Yesus ndedunga
17
Sak'marine guneman ngono, Yesus ndangak nang langit terus ndedunga,“Duh Bapak, wayahe wis teka. Mulyakna Reang, Anak'e Rika, cekne Anak'e Rika iki mulyak'en Rika pisan. 2 Merga Rika wis nggenehi Reang kuwasa ning nduwure sak'kabehe menungsa cekne bisa nggenehi urip langgeng nang kabeh wong sing Rika wis cepak'en. 3 Iki ngono urip langgeng, yaiku wong-wong ngenal Rika, siji-sijine Pengeran, ambek Yesus Kristus sing Rika utus. 4 Reang wis mulyak'en Rika ning ndunya iki merga marek'en penggaweane sing Rika kongkon nang Reang. 5 Sak'iki, ya Bapak, mulyakna Reang ning ngarepe Rika nggawe kamulyane Reang sing Tak duweni bareng Rika sak'durunge ndunya iki didadek'en.”
Yesus ndungak'en murid-muride
6 “Reang wis nyatak'en kuwasane Rika nang murid-murid sing Rika pilih teka ndunya terus digenehen nang Reang. Murid-murid iku duwek'e Rika, tapi wis Rika nggewehen nang Reang. Terus, murid-murid iku wis nglakoni wekasane Rika. 7 Sak'iki murid-murid iku weruh kabeh keduwene Reang asale teka Rika. 8 Merga sak'kabehe pesen sing Rika gewehi nang Reang, wis Tak gewehen nang murid-murid iku. Terus murid-murid iku ya nerima pesene Rika. Murid-murid iku ngerti temenan nek Reang asale teka Rika. Murid-murid iku percaya Rika sing ngutus Reang. 9 Reang dungak'en murid-muride Reang. Reang orak dungak'en ndunya iki, tapi sing Tak dungak'en yaiku murid-murid sing Rika gewehen nang Reang, merga wong-wong iku pancen duwek'e Rika. 10 Sak'kabehe duwek'e Reang pancen duwek'e Rika, terus duwek'e Rika ya pancen duwek'e Reang. Dadi Reang dimulyak'en nang murid-muride Reang. 11 Reang orak manggon maneh ning ndunya iki, merga kate moleh nang Rika. Tapi muride Reang gek ana ning ndunya. Ya Bapak sing suci, jagaen muride Reang nggawe kuwasane Rika, yaiku jeneng sing Rika tau gewehen nang Reang, cekne muride Reang dadi siji, memper Rika ambek Reang dadi siji. 12 Sak'wene Reang bebarengan muride Reang, Reang njaga murid-murid iku gawe kuwasane Rika, yaiku jeneng sing Rika nggewehen nang Reang. Reang njaga muride Reang kabeh terus nanak sesijia sing ilang, kejaba wong sing wis ditentok'en musna, cekne paran sing wis tetulis ning Kitab Suci bisa dijangkepi.
13 “Sak'iki Reang kate moleh nang Rika, tapi Reang guneman ngene pas gek ana ning ndunya cekne bungahe Reang ngebek'i atine murid-muride. 14 Reang wis nggenehi wekasane Rika nang murid-muride Reang, tapi muride Reang disengiti nang ndunya. Iku mergane, muride Reang duduk duwek'e ndunya iki, pada karo Reang duduk duwek'e ndunya iki. 15 Reang orak njaluk Rika njupuk muride Reang teka ndunya iki. Sing Tak jaluk, Rika ngayomi murid-muride Reang teka si jahat, yaiku Iblis. 16 Murid-muride Reang duduk duwek'e ndunya iki, pada karo Reang duduk duwek'e ndunya iki. 17 Sucekna muride Reang ngliwati paran sing bener. Wekasane Rika iku bener. 18 Pada karo Rika ngutus Reang nang ndunya, Reang ya ngutus muride Reang nang ndunya. 19 Reang nyejek'en Awak'e Reang dewe kanggo muride Reang, cekne muride Reang ya disejek'en nang Rika ngliwati paran sing bener.”
Yesus ndungak'en sak'kabehe wong sing bakale percaya
20 “Reang orak ndedunga kanggo murid-muride Reang tok, tapi Reang dungak'en pisan wong-wong sing bakale percaya merga saksine muride Reang. 21 Reang ndedunga cekne kabeh uwong sing melu dadi siji, pada karo Rika, ya Bapak, sing ana sak'njerone Reang, terus Reang ana sak'njerone Rika. Reang kepingin kepe kabeh uwong sing percaya iku dadi siji sak'njerone Rika ambek Reang. Nek ngono, ndunya iki bakal ngerti nek'e Rika sing wis ngutus Reang. 22 Reang wis nggewehi nang muride Reang urip sing mulya teka Rika, sing Rika wis nggewehi nang Reang, cekne kabeh muride Reang dadi siji, memper Rika ambek Reang dadi siji: 23 yaiku, Reang ning njerone muride Reang karo Rika ning njerone Reang. Nek ngono, kabeh muride Reang sempurna dadi siji. Maringono, ndunya iki bakale ngerti Rika wis ngutus Reang karo nggenehi welas asih nang murid-muride Reang, pada karo Rika nggenehi welas asih nang Reang.
24 “Duh Bapak, Reang kepingin murid-muride Reang, sing Rika wis gewehen nang Reang, cekne manggon bebarengan karo Reang. Ya Reang kepingin muride Reang ndeleng kamulyane Reang, yaiku kamulyan sing Rika wis nggenehen nang Reang merga Rika nresnani Reang sak'durunge ndunya iki didadek'en. 25 Duh Bapak sing adil, masia ndunya orak ngenal Rika, Reang ngenal Rika. Terus, murid-muride Reang ngerti nek Rika sing ngutus Reang. 26 Reang wis nyatak'en jenenge Rika nang murid-muride Reang. Ya Reang bakal teterusan nyatak'en Rika cekne welas asihe Rika nang Reang bakale ana ning atine muride Reang. Apa maneh, Reang dewe bakale dadi siji bebarengan karo murid-muride Reang.”