Yesus urip maneh
20
Pas dina Minggu iku, Maria Magdalena budal nang kuburan. Pas wayah iku gek isuk-isuk temenan, langite gek peteng. Maria Magdalena ndeleng watu gede sing nutupi kuburane Yesus wis miser. 2 Dadi, Maria mlayu-mlayu mbarek kesusu nemoni Simon Petrus karo murid sing ditresnani Yesus.a Maria guneman, “Ana sing wis njupuk Gurune kene teka njero kuburane. Kene orak weruh nangdi Yesus didekek.”
3 Terus Petrus mbarek murid iku budal ndeleng nang kuburan. 4 Murid loro iku mlayu bebarengan, tapi murid sing siji iku mlayu luwih cepet teka Petrus, dadi teka dikek ning kuburane Yesus. 5 Murid iku ndengok ning njero kuburan terus ndeleng kain sing digawe mbuntel mayite Yesus wis nggletak ning isoran, tapikne orak mlebu ning njerone. 6 Pas Simon Petrus wis teka, Petrus mlebu ning njero kuburan iku. Petrus ndeleng kain sing digawe mbuntel mayite Yesus wis nggletak ning isoran. 7 Petrus ya ndeleng kain sing nutupi raine Yesus iku wis digulung ana ning panggonan liyane. 8 Terus murid sing teka kawitan iku mau mlebu pisan ning njero kuburan. Murid iku ndeleng paran sing wis kedaden, terus percaya nek Yesus iku diuripen maneh. 9 (Sak'durunge iku, murid-murid iku durung ngerti isine Kitab Suci sing ndongeng nek Yesus iku kudu urip maneh teka patine.) 10 Maringono murid loro iku moleh.
Yesus ndudohen Awak'e dewe nang Maria
11 Nah, Maria mbalik, ngadek ning njabane kuburan, terus nangis. Mbarek nangis, Maria ngungak ning njero kuburan iku. 12 Maria weruh ana malaekat loro sing nggawe klambi putih. Malaekat-malaekat iku lungguh ning enggone mayite Yesus didokok maune. Sing siji lungguh ning enggone endase mayite Yesus, sing liyane ning sikile. 13 Malaekat-malaekat iku takon nang Maria, “Mak, ngapa sira kok nangis?”
Maria semaur, “Mayite Gurune esun wis dijupuk wong. Esun orak weruh ning endi Gurune esun didekek sak'iki.”
14 Mari guneman ngono iku mau, Maria noleh mburi, terus ndeleng Yesus wis ngadek ning kana, tapikne Maria orak weruh nek Wong iku Yesus.
15 Yesus takon nang Maria, “Mak, ngapa kok sira nangis? Sapa sing sira golek'i?”
Maria ngira nek wong sing takon iku tukang kebon. Maria guneman, “Pak, apa Rika sing njupuk mayite Yesus? Dongengna nang esun ning endi Rika ndokok Gurune esun, kepe esun bisa njupuk mayite.”
16 Yesus guneman, “Maria!”
Maria noleh ndeleng Yesus terus guneman nggawe basa Ibrani, “Rabuni!” (sing tegese “Guru”).
17 Yesus semaur, “Ajo nyekel Reang, merga Reang durung mbalik nang Sang Bapak. Tapi budala nang dulur-dulure Reang terus dongengna nang wong-wong iku nek Reang kate budal nang Bapakne Reang, ya pisan Bapakne sira. Reang kate budal nang Pengerane Reang, ya pisan Pengerane sira.”
Yesus guneman, “Maria!” (20:16)
18 Maria Magdalena budal nemoni murid-muride Yesus terus guneman, “Esun wis ndeleng Gusti!” Maria ya ndongeng paran sing wis digunemen Yesus nang awak'e.
Yesus ndudohen Awak'e nang murid-muride
19 Dina Minggu iku, pas kate bengi, murid-muride Yesus nglumpuk ning sak'panggonan. Lawang-lawange dikonci merga gek wedi nang pemimpin-pemimpin Ibrani. Pas iku memara Yesus teka terus ngadek ning tengah-tengahe wong-wong iku. Yesus guneman, “Damang gawe sira kabeh.”
20 Mari guneman ngono, Yesus ndudohen tangane mbarek wetenge nang murid-murid iku. Wong-wong pada bebungah pas pada ndeleng Gusti.
21 Maringono Yesus guneman maneh, “Damang gawe sira! Bapak wis ngutus Reang. Persis iku uga Reang ya ngutus sira kabeh.” 22 Mari guneman ngono, Yesus nyebul wong-wong iku mbarek guneman, “Trimanen Roh Suci. 23 Nek'e sira nyepurani dusane wong liya, dusane bakale disepura. Nek'e sira orak nyepurani wong, dusane wong iku ya orak disepura.”
Yesus ndudohen Awak'e nang Tomas
24 Ana salah sijine rolas muride Yesus sing dijenengi Tomas, ya uga diarani ‘Kembar.’ Maune pas Yesus teka, Tomas nanak ning antarane wong-wong iku. 25 Murid-murid liyane guneman nang Tomas, “Kene wis ndeleng Gusti!”
Tomas gunemen nang wong-wong iku, “Reang orak bakal percaya sak'durunge ndeleng cek'e paku ning tangane, terus nglebok'en derijine reang ning njerone cek'e paku iku, mbarek nglebok'en tangane reang ning wetenge.”
26 Oleh sak'minggu, murid-muride Yesus mbalik nglumpuk ning njerone umah iku. Tomas ana bareng wong-wong iku. Lawang-lawang kancingan, tapikne Yesus teka terus ngadek ning tengah-tengahe wong iku kabeh. Yesus guneman, “Damang gawe sira kabeh.” 27 Mari iku mau Yesus guneman nang Tomas, “Selehna derijine sira ning cek'e paku iki. Delengen tangane Reang. Lebokna tangane sira ning njerone wetenge Reang. Ajo bimbang, tapikne percaya'a.”
28 Tomas njawab, “Gustine reang, ya Pengerane reang!”
29 Yesus guneman nang Tomas, “Sira percaya merga sira ndeleng Reang. Mendahe senenge wong sing orak ndeleng, tapikne gek percaya.”
Tujuane Yohanes nulis kitab iki
30 Yesus gek gawe akeh mujijat liya ning ngarepe murid-muride, tapi kabeh mujijat iku mau orak tetulis ning kene. 31 Sing ditulis ning kene, disampek'en cekne sira percaya nek Yesus iku Raja Pilihane Pengeran, yaiku Anak'e Pengeran. Nek sira percaya nang Yesus, sira bakal nduweni urip langgeng ngliwati jenenge Yesus.