Riwayate Utusan-utusane Yesus
Lukas nggewehi salam nang Teofilus
1
Salam teka reang, Lukas, nang Bapak Teofilus. Iki kitabe reang sing nomor loro nang rika. Ning kitab sing kawitan biyen, reang wis njelasen nang rika kabeh penggaweane karo wulangane Yesus. Kabeh iku molai penggaweane Yesus biyen 2 sampek dinane diunggahen nang swarga. Tapi, sak'durunge diunggahen nang swarga, Yesus dikuwaten nang Rohe Pengeran kanggo nggenehi wekasan nang wong-wong sing dipilih dadi utusane.
Wekasane Yesus sak'durunge diunggahen nang swarga
3 Sak'marine mati, Yesus gawe cara sing akeh kanggo mbuktek'en nek'e pancen tangi teka patine. Sak'wene petang puluh (40) dina Yesus bulak-balek ndudohen awak'e nang utusan-utusane ambek ngomongen Kerajaane Pengeran.a
4 Ning salah sijine dina, Yesus nglumpuk bareng utusan-utusane. Terus nggenehi pesen ngene, “Ajo budal teka kota Yerusalem iki. Entenana ning kene sampek Sang Bapak nggenehi paran sing dijanjek'en nang sira, yaiku janji sing wis tau Tak sampek'en nang sira. 5 Biyen Yohanes mbaptisb wong sing tobat gawe banyu. Tapi pepirang dina engkas sira bakale dibaptis gawe Rohe Pengeran.”
Yesus diunggahen nang swarga
6 Ning salah sijine dina utusan-utusan iku mau nglumpuk, terus takon, “Gusti, apa sak'iki Rika kate ngokohen kerajaane bangsa Ibrani cekne kuwat maneh?”
7 Yesus njawab ngene, “Sang Bapak dewe sing duwe hak kanggo nentok'en dina kapan kelakon. Sira orak usah mikiren dinane. 8 Tapi sira bakal nerima kuwasa pas Rohe Pengeran mudun nang sira. Maringono sira bakal dadi saksine Reang nang wong sing ana ning kota Yerusalem, sing ana ning daerah Yudea iki, sing ana ning daerahe wong Samaria, sampek nang sak'kabehe enggon ning ndunya.”
9 Sak'marine guneman ngono Yesus diunggahen nang swarga karo kuwasane Pengeran. Utusan-utusane pada ndeleng kedadean iku sampek Yesus ketutup mendung terus orak katok maneh. 10 Pas utusan-utusan iku gek mandeng mentas, mara-mara ana malaekat loro kabehe, arupa wong sing klambine putih, ngadek ning pinggire utusan-utusan iku. 11 Malaekat loro iku guneman, “He wong-wong teka Galilea, ngapa sira kok mandeng mentas wae? Yesus wis munggah nang swarga. Tapi Yesus bakale mbalik maneh nang ndunya gawe cara sing sira deleng maune.”
Muride Yesus ngrungok'en gunemane malaekat (1:11)
Matias kepilih ngganteni Yudas dadi utusane Yesus
12 Maringono utusan-utusan mau pada budal teka pusung Saitun iku, terus mbalik nang kota Yerusalem, kira-kira adohe sak'kilo.
13-14 Bareng teka ning kota Yerusalem, pada mlebu nang umah sing digawe nginep, terus munggah nang kamar pinggir duwur. Ning antarane utusan-utusan mau ana:
Petrus,
Yohanes,
Yakobus,
Andreas,
Filipus,
Tomas,
Bartolomeus,
Matius,
Yakobus sing anak'e Pak Alfeus,
Simon sing dianggep fanatik,c
ambek Yudas anak'e Pak Yakobus.
Kabeh pada dadi siji, terus gelek nglumpuk bareng kanggo ndedunga. Sing melu ndunga ana Maria, yaiku makne Yesus, wong-wong wedok liyane karo dulur-dulur lanange Yesus.
15 Ning salah sijine dina ana kira-kira satus rong puluh (120) wong percaya sing pada nglumpuk. Pas iku Petrus ngadek terus guneman, 16 “Dulur kabeh, ramalan ning Kitab Suci kudu dijangkepi. Biyen Rohe Pengeran tau nyeritak'en ngenek'i Yudas ngliwati Raja Daud. Nyatane Yudas iku sing dadi pemimpine wong sing nyekel Yesus. 17 Yudas iku maune kancane sewelas utusan iki, sing dipilih kanggo ngabdi nang Yesus pisan.”
18 (Na Yudas wis tuku gaga gawe asile nglakoni jahat nang Yesus. Maringono Yudas rotoh mlumah, terus wetenge sowek sampek jeroane wetenge metu kabeh. 19 Kedadean iku wis diweruhi nang kabeh wong ning kota Yerusalem. Mangkane wong-wong kono ngarani gaga sing dituku Yudas iku ‘Akel Dama.’ Akel Dama iku basa Aram, sing tegese ‘Gagane Getih’).
20 Terus Petrus guneman maneh, “Ilinga ramalan ning Kitab Suci Masmur ngene,
‘Kepe wae umahe wong iku dadi sepi,
terus nanak sing manggon ning kono.’
Ana tulisan ngene pisan,
‘Kepe wae penggaweane wong iku
diganteni karo wong liyane.’ ” (Masmur 69:26; 109:8)
21-22 “Merga iku kudu ana wong liya sing ngganteni Yudas. Terus gantine iku kudu dipilih teka salah sijine murid sing ngetuten Gusti Yesus molai kawitan sampek sak'iki. Ya molai Yesus dibaptis Yohanes sampek nang dinane diunggahen nang swarga. Wong memper iku bisa dadi saksi bareng sewelas utusan iki nek Yesus wis tangi maneh teka pati.” 23 Terus wong-wong sing ana ning kono nggewehi usul wong loro. Wong loro iku jenenge Matias karo Yusuf. (Na, Yusuf iku ya diceluk ‘Yustus’ utawa ‘Barsabas’).
24-25 Maringono kabeh pada ndedunga ngene, “Duh Gusti, Rika weruh Yudas wis leren dadi utusane Rika. Yudas wis mati terus budal nang enggon ukumane. Rika sing weruh atine kabeh menungsa. Merga iku, tulung dudohna ning antarane wong loro iki sapa sing Rika pilih kanggo nerusen penggaweane Yudas sing wis ditinggalen.”
26 Maringono jenenge wong loro iku dikopyok cekne weruh sapa sing dipilih. Ahire, Matias sing kepilih dadi ‘utusan’ terus mlebu nang golongane sewelas utusane Yesus.