Pilatus kepingin ngeculen Yesus
19
Maringono Pilatus ngongkon prajurit cekne Yesus dipecuti nemen.
Yesus diambleki (19:1)
2 Terus, prajurit-prajurit iku ngenam mahkota teka eri. Wong-wong iku masang mahkota iku ning ndase Yesus, terus mbarek nglambeni Yesus karo jubah ungu.3 Prajurit-prajurit iku bolak-balik teka ning ngarepe Yesus terus guneman, “Salam, Rajane wong Ibrani!” Terus raine Yesus dikampleng.
4 Pilatus metu teka kratone maneh, terus guneman nang pemimpin-pemimpin Ibrani, “Delengen, reang nggawa Wong iki metu nang sira cekne sira ngerti reang orak nemok'en sesijia salahe.”
5 Yesus metu ya gek nggawe mahkota teka eri mbarek nggawe jubah ungu. Pilatus guneman nang wong-wong iku, “Delengen Wong iki!”
6 Pas iku ketua-ketuane pengarepe sembahyang karo sing njaga Umahe Pengeran ndeleng Yesus pada memelung, “Saliben Wong iku! Pakuen Wong iku nang kayu salib!”
Pilatus guneman nang wong-wong iku, “Jupuk'en Wong iku, terus sira sing saliben dewe. Pancene reang orak nemok'en sesijia salahe!”
7 Kabeh pemimpin Ibrani pada semaur, “Kene duwe hukum agama. Nurut hukum agamane kene Wong iku kudu mati, merga Wong iku ngakoni dadi Anak'e Pengeran!”
8 Pilatus tambah keweden pas ngrungok'en guneman iku. 9 Terus mbalik nang njero kraton terus takon nang Yesus maneh, “Teka endi asale Sira?”
Tapi Yesus orak njawab peparan.
10 Pilatus takon nang Yesus, “Ngapa Sira kok orak gelem njawab nang reang? Reang iki duwe kuwasa kanggo mbebasen Sira. Reang ya duwe kuwasa gawe nyaliben Sira. Apa Sira orak ngerti?”
11 Yesus njawab, “Rika orak duwe kuwasa ning nduwure Reang nek'e kuwasa iku orak digewehen nang rika teka Pengeran. Merga iku mau, wong sing nyerahen Reang nang rika duwe dusa sing luwih gede.”
12 Ngrungok'en iku Pilatus ngusahak'en gawe mbebasen Yesus. Tapikne Pemimpine wong Ibrani pada mbengok, “Nek'e rika mbebasen wong iki, tegese rika duduk kancane Raja Gede Roma. Merga sapa sing ngakoni awak'e dewe dadi raja nglawan Raja Gede Roma!”
13 Ngrungok'en guneman iku mau, Pilatus nggawa Yesus metu terus lungguh ning tahta hakim. (Panggonan iku dijenengi “Plesteran Watu.” Ning basa Ibrani diarani “Gabata.”)
14 (Dina iku dinane sak'durunge riaya Paskah, meh jam rolas.)
Pilatus guneman nang pemimpin Ibrani, “Iki ngono Rajane sira!”
15 Wong-wong iku pada memelung, “Patenana Wong iku! Saliben Wong iku!”
Pilatus takon, “Apa reang kudu nyaliben Rajane sira?”
Ketua-ketuane pengarepe sembahyang pada njawab, “Kene kabeh orak duwe raja sak'liyane Raja Gede Roma!”
16 Ahire Pilatus nyerahen Yesus, terus prajurit-prajurit iku nggawa cekne disaliben.
Yesus digawa nang Golgota
17 Maringono Yesus mikul salibe dewe. Yesus budal nang enggon sing jenenge “Enggone Rongkong,” (Ning basa Ibrani jenenge “Golgota.”) 18 Ning enggon iku Yesus disaliben. Wong-wong iku ya nyaliben wong loro liyane. Wong loro iku disaliben jejer mbarek salibe Yesus, siji ning sisihe kiwa, sijine ning sisihe tengen. Yesus disalib ning tengah-tengahe. 19 Pilatus ngongkon uwong masang tulisan ning nduwure kayu salibe Yesus. Sing ditulis,
“Yesus teka Nasaret,
Rajane wong Ibrani.”
20 Tulisan iku ana ning basa Ibrani, Latin, karo Yunani. Akeh wong Ibrani sing maca tulisan iku merga Yesus disaliben parek nang kota.
Rajane Wong Ibrani (19:20)
21 Ketua-ketuane pengarepe sembahyang Ibrani pada guneman nang Pilatus, “Ajo nulis, ‘Rajane wong Ibrani,’ tapikne tulisen, ‘Wong iki ngakoni awak'e dewe rajane wong Ibrani.’ ”
22 Pilatus semaur, “Reang orak bakale ngrubah paran sing wis tak tulis!”
23 Sak'wise prajurit-prajurit nyaliben Yesus, sandangane Yesus dijukuk, terus dibagek'en dadi papat. Saben prajurit iku oleh bagean siji. Maringono prajurit iku ya ngepek jubahe sing dawa, sing nanak jahitane, sing digawe teka tenunan wae teka nduwur sampek misor. 24 Merga iku, prajurit iku pada guneman siji nang sijine, “Kene ajo nyowek'i dadi pepirang bagean. Ayo kene pada ngopyok undi gawe nentok'en sapa sing bakal oleh.” Iki kedadean cekne jangkep paran sing ditulisen ning Kitab Suci ngene,
“Wong-wong iku mbagek-mbagek'en klambine reang,
Terus mbuang undi gawe jubahe reang.” (Masmur 22:18)
Iku ngono sing dilakoni prajurit-prajurit mau.
25 Emakne Yesus ngadek parek nang salibe Yesus. Ning kono ngadek pisan dulur wedok emakne Yesus ambek Maria, bojone Klopas, karo Maria Magdalena. 26 Yesus nguwasen makne, terus Yesus nguwasen murid sing ditresnania ngadek ning kono pisan. Terus Yesus guneman nang emakne, “Mak, wong iki dadi anak'e rika!” 27 Terus Yesus guneman nang murid iku, “Delengen, makne sira!” Terus, sak'wise iku, murid iku nerima emakne Yesus ning umahe dewe.
Yesus mati
28 Yesus ngerti nek sembarang kalir wis dijangkepi. Terus, (cekne sing tetulis ning Kitab Suci dijangkepi pisan), Yesus guneman, “Reang ngelak!”
29 Ning kono ana guci sing dibek'i anggur kecut. Salah sijine prajurit nyelupen sepon nang njero anggur kecut iku. Terus sepon iku dicucuk'en nang kayu sing dawa. Maringono nyucuk'en nang cangkeme Yesus.
30 Yesus ngombe anggur kecut iku, terus guneman, “Wis mari!” Sak'wise iku Yesus dingkluk terus masrahen nyawane.
31 Dina iku dina kanggo nyiapen dina Sabat. (Sesok dina Sabat iku diarani riaya sing gede.) Wong Ibrani orak kepingin ana mayit sing nggantung ning kayu salib pas dina Sabat. Merga iku, pimpinane Ibrani pada teka nang Pilatus terus njaluk cekne sikile wong-wong sing disaliben iku diputungen, kepe cepet mati, terus mayite diduk'en. Pilatus ngestoni.
32 Dadi prajurit-prajurit iku teka kanggo mutungen sikile wong-wong sing disalib bebarengan Yesus, siji ambek sijine. 33 Tapi pas prajurit iku teka nang Yesus, nyatane Yesus wis mati. Dadine prajurit iku orak mutungen sikile Yesus. 34 Tapikne, salah sijine prajurit liyane nyuduk wetenge Yesus nggawe tombak. Langsung getih ambek banyu metu teka wetenge.
35 (Murid sing ndeleng kedadean iku dewe nyeritak'en kedadean iku. Sing diceritak'en iku bener, merga murid iku nyaksek'en dewe. Terus cerita iki disampek'en cekne sira percaya.) 36 Iku ngono kedaden cekne jangkep paran sing wis ditulis ning Kitab Suci, “Nanak sesijia belunge sing poklek.” 37 Terus ana tulisan Kitab Suci sing unine ngene, “Wong-wong bakal nguwasen Wong iku sing wis disuduk.”
Yesus dikubur
38 Sak'wise iku, ana wong sing jenenge Yusuf teka Arimatea. Yusuf iku njaluk nang Pilatus cekne oleh nggawa mayite Yesus. Yusuf iku muride Yesus, tapikne meneng-menengan, merga wedi nang pimpinane Ibrani. Pilatus ngestoni penjaluk'ane Yusuf, terus mayite Yesus digawa.
39 Nikodemus budal ambek Yusuf. Nikodemus iku wong sing maune wis teka nang Yesus wayah bengi. Nikodemus iku nggawa campuran lenga mur karo gaharu. Abote kira-kira telung puluh (30) kilo. 40 Wong loro iku njupuk mayite Yesus. Terus wong-wong iku mbuntel nggawe kain lawon. Wong-wong iku ya nyawuri mayite Yesus karo rempah-rempah nurut adate ngubure wong Ibrani.
41 Ning parek'e enggone Yesus disaliben, ana taman. Ning kana ana kuburan anyar, sing durung tau ana wong sing dikuburen. 42 Wong loro iku ndeleh mayite Yesus ning njero kuburan iku, merga kuburan iku orak kosi adoh. Apa maneh, kabeh wong pada kesusu merga wis siap-siap ngrayak'en dina Sabat.
Wong loro iku ndeleh mayite Yesus ning njero kuburan (19:42)