Murid-muride Yesus digenehi kuwasane Rohe Pengeran
2
Pas dina Pentakosta,a yaiku riaya panen, kabeh wong percaya pada nglumpuk ning salah sijine umah. 2 Pas gek pada lungguh, mara-mara krungu suwara sing banter teka langit entah suwarane angin gede sing ngebek'i umah iku. 3 Maringono katok pisan entah barak'e geni sing nyebar. Barak'e geni iku mudun terus mencok ning nduwure murid-murid iku kabeh. 4 Pas iku murid-murid mau dikuwasai Rohe Pengeran. Terus Rohe Pengeran iku nuntun murid-murid mau cekne bisa guneman gawe basa-basa liya sing maune orak diweruhi.
5 Na, pas iku akeh wong Ibrani sing asale teka kabeh bangsa ning ndunya, ana ning kota Yerusalem. Wong-wong Ibrani iku sregep sembahyange. 6 Sita krungu suwara sing banter mau, pada marek nang enggone murid-muride Yesus. Terus pada kaget temenan merga ngrungok'en basane dewe digawe nang murid-muride Yesus. 7 Wong-wong iku pada temenggengen, “Sing guneman iku pancen teka daerah Galilea. 8 Njare kok wong-wong Galilea iku bisa guneman gawe basa enggone reang karo enggone sira kabeh?”
9-11 Enggon-enggon sing diwakili, yaiku:
Partia,
Media,
Elam,
Mesopotamia,
Yudea,
Kapadokia.
Ana pisan teka daerahe:
Pontus,
Asia,
Frigia,
Pamfilia,
negara Mesir,
ambek pepirang daerah Libia sing parek'e kota Kirene.
Terus ana wong-wong sing asale teka kota Roma (yaiku wong Ibrani asli, ambek wong sing maune duduk wong Ibrani tapi wis melu agamane wong Ibrani).
Ana pisan wong teka pulau Kreta,
ambek daerah Arab.
Terus wong-wong teka akeh bangsa iku guneman maneh, “Njare kok wong-wong Galilea iku nyampek'en kedadean-kedadean gede sing wis dilakoni Pengeran, gawe basane reang karo sira sing orak pada?” 12 Pas gek temenggengen, wong-wong iku pada takon siji nang sijine ngene, “Paran tegese kedadean iki?”
13 Tapi ana sing ngenyek ngene, “Wong-wong Galilea iku mek mabuk tok.”
Pesene Petrus nang wong akeh
14 Merga iku Petrus ngadek bareng sewelas utusane Yesus liyane. Terus Petrus guneman ngene, “Dulur-dulur Ibrani karo kabeh wong sing manggon ning Yerusalem iki! Rungokna temenan gunemane reang iki! 15 Wong-wong iki orak mabuk entah sing sira ndarak'en iku, merga iki gek jam sanga isuk. Masak isuk-isuk ngene wong wis mabuk? 16 Nyatane kedadean iki wis diramalen ning Kitab Sucine Nabi Yoel biyen. Ramalane ngene:
17 ‘Ning pungkasane jaman Pengeran bakale nuangen Rohe dewe nang kabeh wong.
Anak-anak'e sira sing lanang karo sing wedok bakal ngramal.
Terus anak-anak'e sira sing enom bakale ndeleng wangsit.
Wong tuwek'e sira ya bakale digenehi ngipi.
18 Pengeran bakale nuangen Rohe dewe nang wong lanang karo wedok sing ngabdi nang Pengeran.
Ning dina-dina iku wong-wong iku bakale nyampek'en pesen-pesene Pengeran.
19 Pengeran bakale nggawe mujijat-mujijat ning langit, ya nggawe tetenger sing ajaib ning ndunya iki.
Bakale ana getih, geni karo kukus.
20 Sak'durunge dinane Gusti Pengeran ngadili ndunya iki, sengenge bakale malih dadi peteng, terus mbulan bakale dadi abang entah getih.
21 Pas iku sapa wae sing nyeluk jenenge Gusti Pengeran bakale dislameten.’ ” (Yoel 2:28-32)
22 Maringono Petrus nerusen gunemane, “He dulur-dulur Ibrani! Rungokna gunemane reang iki! Sira kabeh wis deleng dewe nek Yesus nggawe mujijat-mujijat karo tetenger sing gawok'i. Kabeh iku mbuktek'en nek Yesus teka desa Nasaret iku pancen diutus nang Pengeran. 23 Nurut kekarepane dewe, Pengeran wis ngatur cekne Yesus dipasrahen nang sira kabeh. Maringono sira kabeh mateni Yesus ning kayu salib ngliwati tangane wong-wong sing orak kenal Pengeran. 24 Tapikne Pengeran wis nguripen karo mbebasen Yesus teka larane pati. Yesus urip maneh merga orak bisa dikuwasani teterusan karo pepati. 25 Raja Daudb biyen tau ngramal tangine Yesus teka pati ngene,
‘Reang teterusan mandeng nang Gusti Pengeran.
Pengeran iku sing ngancani Reang
mangkane nanak sing bakale ngalahen Reang.
26 Merga iku atine Reang bungah temenan.
Ilate Reang memuji nang Pengeran,
terus awak'e Reang bakale manggon sak'njerone ayem tentrem.
27 Merga Rika orak ngejaren jiwane Reang teterusan ditinggalen ning enggone wong mati.
Rika ya orak ngejaren awak'e Abdine sing suci iki dadi bosok ning kuburan.
28 Rika wis ndudohen nang Reang, dalan sing nuju nang urip sing sejati.
Atine Reang bakal bungah temenan
merga Rika sing mbarengi Reang sak'lelawase.’ ” (Masmur 16:8-11)
29 Maringono Petrus nerusen gunemane, “He dulur-dulur Ibrani! Reang kate njelasen nang sira kabeh ngene. Raja Daud, mbah buyute kene kabeh iku, wis mati terus dikubur. Apa maneh kuburane pancen gek ana ning kene sampek sak'iki. Dadi ramalan iku duduk ngenek'i Daud dewe. 30 Daud wis weruh nang maksute ramalan iku merga Daud iku nabi. Pengeran wis janji ambek sumpah nang Daud nek'e bakale ngentas salah sijine anak putune Daud kanggo dadi Raja ning kerajaane. 31 Daud wis digenehi weruh paran sing bakal dilakoni Pengeran. Mangkane Daud wis ngramal nek Raja Pilihane Pengeran iku bakale tangi teka pati. Daud guneman ngene, ‘Raja iku orak bakal dijaren ning kuburan. Terus awak'e Abdi iku orak bakal ajur, ya orak bakal dadi bosok.’ ”
32 Terus Petrus guneman maneh, “Reang karo murid-muride Yesus iki wis ndeleng dewe nek Pengeran nguripen Yesus teka patine. 33 Maringono Yesus diunggahen terus lungguh ning panggonan sing diajeni, ning sisih tengene Pengeran. Yesus ya wis digenehi Rohe Pengeran entah sing dijanjek'en Sang Bapak biyen. Na, Rohe Pengeran iku ya wis dituangen pisan nang reang karo murid-murid liyane entah sing sira deleng karo rungok'en mau. 34 Jelas Daud orak ngramal ngenek'i awak'e dewe, merga Daud orak munggah nang swarga. Tapikne Daud dewe sing guneman soal Raja Pilihane Pengeran ngene,
‘Gusti Pengeran wis guneman nang Gustine reang ngene,
“Lungguha ning pinggir tengene Reang,
35 sampek Reang ndeleh musuh-musuhe Sira
ning isore sikile Sira.” ’ ” (Masmur 110:1)
36 Terus Petrus marek'en gunemane ngene, “Mangkane wong Ibrani kabeh kudu weruh temenan! Masia sira wis mateni Yesus ning kayu salib, tapi Pengeran wis nentok'en Yesus cekne dadi Gusti ya dadi Raja Pilihane Pengeran.”
37 Sak'marine ngrungok'en gunemane Petrus, wong-wong sing ana ning kono pada krasa nek wis salah. Terus pada takon nang Petrus karo utusan-utusan liyane ngene, “He, dulur-dulur! Paran sing kudu kene lakoni?”
38 Petrus njawab, “Tobata sira teka dusa-dusane sira. Maringono sira kudu dibaptis nganggo jenenge Yesus Kristus, cekne dadi tengere nek dusane sira wis disepura. Nek wis nglakoni ngono, sira bakal digenehi berkah, yaiku Rohe Pengeran. 39 Merga Gusti Pengeran bakale netepi janjine, yaiku nggenehi Rohe Pengeran nang wong-wong sing dipilih. Ya molai teka sira, anak-anak'e sira, karo wong akeh sing manggon adoh teka kene.” 40 Maringono Petrus gek teterusan nggewehi nasehat-nasehat karo nuturi temenan nang wong akeh sing ana ning kono. Petrus guneman, “Metu'a teka golongane wong jahat ning jaman iki, merga wong-wong iku bakal diukum nang Pengeran!” 41 Maringono akeh wong percaya nang gunemane Petrus terus dibaptis. Dina iku jumlahe wong sing percaya nang Yesus ketambahan kira-kira telung ewu (3.000) uwong.
Uripe wong sing wis percaya nang Yesus
42 Sak'wise iku wong-wong mau sregep ngrungok'en wulangan utusan-utusane Yesus. Wong-wong iku ya gelek nglumpuk kanggo ndedunga karo mangan bareng-bareng. 43 Utusan-utusane Yesus gawe akeh mujijat. Mangkane kabeh wong dadi gawok terus wedi nang kuwasane Pengeran.
44 Kabeh wong sing wis percaya nang Yesus gelek nglumpuk. Terus paran wae sing diduweni digawe bareng-bareng. 45 Ana sing ngedol keduwenane, terus asile dibagek-bagek'en nang kabeh uwong nurut butuhe dewe-dewe. 46 Saben dinane wong-wong iku pada sregep nglumpuk ning latare Umahe Pengeran.c Wong-wong iku ya pada gentenan mangan ning umahe dewe-dewe ambek ati sing seneng karo tulus. 47 Wong-wong iku teterusan memuji nang Pengeran ambek disenengi nang kabeh wong ning kota Yerusalem. Terus saben dinane Gusti Yesus nambah nang jumlahe wong sing dislameten.