Yesus iku wite anggur sing bener
15
“Reang iki wite anggur sing bener. Bapakne Reang sing ngrumati. 2 Bapakne Reang bakale mapras saben carang teka Reang sing orak nguwoh. Tapi saben carang sing nguwoh bakale diberseni, cekne bisa nguwoh luwih akeh. 3 Sira pancen wis rijik merga wulangan sing wis Tak sampek'en nang sira. 4 Manggona sak'njerone Reang, terus Reang bakal manggon sak'njerone sira. Carang orak bisa nguwoh dewean. Mergane iku carang kudu manggon dadi siji mbarek wite. Ya ngono uga, sira orak kira bisa nguwoh nek sira orak netep manggon sak'njerone Reang.5 “Reang iki wit, terus sira kabeh carang-carange. Nek'e ana wong sing manggon sak'njerone Reang, terus Reang manggon sak'njerone wong iku mau, wong iku bakale nguwoh sing akeh. Nek'e sira pedot teka Reang, sira orak bisa nglakoni peparan. 6 Sapa wae sing orak manggon sak'njerone Reang, wong iku ngentah carang sing dibuang. Carang iku dadine garing. Maringono carang garing iku bakale diklumpuk'en, terus diobong ning geni. 7 Netepa manggon sak'njerone Reang terus tutna wulangane Reang. Nek'e sira nglakoni iki, njaluk'a paran wae sing dadi kekarepane sira, terus sira bakale nerima. 8 Bapakne Reang dimulyak'en nek'e sira nguwoh sing akeh, terus ngliwati iku wis kebukten sira iku muride Reang.
9 “Reang welas asih nang sira pada karo Bapakne Reang welas asih nang Reang. Manggona netep sak'njerone welas asihe Reang. 10 Reang wis nuruti prentahe Bapakne Reang, terus Reang manggon sak'njerone welas asihe. Ya ngono uga, nek'e sira nuruti prentahe Reang, sira bakale manggon sak'njerone welas asihe Reang.
11 “Reang wis nyampek'en kabeh iki nang sira cekne bungahe Reang manggon netep sak'njerone sira, terus bungahe sira iku dadi jangkep. 12 Iki ngono prentahe Reang: Sira kudu welas asih siji nang sijine, memper Reang wis nggenehi welas asih nang sira. 13 Welas asih sing paling gede sing bisa didudohen nang wong, yaiku masrahen nyawane gawe kanca-kancane. 14 Sira iki kanca-kancane Reang, nek'e sira nglakoni paran sing Tak prentahen nang sira. 15 Sak'iki Reang orak ngarani sira iku koli. Koli orak tau weruh paran sing dilakoni jeragane. Reang ngarani sira kanca, merga Reang wis nyeritak'en paran sing Tak rungok'en teka Bapakne Reang. 16 Duduk sira sing milih Reang. Tapikne Reang sing wis milih sira. Terus Reang wis nggewehen penggawean iki nang sira: Budala ngasilna uwoh, terus woh iku orak bisa dimusnahen. Apa maneh, paran wae sing sira njaluk nggawe kuwasane Reang,a Sang Bapak bakal nggenehi. 17 Iki ngono prentahe Reang nang sira, welas asihana siji nang sijine.”
Ndunya bakale nyengiti muride Yesus
18 “Nek'e ndunya iki sengit nang sira, ya ilinga nek'e ndunya iki sengit nang Reang dikek. 19 Nek'e sira duwek'e ndunya iki, ndunya iki ya mesti welas asih nang sira, pada karo ndunya iki welas asih nang wonge dewe. Sira orak duwek'e ndunya iki, merga Reang wis milih sira metu teka ndunya iki. Mangkane ndunya iki bakale sengit nang sira. 20 Ilinga sing wis Tak gunemen nang sira: Koli iku orak luwih duwur teka jeragane. Nek'e wong ndunya wis nyiksa Reang, sira bakale disiksa pisan. Nek'e wong ndunya manut wulangane Reang, wulangane sira bakale dituten pisan. 21 Tapi wong ndunya bakale nglakoni kabeh iku nang sira sing melu Reang, merga wong ndunya iku orak kenal Bapak sing ngutus Reang. 22 Nek Reang orak teka, terus orak mulang wong ndunya iku, wong-wong iku mesti orak duwe dusa. Tapi, Reang wis mulang wong iku kabeh, dadi wong-wong iku orak nduweni alasan merga dusane. 23 Sapa wae sing nyengiti Reang, wong iku ya nyengiti Bapakne Reang. 24 Reang nglakoni penggawean ning tengah-tengahe wong-wong iku. Penggawean iku orak tau dilakoni wong liyane. Nek'e Reang orak nglakoni kabeh penggawean iku, wong ndunya iku orak duwe dusa. Tapi sak'iki wong-wong iku wis pada nyaksek'en penggawean sing wis mari Tak lakok'en. Masia ngono, wong-wong iku gek pada nyengiti Reang karo Bapakne Reang. 25 Iku ngono kedaden cekne sing wis ditulis ning hukum agama Ibrani iku dinyatak'en, ‘Wong-wong iku nyengiti Reang tapi nanak alasane.’ ”†
Penggaweane Sang Rewang