Yesus dicekel
18
Sak'marine ndedunga, Yesus budal bareng murid-muride nang sabrange Kali Kidron. Ning kana ana taman terus kabeh pada mlebu ning kana.2 (Yudas Iskariot, murid iku sing masrahen Yesus, ya weruh panggonan iku merga Yesus gelek nglumpuk ning kana mbarek murid-muride.) 3 Yudas teka ning taman ngejak sak'grombolan prajurit Roma. Yudas pisan ya nggawa wong-wong sing njaga Umahe Pengeran sing dikongkon nang pengarep-pengarepe sembahyang karo wong Farisi. Wong-wong iku nggawa teplok, obor mbarek gaman.
4 Yesus weruh kabeh sing bakale kedaden nang Awak'e. Dadi Yesus metu mbarek guneman, “Sapa sing sira golek'i?”
5 Jawabe wong-wong iku, “Yesus teka Nasaret.”
Yesus guneman, “Reang ikia Yesus.”
(Yudas, sing masrahen Yesus, ya ngadek ning kana mbarek wong-wong iku.)
6 Pas Yesus guneman, “Reang iki Yesus,” wong-wong iku mundur terus tiba ning lemah. 7 Sidane Yesus takon maneh, “Sapa sing sira golek'i?”
Jawabe wong-wong iku, “Yesus teka Nasaret.”
8 Yesus guneman, “Sira wis Tak dongengi nek Reang iki Yesus. Nek Reang sing sira golek'i, jaren wong-wong iki budal teka kene.”
9 (Iki mau kedaden kepe jangkep kabeh diguneman Yesus maune, “Teka wong-wong sing wis Rika gewehen nang Reang, nanak sesijia sing bakal Reang jaren ilang.”)
10 Simon Petrus nggawa wedung. Petrus ngetok'en wedung iku teka rangkane terus nebasen ning abdine pengarepe sembahyang agung. Petrus nugel kuping tengene wong iku mau. (Jenenge wong iku mau Malkhus.)
11 Yesus guneman nang Petrus, “Lebokna wedunge sira iku. Reang kudu nerima kabeh sarane sing digewehen Bapak nang Reang.”
12 Maringono perwirane prajurit, mbarek kabeh prajurit, karo kongkonane sesepuh wong Ibrani pada nyekel Yesus, terus ditaleni. 13 Wong-wong iku nggawa Yesus nang Hanas, maratuane Kayafas. Kayafas iku pengarepe sembahyang agung pas taun iku.
14 (Maune Kayafas iku sing guneman nang pemimpin wong Ibrani, “Luwih apik siji wong mati kanggo bangsane kene timbangane sak'kabehe bangsane kene dimusnahen.”)

Yesus digawa nang Hanas karo Kayafas (18:14)
Petrus orak ngakoni Yesus
15 Simon Petrus mbarek murid liyane ngetuten Yesus. Murid iku kenal pengarepe sembahyang agung, terus mlebu bebarengan Yesus nang latar umahe. 16 Tapikne Petrus ngenteni ning njabane lawang. Murid iku mau, sing dikenal pengarepe sembahyang agung iku, metu maneh, terus guneman mbarek wong wedok sing njaga lawang. Maringono Petrus diolehi mlebu pisan.
17 Wong wedok sing njaga lawang iku takon nang Petrus, “Apa sira ya muride Wong iku pisan?”
Jawabe Petrus, “Duduk!”
18 Pas iku wayah adem, dadi koli-koli mbarek wong-wong sing njaga deden geni. Wong-wong iku ngadek parek geni merga pada kademan. Petrus ya melu ngadek ngangeten awak mbarek wong-wong iku.
Yesus ditakoni mantan Pengarepe Sembahyang Agung Hanas
19 Ning umah iku, mantan pengarepe sembahyang agung nakoni Yesus njare wuruk'an-wuruk'ane mbarek sapa wae murid-muride.
20 Jawabe Yesus, “Reang guneman sing sak'temene ning ngarepe kabeh wong. Reang mesti muruk'i ning balai-balai agama mbarek ning latare Umahe Pengeran, ning endi kabeh wong Ibrani nglumpuk. Reang orak tau guneman meneng-menengan. 21 Dadi, ngapa kok rika takon nang Reang? Takona nang wong-wong iku sing wis ngrungok'en gunemane Reang. Wong-wong iku ya weruh paran sing wis Reang gunemen.”
22 Pas Yesus ndongeng ngono mau, salah sijine wong jaga sing ngadek parek'e Yesus ngampleng raine Yesus, terus guneman, “Sira orak oleh guneman ngono nang pengarepe sembahyang agung.”
23 Yesus semaur, “Nek gunemane Reang iku salah, dudohna sing salah. Tapi nek gunemane Reang iku bener, ngapa kok sira ngampleng Reang?”
24 Hanas ngirim Yesus nang Kayafas, yaiku pengarepe sembahyang agung taun iku. Pas iku Yesus gek ditaleni.

Yesus ditakoni (18:24)
Petrus orak ngakoni Yesus ping pindone karo ping telune
25 Simon Petrus gek ngangeten awak'e ning parek'e geni. Terus ana wong sing takon, “Sira iku ya muride Wong iku, orak?”
Petrus orak ngakoni, jerene, “Duduk!”
26 Ana koline pengarepe sembahyang agung sing ana ning kana. Wong iku gek balane Malkhus sing kupinge ditugel Petrus. Wong iku guneman, “Pancen wis tak deleng sira ning taman iku mbarek Yesus!”
27 Petrus orak ngakoni maneh. Terus, pas wayah iku, petek jago kluruk.
Yesus ning ngarepe Pilatus, gubernur teka Roma
28 Marine ngono, Yesus digawa teka umahe Kayafas nang kratone gubernur sing makili Roma. Pas iku dina gek isuk. Tapikne wong Ibrani iku orak mlebu nang njero kratone gubernur. (Wong Ibrani iku orak gelem dadi najis merga mlebu umahe wong sing duduk Ibrani. Nek najis, orak oleh mangan jamuan riaya Paskah.)
29 Dadi Gubernur Pilatus metu nemoni wong-wong iku, terus takon, “Sira kabeh ndarani Wong iki katek salahe paran?”
30 Wong Ibrani iku pada njawab, “Nek'e wong iki orak duwe salah, kene ya orak nggawa mrene nang rika!”
31 Jere Pilatus nang wong-wong iku, “Gawanen wong iki, terus adilana manut hukum agamane sira dewe.”
Wong-wong iku guneman, “Kene orak diolehen mateni wong.”b
32 (Iki mau kedaden kepe njangkepi gunemane Yesus njare carane Yesus bakale mati.)
Yesus ditakoni Gubernur Pilatus
33 Terus Pilatus mlebu maneh nang njero kraton. Pilatus nyeluk Yesus terus takon nang Yesus, “Apa Sira iki ‘Rajane wong Ibrani’?”
34 Semaure Yesus, “Apa iku tetakonan teka awak'e rika dewe? Utawa ana wong liya sing ndongengen Reang nang rika?”
35 Pilatus guneman, “Reang duduk wong Ibrani. Wong sak'suku ambek sira dewe, ya ketuane pengarepe sembahyang sing nyerahen Sira nang reang. Paran sing wis Sira lakoni?”
36 Yesus semaur, “Kerajaane Reang asale duduk teka ndunya iki. Nek kerajaane Reang asale teka ndunya iki, mesti bala-balane Reang wis nglawan, kepe Reang ajo diserahen nang wong Ibrani. Tapikne kerajaane Reang asale teka enggon liya.”
37 Terus Pilatus guneman nang Yesus, “Dadi Sira iki raja!”
Yesus semaur, “Rika guneman nek Reang iki raja. Iku bener. Reang lair ning ndunya iki gawe nyaksek'en paran sing bener nang kabeh wong. Iku mau tujuane Reang teka ning ndunya iki. Saben wong sing dadi duwek'e paran sing bener bakale ngrungok'en suwarane Reang.”
38 Pilatus takon, “Paran tegese bener?”
Sak'marine guneman ngono iku mau, Pilatus metu nemoni pemimpin-pemimpin Ibrani, terus guneman, “Reang orak nemok'en sesijia salah nang Wong iki. 39 Tapi biasane, nurut adate sira, reang mbebasen salah sijine wong bui pas riaya Paskah. Apa sira gelem nek reang mbebasen ‘Rajane wong Ibrani’ iki?”
40 Wong-wong iku pada memelung, “Ajo bebasen Wong iku! Bebasna Barabas!”
(Barabas iku wong sing nglawan Kerajaan Roma.)