16
“Kabeh iki Tak sampek'en nang sira, cekne orak ilang percayane sira. 2 Wong-wong iku bakale nundung sira teka balai agama. Apa maneh, wayahe bakale teka pas wong sing mateni sira bakale nyangka nek'e wong iku ngabdi nang Pengeran. 3 Wong-wong iku nglakoni ngene merga wong-wong iku orak kenal Bapak, ya orak kenal Reang pisan. 4 Reang nyampek'en kabeh iki nang sira sak'iki, cekne pas wayahe iku engko kedaden, sira bakale iling nek'e Reang wis guneman nang sira. Reang orak guneman iki molai kawitan, merga sak'wene iki Reang bebarengan ambek sira.5 “Tapi sak'iki Reang budal nang Bapak sing ngutus Reang. Terus, nanak sesijia wong ning antarane sira sing kate takon nang Reang, ‘Nangdi Rika kate budal?’ 6 Merga Reang wis guneman ngene, sira kabeh pada susah atine. 7 Sing Tak guneman iki bener: luwih apik gawe sira nek'e Reang budal. Nek'e Reang budal, Reang bakale ngutus Sang Rewang. Tapi nek'e Reang orak budal, Roh sing Ngrewangi iku orak bakale teka nang sira. 8 Pas Roh iku teka, Roh iku bakale mbuktek'en nek ndunya iki salah ngenek'i dusa, paran sing bener, karo wayahe wong diadili.
9 Ngenek'i dusa merga wong-wong orak percaya nang Reang.
10 Ngenek'i paran sing bener, merga Reang budal nang Bapak. Mangkane sira orak bisa ndeleng Reang maneh.
11 Terus ngenek'i wayahe wong diadili, merga Iblis, sing nguwasani ndunya iki, wis diukum.
12 “Gek akeh sing kudu Tak sampek'en nang sira, tapikne sira orak bisa nerima iku kabeh sak'iki. 13 Nek'e Roh sing nyatak'en paran sing bener teka, Roh iku bakale nuntun sira nang sak'kabehe sing bener. Roh iku orak guneman teka awak'e dewe. Roh iku mek guneman paran sing dirungok'en. Roh iku bakale guneman nang sira paran wae sing bakale kedadean. 14 Roh iku bakale mulyak'en Reang, merga Roh iku bakale nyeritak'en nang sira paran sing diterima teka Reang. 15 Paran wae sing dadi duwek'e Bapak, ya dadi duwek'e Reang pisan. Mangkane Reang guneman, Roh iku bakale nyeritak'en nang sira paran sing diterima teka Reang.”
Murid-muride sing susah bakale bungah
16 Yesus nerusen gunemane, “Orak kosi suwe, sira bakale orak nguwasen Reang. Terus orak kosi suwe maneh, sira ya bakal nguwasen Reang.”
17 Pepirang muride guneman siji nang liyane, “Paran tegese gunemane Yesus iku mau, ‘Orak suwe maneh sira bakale orak nguwasen Reang. Orak suwe maneh, sira ya bakal nguwasen Reang?’ terus, ‘Reang bakale budal nang Bapak’? 18 Paran maneh tegese, ‘Orak suwe maneh?’ Kene orak ngerti maksute.”
19 Yesus weruh nek'e murid-muride iku arep takon, terus Yesus guneman, “Apa sira guneman siji nang liyane ngenek'i tegese Reang guneman, ‘Orak suwe maneh sira bakale orak nguwasen Reang. Terus orak kosi suwe maneh, sira ya bakale nguwasen Reang?’ 20 Sak'temene gunemane Reang iki bener, sira bakale nangis mbarek susah atine, tapi ndunya iki bakale bungah temenan. Sira bakale susah atine, tapikne susahe sira bakal obah dadi bungah temenan. 21 Nek'e ana wong wedok nglairen, wedok iku bakale kelaran. Tapi sak'wise nglairen anak'e, wong wedok iku orak iling maneh nang larane merga bungah temenan nek'e anak'e wis lair ning ndunya iki. 22 Iku mau pada karo sira. Sak'iki sira susah atine, tapikne Reang bakal campuh sira maneh, terus sira bakale bungah temenan. Terus, bungah iku nanak sing bisa njupuk.
23 “Pas dina iku sira orak bakal njaluk paran wae nang Reang. Sak'temene gunemane Reang iki bener, Bapakne Reang bakal nggewehi nang sira paran wae sing dadi kekarepane sira, yaiku sing sira jaluk nggawe kuwasane Reang.a 24 Sampek sak'iki sira durung njaluk peparan nggawe kuwasane Reang. Njaluk'a, terus sira bakale nerima, cekne sira bakale bungah temenan.”
Yesus ngalahen ndunya
25 “Kabeh iki Tak sampek'en nang sira nggawe paribasan, tapi pas teka wayahe, Reang orak maneh guneman nang sira nggawe paribasan. Reang bakal guneman katek ucapan-ucapan sing blak-blak'an ngenek'i Bapak. 26 Pas wayah iku sira bakale ndedunga nang Bapak nggawe kuwasane Reang. Reang guneman nang sira nek'e Reang orak perlu njaluk maneh nang Bapak kanggo sira. 27 Bapak dewe welas asih nang sira merga sira wis welas asih nang Reang, terus sira wis percaya Reang iki asale teka Pengeran. 28 Reang asale teka Bapak terus mlebu nang ndunya iki. Sak'iki Reang bakal ninggalen ndunya iki, terus mbalik nang Bapak.”
29 Murid-muride Yesus guneman, “Sak'iki Rika guneman paran anane. Rika guneman orak nggawe paribasan sing ewoh dingerteni. 30 Sak'iki kene weruh nek'e Rika meruhi sembarang kalir. Rika bisa meruhi paran wae sing dadi kekarepane saben wong sak'durunge wong iku takon nang Rika. Merga iku kene percaya nek'e Rika asale teka Pengeran.”
31 Yesus guneman, “Apa sak'iki sira percaya? 32 Delengen! Wayahe wis teka, sira bakal memara buyar, saben uwong nang enggone dewe-dewe. Sira kabeh bakale ninggalen Reang ijen. Tapikne, Reang orak dewean, merga Bapak mbarengi Reang. 33 Kabeh iku Tak dongengen nang sira kepe sira nduweni damang merga dadi siji ambek Reang. Ning ndunya iki sira bakale sara. Tapikne kuwatna atine sira! Reang wis ngalahen ndunya iki.”