Riwayate Utusan-utusane Yesus
Bebuka
Ngapa kok kitab iki ditulis?
Ning kitab iki, Lukas nyeritak'en riwayate utusan-utusane Yesus sak'marine Yesus diunggahen nang swarga. Utusane Yesus mau nyampek'en Kabar Apik ngenek'i Yesus nang akeh wong. Sapa wae sing tobat terus percaya nang Yesus bisa dislameten Pengeran, yaiku dusane disepura, terus uripe dianyaren. Kitab iki ditulis kurang luwih taun 63 Masehi.
Paran wae sing diomongen ning kitab iki?
1. Kuwasa karo penggaweane Rohe Pengeran.
2. Njare carane utusane Yesus nyampek'en Kabar Apik nang sak'kabehe ndunya.
3. Mujijat-mujijat sing dilakoni utusan-utusane Yesus.
4. Siksaan sing dialami wong-wong sing melu Yesus.
5. Njare wong sing percaya nang Yesus bisa duwe urip sing rukun ambek bungah.
Tema : Sak'marine Yesus munggah nang swarga, Rohe Pengeran nguwaten murid-muride Yesus kanggo nyeritak'en Kabar Apik nang kabeh bangsa.
Ayat kunci: 1:8 - “Tapi sira bakal nerima kuwasa pas Rohe Pengeran mudun nang sira. Maringono sira bakal dadi saksine Reang nang wong sing ana ning kota Yerusalem, sing ana ning daerah Yudea iki, sing ana ning daerahe wong Samaria, sampek nang sak'kabehe enggon ning ndunya.”
Isine
1. Petrus ambek wong percaya sing kawitan teka suku Ibrani (pasal 1-12)
A. Yudea, Galilea, Samaria (pasal 1-9)
B. Fonesia, Siprus, Antiokia (pasal 9-12)
2. Paulus ambek wong percaya teka suku-suku liyane (pasal 12-28)
A. Mlakune Paulus sing kawitan [Siprus, Antiokia, Ikonium, Listra/Derbe] (pasal 13-14)
B. Pemimpine wong percaya mbantahen masalah wong duduk Ibrani sing percaya nang Yesus (pasal 15)
C. Mlakune Paulus sing nomer loro [Makedonia] (pasal 15-18)
D. Mlakune Paulus sing nomer telu [Galatia, Frigia, Efesus] (pasal 18-21)
E. Paulus dicekel ning kota Yerusalem (pasal 21-26)
F. Mlakune Paulus nang Roma (pasal 27-28)