Yesus ndudohen Awak'e dewe ning Galilea
21
Marine ngono Yesus ndudohen Awak'e dewe nang murid-muride maneh ning pinggire Ranu Galilea, (sing diarani pisan Ranu Tiberias). Iki ngono sing kedaden: 2 Ning ranu iku pepirang muride Yesus pada nglumpuk, yaiku,
Simon Petrus,
Tomas (sing diarani Kembar),
Natanael (sing asale Kana ning Galilea),
anak-anak'e Sebedeus (yaiku Yakobus karo Yohanes),
terus ana wong loro maneh muride Yesus.
3 Simon Petrus guneman, “Reang kate budal njaring iwak.”
Sing liyane semaur, “Kene kabeh ya budal bareng sira.” Terus kabeh murid-murid iku pada budal metu munggah nang prau. Wong iku kabeh njaring iwak bengi iku, tapi orak oleh peparan.
4 Sesok, pas sengenge kawit munggah, Yesus ngadek ning pinggire ranu, tapikne murid-muride iku orak weruh nek'e iku Yesus. 5 Yesus guneman nang wong iku kabeh, “He, lelare, apa wis oleh iwak?”
Wong-wong iku pada njawab, “Nanak.”
6 Yesus guneman nang wong iku kabeh, “Kederen jaringe sira ning sisih tengene prau, sira bakale oleh iwak.”
Murid-murid iku manut gunemane Yesus, terus oleh iwak sing akeh, sampek wong iku kabeh orak bisa narik jaringe.
Wong iku kabeh orak bisa narik jaringe (21:6)
7 Terus murid sing ditresnani Yesus,a guneman nang Petrus, “Wong iku Gusti.” Pas krungu nek iku Gusti, Petrus nggawe klambine, merga maune orak nggawe klambi pas nyambut gawe. Terus Petrus nyebur nang njero ranu. 8 Murid-murid liyane pada melu ning prau, karo mbatek jaring sing bek iwak. Pas iku orak kosi adoh teka daratan, kira-kira mek satus (100) meter.
9 Sak'wise wong iku pada njebul ning daratan, kabeh ndeleng geni sing mruka. Ning nduwure ana iwak karo roti. 10 Maringono Yesus guneman, “Nggawa'a pepirang iwak sing gek entas sira jaring iku.”
11 Simon Petrus munggah nang prau, terus mbatek jaringe nang daratan. Jaring iku bek karo iwak gegede. Kabehe ana satus seket telu (153) iwak. Masia iwak-iwak iku abot, jaringe orak sowek.
12 Yesus guneman, “Ayo, pada mangana.”
Nanak sesijia teka murid-murid iku sing wani takon nang Yesus, “Sapa sih Rika iki?” Murid-murid iku pada weruh nek'e Wong iku Gusti.
13 Yesus teka, njupuk roti, terus digenehen nang murid-murid iku. Maringono Yesus ya nglakoni ngono katek iwak iku.
14 Iki ngono wis ping telune Yesus ndudohen Awak'e nang murid-muride sak'wise urip maneh teka pati.
Petrus ambek Yesus dadi akor maneh
15 Sak'wise kabeh pada mangan, Yesus takon nang Simon Petrus, “Simon, anak'e Yohanes, apa sira welas asih nang Reang ngluwihi wong-wong iki?”
Petrus njawab, “Temenan Gusti, Rika weruh dewe nek reang welas asih nang Rika.”
Terus Yesus guneman nang Petrus, “Rumatana domba-dombane Reang sing cilik.”
16 Sepisan maneh Yesus takon nang Petrus, “Simon, anak'e Yohanes, apa sira welas asih nang Reang?”
Petrus njawab, “Temenan Gusti, Rika weruh dewe reang welas asih nang Rika.”
Terus Yesus guneman nang Petrus, “Angonana domba-dombane Reang.”
17 Sing ping telune Yesus takon maneh, “Simon, anak'e Yohanes, apa sira welas asih nang Reang?”
Atine Petrus susah temenan, merga Yesus takon ngono sampek ping telu, “Apa sira welas asih nang Reang?”
Petrus njawab, “Gusti, Rika weruh sembarang kalir. Rika ya weruh nek'e reang welas asih nang Rika.”
Yesus guneman, “Rumatana domba-dombane Reang. 18 Sak'temene gunemane Reang iki bener, pas sira gek enom, sira nggawe sabuk dewe, terus sira mlaku nangdi wae sing sira karepi. Nek'e sira wis tuwek, sira bakale ngelungen tangane sira, terus wong liya bakale naleni sira. Wong iku bakale nggawa sira nang panggonan sing orak sira karepi.” 19 (Yesus guneman ngene iki cekne ndudohen nang Petrus njare Petrus bakale mati kanggo mulyak'en Pengeran.) Sak'wise iku Yesus guneman nang Petrus, “Melua Reang.”
20 Petrus noleh mburi, terus ndeleng murid sing ditresnani Yesus, ngetuten. (Iku murid sing lungguh parek Yesus pas mangan Paskah ambek takon, “Guru, sapa sing kate nekong Rika?”) 21 Pas ndeleng murid iku, Petrus takon nang Yesus, “Gusti, paran sing bakal kedaden nang wong iki?”
22 Yesus semaur, “Nek Reang kepingin wong iki tetep urip sampek Reang teka maneh, orak penting gawe sira. Sira melua Reang!”
23 (Merga iku, nyebar kabar ning antarane murid-murid iku nek'e murid iku orak bakal mati. Tapikne Yesus orak guneman nek'e murid iku orak bakal mati. Yesus mek guneman, “Nek Reang kepingin wong iki tetep urip sampek Reang teka maneh, orak penting gawe sira.”)
Wekasan sing pungkasan
24 Murid ikub sing nyaksek'en kabeh iki, terus nulis kitab iki pisan. Kene weruh nek'e kabeh sing diceritak'en iki pancen bener. 25 Gek akeh liyane sing dilakoni Yesus. Nek'e kabeh iku ditulis, sak'jagad raya iki nanak panggonan sing cukup gede kanggo nyimpen kitab-kitab sing bisa ditulis.