Petrus karo Yohanes disidang ning ngarepe Mahkamah Agama
4
Pas Petrus karo Yohanes gek guneman nang wong akeh, mara-mara ditekani ketua-ketuane pengarepe sembahyang, pemimpin prajurit sing jaga Umahe Pengeran karo wong-wong teka golongane Saduki.a 2 Wong-wong iku pada memoring merga Petrus karo Yohanes mulang nek Yesus wis tangi teka pepati. Apa maneh, tangine Yesus mbuktek'en nek kabeh wong bakal urip maneh. 3 Maringono, Petrus karo Yohanes dicekel, terus dilebok'en ning bui sampek sisuk'e, merga wis kawit peteng. 4 Tapi, ning antarane wong-wong sing wis ngrungok'en wulangan iku, akeh sing percaya nang Yesus. Dadi jumlahe wong sing percaya iku sak'iki ketambahan dadi limang ewu (5.000) wong, orak keitung wong wedok karo lare cilik.
5 Terus sisuk'e, anggota-anggotane Mahkamah Agama, tetuwek'ane wong Ibrani karo ahli-ahli agama Ibrani pada nglumpuk ning kota Yerusalem. 6 Ning antarane wong-wong iku ana pisan Pak Hanas, yaiku pengarepe sembahyang agung, Pak Kayafas, Pak Aleksander karo kabeh wong liyane sing mlebu keturunane pengarepe sembahyang agung. 7 Maringono Petrus karo Yohanes digawa nang enggone sidang terus ditakoni ngene, “Sira nganggo kuwasane sapa utawa kuwasa teka endi kanggo marasen wong lumpuh iku?”
8 Terus Petrus dikuwaten Rohe Pengeran mangkane njawab ngene, “Pemimpin-pemimpin karo sesepuh wong Ibrani kabeh sing tak ajeni! 9 Kene diadili merga wis nglakoni apik nang wong lumpuh iku. Sak'iki rika kabeh kepingin weruh njare wong lumpuh iku bisa diwarasen. 10 Na, rika karo wong Ibrani kabeh kudu weruh nek wong lumpuh iku bisa waras terus ngadek jejek ning ngarepe rika kabeh merga kuwasane Yesus Kristus teka desa Nasaret iku. Masia rika kabeh wis mateni Yesus ning kayu salib, tapi Pengeran wis nguripen Yesus teka patine. 11 Pancen ramalan ngenek'i Yesus ning Kitab Suci wis dijangkepi:
‘Yesus iku watu sing dibuang tukang-tukang, yaiku rika kabeh.
Tapi nyatane watu iku wis dadi pondasine.’ (Masmur 118:22)
12 “Dadi mek ngliwati Yesus tok menungsa bisa dislameten. Merga ning ndunya iki nanak jeneng maneh sak'liyane Yesus sing wis diutus Pengeran kanggo nyelameten menungsa teka ukumane dusa.”
13 Anggota-anggotane sidang iku pada gawok ndeleng Petrus karo Yohanes iku wani. Apa maneh Petrus karo Yohanes mek wong biasa sing orak tau melu sekolahe agama Ibrani. Mangkane wong-wong iku ngerti nek Petrus karo Yohanes iku pancen muride Yesus. 14 Tapi wong-wong iku orak bisa nglawan merga kebukten nek wong sing diwarasen iku ngadek ning pinggire Petrus karo Yohanes. 15 Dadi wong-wong iku ngongkon Petrus karo Yohanes metu teka enggone sidang. Terus pada rembukan ngene, 16 “Kabeh wong ning kota Yerusalem wis weruh Petrus karo Yohanes gawe mujijat mau. Kedadean iku pancen kudu diakoni. Dadi paran sing kudu dilakoni? 17 Apik'e nek wong loro iku diancem wae cekne orak nyeritak'en jenenge Yesus nang sapa wae. Nek ngono kabar iki bakal orak nyebar nang wong akeh.”
18 Maringono wong-wong iku nyeluk Petrus karo Yohanes mlebu maneh nang enggone sidang. Terus pada ngancem Petrus karo Yohanes cekne orak mulang utawa guneman peparan nang wong liya ngenek'i Yesus.
Mahkamah agama ngancam Petrus karo Yohanes (4:18)
19 Tapi Petrus karo Yohanes guneman, “Endi sing luwih apik? Apa manut nang rika kabeh, utawa manut nang Pengeran? Rika sing mutusen dewe! 20 Merga kene kudu nyampek'en paran wae sing wis dirungok'en karo sing diweruhi teka Yesus.”
21-22 Na, pemimpin-pemimpine sidang iku orak bisa nemok'en dalan kanggo ngukum Petrus karo Yohanes. Apa maneh pemimpin-pemimpin iku wedi wong akeh bakale ngamuk. Wong akeh iku gek memuji nang Pengeran merga mujijat sing kelakon mau. Na, wong sing diwarasen liwat mujijat iku umure luwih teka petang puluh (40) taun. Mangkane pemimpin-pemimpin iku mek nganceman maneh luwih nemen terus diculen wae.
Wong percaya pada ndedunga cekne dadi wani nyampek'en pesene Pengeran
23 Sak'marine diculen, Petrus karo Yohanes budal nang kanca-kancane. Terus nyeritak'en paran wae sing wis diomongen ketua-ketuane pengarepe sembahyang karo sesepuhe wong Ibrani ning enggon sidang mau. 24 Ngrungok'en iku, kanca-kancane kabeh pada sepakat ndedunga nang Pengeran, “Duh Gusti! Rika sing wis nggawe langit, ndunya, segara karo sak'isine. 25 Rohe Rika wis tau guneman ngliwati abdine Rika biyen, yaiku Raja Daud. Daud, mbah buyute kene, tau guneman ngene,
‘Ngapa kok wong sing duduk Ibrani pada ngamuk?
Ngapa kok suku-suku pada gawe rencana sing nanak gunane?
26 Raja-raja ning ndunya pada nyiapen gamane,
pemimpin-pemimpine ndunya pada nglumpuk,
sepakat nganak'en perang nglawan Gusti Pengeran karo Raja pilihane.’ (Masmur 2:1-2)
27 “Kabeh iku wis kedadean, merga Raja Herodes Antipas karo Gubernur Pilatus wis nglumpuk bareng wong sing duduk Ibrani ya pisan karo wong Ibrani ning kota Yerusalem iki. Wong-wong iku pada nglumpuk kanggo nglawan Yesus, abdine Rika sing suci, sing wis Rika pilih iku. 28 Paran sing dilakoni wong-wong iku wis Rika tentok'en molai biyen nurut kuwasa karo kekarepane Rika dewe. 29 Duh Gusti Pengeran! Sak'iki Rika wis ndeleng dewe nek kene diancem nang wong-wong iku. Tulung gewehana rasa wani nang wong-wong sing ngabdi nang Rika iki cekne bisa nyampek'en pesene Rika nang wong liyane. 30 Ya Pengeran, gewehana kuwasa nang kene cekne bisa marasen wong, nganak'en tetenger sing gawok'i ambek mujijat-mujijat nganggo kuwasane Yesus, yaiku abdine Rika sing suci iku.”
31 Sak'marine ndedunga, umah sing digawe nglumpuk iku mau dadi huyek-huyek. Terus wong-wong iku dikuwaten karo kuwasane Rohe Pengeran. Maringono wong-wong iku dadi wani nyampek'en pesene Pengeran nang wong liyane.
Wong sing percaya nang Yesus pada rukun
32 Pas iku wong-wong sing percaya nang Yesus uripe pada rukun, sak'njerone ati ambek jiwa. Nanak wong sing nganggep nek dunya branane duwek'e dewe. Malah-malah paran wae sing diduweni pada digawe bareng-bareng. 33 Nggawe kuwasa sing gede teka Pengeran, utusan-utusane Yesus nyeritak'en nang wong liyane nek Gusti Yesus wis tangi teka patine. Terus pada ngalami welas asihe Pengeran sing gede. 34 Nanak sesijia muride Yesus sing kurang uripe, merga wong-wong sing duwe umah utawa gaga pada ngedol gagane karo umahe. Maringono asile digawa 35 terus dipasrahen nang utusan-utusan cekne didumen nurut butuhe wong dewe-dewe.
36 Pas iku ana wong sing jenenge Yusuf. Yusuf iku teka suku Lewib sing asale teka pulau Siprus. Biasane utusan-utusane Yesus nyeluk Yusuf iku Barnabas. Jenenge ‘Barnabas’ iku tegese ‘sing nggewehi semangat’. 37 Barnabas ngedol gagane, terus asile digawa nang utusan-utusane Yesus.