Petrus marasen wong sing lara lumpuh
3
Ning salah sijine dina, pas jam telu, Petrus karo Yohanes budal nang Umahe Pengeran merga kate melu sembahyang sore. 2 Ning Umahe Pengeran kono ana lawang gapura gede sing diarani ‘Gapura Ayu.’ Na, ning lawang gapura iku ana wong lanang sing ngemis. Wong iku wis lumpuh molai gek laire biyen. Saben dinane digotong mrana cekne ngemis nang wong-wong sing mlebu metu nang latare Umahe Pengeran. 3 Bareng weruh nek Petrus karo Yohanes kate melu sembahyang, wong iku terus ngemis.
Petrus, Yohanes, karo wong ngemis (3:3)
4 Maringono Petrus karo Yohanes nguwasen nang wong ngemis iku terus Petrus guneman, “Delengen kene.”5 Terus wong ngemis iku nguwasen ambek arep-arep digenehi picis.
6 Tapi Petrus guneman, “Reang orak duwe picis blas. Tapi paran sing tak duweni, tak genehen nang sira. Nganggo kuwasane Yesus Kristus teka desa Nasaret iku, mlakua sira!” 7 Sak'wise iku Petrus nyekel tangan tengene wong ngemis mau terus direwangi ngadek. Sekala iku sikile karo ugel-ugele dadi kuwat. 8 Wong iku mara mencolot, ngadek, mlaku ngalor-ngidul, terus ngetuten Petrus karo Yohanes nang latare Umahe Pengeran. Pas ngetuten Petrus karo Yohanes, wong iku mlaku karo mencolot-mencolot ambek memuji nang Pengeran. 9 Kabeh wong ning kono ndeleng wong ngemis iku mlaku ambek memuji nang Pengeran. 10 Terus pada ngerti nek wong ngemis iku sing biasane lungguh ning lawang Gapura Ayu ning Umahe Pengeran. Sidane pada gawok temenan merga wong sing maune lumpuh iku wis waras.
Petrus mulang wong akeh ning latare Umahe Pengeran
11 Maringono wong sing wis waras iku gek teterusan ngetuten Petrus karo Yohanes sampek nang salah sijine latare Umahe Pengeran sing diarani latare Raja Salomo. Kabeh wong ning kono pada nglumpuk merga gawok. 12 Ndeleng kedadean iku Petrus guneman, “He, dulur-dulur Ibrani kabeh! Ngapa sira kok gawok ndeleng kedadean iki? Ngapa sira gek teterusan ndeleng reang karo Yohanes kaya ngono? Wong iku bisa waras duduk merga reang karo Yohanes iki sing sregep sembahyange. Reang karo Yohanes ya orak duwe kuwasa gawe marasen wong iki.”
13-14 “Mbah buyute kene, yaiku Abraham, Isak, karo Yakub, nyembah nang Pengeran. Na, Pengeran iku sing nduwuren abdine, yaiku Yesus. Tapi sira kabeh wis nyerahen Yesus nang Gubernur Pilatus cekne diukum pati. Masia Pilatus kepingin mbebasen Yesus, tapi sira orak gelem nerima wong sing suci karo bener iku. Malah sira wis njaluk cekne Pilatus mbebasen wong liya, yaiku tukang mateni wong.a 15 Sira kabeh wis mateni Yesus, yaiku sumber uripe kabeh menungsa. Tapi Pengeran wis nguripen Yesus teka pepati. Kene wis dadi saksine kabeh kedadean iku. 16 Sira kabeh wis weruh dewe nek wong sing maune lumpuh iki wis waras temenan. Kuwasane Yesus sing nguwaten wong iki. Wong iki bisa waras merga percaya nang kuwasane Yesus.
17 “He, dulur-dulur Ibrani! Sira karo pemimpin-pemimpine sira wis nglakoni ngono merga orak ngerti sapa Yesus iku. 18 Tapi kabeh iku kudu kelakon cekne Pengeran netepi ramalane sing disampek'en ngliwati nabi-nabi biyen. Ramalan iku ngene: Raja Pilihane Pengeran pancen kudu dilarani. 19 Merga iku tobata teka dusa-dusane sira terus balik'a nang Pengeran cekne dusa-dusane sira disepura. 20 Nek sira nglakoni ngono Pengeran bakale mulihen batine sira. Yesus wis ditentok'en dadi Raja Pilihane Pengeran kanggo sira. Mangkane Pengeran ya bakale ngutus Yesus nang sira. 21 Tapi, sak'durunge iku, Yesus kudu manggon ning swarga sampek wayahe Pengeran mulihen sembarang kalir. Dina iku wis tau diramalen nang nabi-nabi sing suci biyen. 22 Nabi Musa ya tau guneman ngene, ‘Mbesok, Gusti Pengerane sira bakale ngutus salah sijine nabi entah reang teka bangsane sira dewe. Pas iku sira kudu ngrungok'en paran wae sing disampek'en nabi iku. 23 Sapa wae sing orak gelem manut nang nabi iku bakale ditok'en teka golongane umate Pengeran terus bakale dimusnahen.’
24 “Kabeh nabi-nabi, molai Nabi Samuel biyen, sampek nabi-nabi sak'marine, ya wis tau ngramal nang paran sing bakale kedadean ning jaman iki. 25 Sira kabeh sing marisi kabeh ramalan iku mau. Sira kabeh sing nerima janjine Pengeran nang Mbah Abraham biyen ngene, ‘Ngliwati keturunane sira, Reang bakale mberkahi kabeh bangsa ning ndunya iki.’ 26 Pengeran wis ngutus abdine, yaiku Yesus, nang sira dikek, sak'durunge nang suku-suku liyane. Tujuane, Pengeran kate mberkahi sira kabeh cekne sira kabeh tobat teka carane urip sing jahat.”