Terus wong-wong iku mikir, “Ngapa kok Sakaria suwe temen ning Umahe Pengeran? Ngapa kok orak metu-metu?” 22 Maringono Sakaria metu, tapikne orak bisa guneman peparan. Sakaria mek ngobah-ngobahen tangane cekne wong-wong ngerti Sakaria iku bisu. Terus pada ngerti nek Sakaria mari oleh wangsit teka Pengeran. 23 Sak'wise marek'en penggaweane ning Umahe Pengeran, Sakaria moleh.
24 Orak kosi suwe, Elisabet mbobot. Terus suwene limang wulan Elisabet meneng ning umah tok. 25 Elisabet guneman, “Duh Gusti Pengeran, Rika wis mberkahi esun. Esun orak kira isin maneh mergane esun nyatane orak mandul.”
Maria oleh wangsit soal laire Yesus
26 Sita Elisabet wis mbobot enem wulan, Pengeran ngongkon malaekat sing jenenge Gabriel nang desa Nasaret. Nasaret iku ana ning daerah Galilea. 27 Gabriel dikongkon nyampuhi prawan sing jenenge Maria. Maria wis pacangan karo wong sing jenenge Yusuf. Yusuf iku gek kelebu anak putune Raja Daud biyen.
28 Pas ketemu Maria, malaekat iku guneman, “Salam, sira sing diajeni. Gusti mbarengi sira.”
29 Maria kaget ngrungok'en guneme malaekat iku, terus takon ning njero atine, “Paran tegese salam iku mau ye?”
30 Tapikne malaekat iku guneman maneh nang Maria, “Ajo wedi, merga sira oleh welase Pengeran. 31 Sak'temene sira bakale mbobot, terus bakal nglairen lare lanang, sing kudu dijenengi ‘Yesus’. 32 Lare iku bakale dadi penggede, mergane Lare iku Anak'e Gusti Pengeran sing Maha Duwur. Ambek maneh, Gusti Pengeran kate ndadek'en Lare iku raja, tiru leluhure, yaiku Raja Daud biyen. 33 Lare iku bakal mrentah anak putune Yakub, yaiku bangsa Ibrani. Kerajaane orak bisa sirna sak'lawas-lawase.”†
34 Maringono Maria takon nang malaekat iku, “Njare iku bisa kedadean? Esun iki gek prawan, durung tau sanding wong lanang.”
35 Malaekat iku njawab, “Rohe Pengeran bakal mudun mlebu nang awak'e sira, karo maneh kuwasane Gusti Sing Maha Duwur kate mayungi sira. Mangkane lare sing kate lair iku bakale diarani Lare Suci teka Pengeran. 36 Apa maneh Elisabet, dulure sira sing mandul karo sing wis tuwek iku, sak'iki wis mbobot lare lanang suwene enem wulan. 37 Bobotane iku mbuktek'en nek nanak sing mokal kanggo Pengeran.”
38 Maria nyauri ngene, “Esun iki ngabdi nang Gusti Pengeran. Dadi esun lega nerima paran wae sing dikarepen nang Pengeran.” Maringono malaekat iku budal.
Maria marani Elisabet ning umahe
39 Sak'marine iku, Maria budal nang umahe Sakaria, bojone Elisabet, ning daerah Yudea. Desa iku ana ning pusungan. 40 Njebul ning kono, Maria mlebu umahe, terus nyeluk Elisabet. 41 Pas krungu salame Maria, lare sing ana ning bobotane Elisabet obah nemen. Maringono, Elisabet dikuwasani Rohe Pengeran 42 terus Elisabet guneman banter ngene, “Maria, sira iki wong wedok sing paling diberkahi ketimbang wong-wong wedok liyane. Apa maneh, lare sing ana ning bobotane sira iku diberkahi pisan. 43 Masia esun iki wong cilik, dina iki esun diajeni merga ditekani sing kate nglairen Rajane esun. 44 Pas esun krungu salame sira, lare sing tak bobot iki obah kesenengen. 45 Maria, sira diberkahi, merga sira wis percaya nek gunemane Gusti Pengeran bakal kedadean.”
Maria muji nang Pengeran
Terus Maria guneman:
46-47 “Atine esun muji nang Gusti Pengeran.
Esun nyembah Gusti Pengeran sing nyelameten esun.
48-49 Pengeran wis iling nang esun, wong cilik iki.
Molai sak'iki kabeh bangsa nganggep esun wong sing paling diberkahi
merga Pengeran sing Maha Kuwasa nggenehi mujijat nang esun.
Pengeran iku Maha Suci.
50 Pengeran bakal mesak'en nang wong-wong sing manut turun-temurun.
51 Pengeran wis ndudohen kuwasa gawe tangane
karo ngocar-ngaciren wong-wong sing gemede atine.
52 Pengeran wis nglengseren wong-wong teka jabatane sing duwur
tapi ngunggahen derajate wong-wong sing orak gendak.
53 Pengeran wis nggenehi rejeki gede nang wong sing keluwen
tapi wong sugih didadek'en wong sing orak duwe peparan.
54-55 Pengeran wis nulung abdine, yaiku bangsa Ibrani.
Pengeran wis iling janjine sing digenehi biyen nang mbah buyute wong Ibrani,
yaiku Abraham karo anak putune sampek sak'lelawase.”
Laire Yohanes
56 Sak'wise telung wulan manggon ning umahe Elisabet, Maria moleh nang umahe. 57 Sita wis wayahe babaran, Elisabet nglairen lare lanang. 58 Tangga-tanggane karo dulur-dulure pada seneng merga krungu Elisabet wis oleh welas asihe Gusti Pengeran sing gede.
59 Pas umure wolung dina, lare iku kate disunat karo dijenengi. La wong-wong kepingin njenengen lare iku ‘Sakaria’ pada karo jenenge bapakne. 60 Tapi Elisabet menggak, “Lare iku kudu dijenengi ‘Yohanes’.”
61 Wong-wong iku guneman, “Ngapa kok ngono? Nanak sesijia wong sing dijenengi ngono ning keluargane sira.” 62 Maringono wong-wong iku gawe tangane takon nang Sakaria merga kepingin weruh jeneng paran sing kate digenehen nang lare iku. 63 Merga gek bisu, Sakaria njaluk watu lebek, terus nulis ‘Yohanes.’ Wong kabeh pada gawok. 64 Sekala iku Sakaria molai bisa guneman maneh ambek muji Pengeran.
65 Tangga-tanggane pada gawok, sampek kabeh wong ning daerah pegunungan Yudea pada weruh kedadean iku. 66 Wong kabeh sing krungu pada mikir ning atine terus guneman, “Mbesok, lare iki mesti dadi wong sing kesuwur!” Wong-wong guneman ngono merga kuwasane Gusti Pengeran ana ning lare iku.
Kidunge karo ramalane Sakaria
67 Maringono, Sakaria dikuwasani Rohe Pengeran, terus nyampek'en pesene Pengeran ngene:
68-75 “Sak'iki reang muji Gusti, Pengerane wong Ibrani,
merga Pengeran wis kawit netepi janjine kanggo mbebasen umate.
Pengeran nyawisen raja sing kuwat
teka anak putune Raja Daud.
Janji iku persis sing wis diramalen nabi-nabi sing suci biyen. Isine janji iku ngene:
‘Wong Ibrani bakale dibebasen teka musuh-musuhe,
ya teka tangane kabeh sing sengit.’
Sak'iki Pengeran wis mbuktek'en welas asihe nang leluhure wong Ibrani
merga janjine sing suci iku molai dinyatak'en.
Janji iku digenehi nang Mbah Abraham biyen.
Mangkane wong Ibrani bakal dislameten teka musuhe cekne orak wedi ngladeni Pengeran.
Wong Ibrani ya bisa ngladeni Pengeran nggawe ati sing suci karo bener sak'uripe.
76 Na, Yohanes, anak'e reang, sira bakale didadek'en nabine Gusti Pengeran sing Maha Duwur.
Sira iki bakale mlaku ndiki'i kanggo nyiapen dalane Gusti Pengeran.
77 Sira bakale ndudohen dalan slamet nang umate Pengeran,
yaiku, njare carane dusane wong bisa disepura.
78 Merga welas asihe Pengeran,
Raja iku bakale teka nang ndunya tiru sorote sengenge pas isuk.
79 Terus, sing lungguh ning pepeteng
karo sing urip ning ayang-ayange pati
bakale dituntun nang dalane Pengeran sing tentrem.”
80 Maringono ragane karo jiwane Yohanes iku tambah suwe tambah kuwat. Terus lare iku manggon ning ara-ara amba sampek molai ngabaren dalane Pengeran nang bangsa Ibrani.