Yesus iku dalan siji-sijine nang Sang Bapak
14
Yesus guneman, “Ajo sampek atine sira orak damang. Percaya'a nang Pengeran, ya percaya'a nang Reang. 2 Ning umahe Bapakne Reang ana akeh enggon. Reang orak kate ngomongen ngene iki nek orak bener. Reang budal kanggo nyepak'en enggon gawe sira. 3 Sak'wise Reang budal kanggo nyepak'en enggon gawe sira, Reang kate teka maneh kanggo nggawa sira nang enggone Reang cekne sira ana ning panggonane Reang. 4 Sira wis weruh dalan nangdi Reang budal.”
5 Tomas guneman nang Yesus, “Guru, kene orak weruh nangdi Rika budal. Dadi njare kene bisa weruh dalan iku?”
6 Yesus guneman, “Reang iki dalan nang Bapak. Reang iki dasare paran sing bener. Reang iki sumbere panguripan. Nanak wong blas sing bisa njebul nang Bapak nek orak ngliwati Reang. 7 Nek sira temenan ngenal Reang, mesti sira bakal ngenal Bapakne Reang pisan. Terus sak'iki sira wis ngenal Bapak karo wis nguwasen Bapak.”
8 Filipus guneman nang Yesus, “Guru, dudohna Sang Bapak nang kene. Iku wis cukup nggawe kene.”
9 Yesus semaur, “Filipus, Reang wis suwe bebarengan ambek sira. Sak'jane sira wis ngenal Reang. Sapa sing wis nguwasen Reang, ya wis nguwasen Sang Bapak! Dadi ngapa sira guneman, ‘Dudohna Sang Bapak nang kene’? 10 Apa sira orak percaya nek Reang ana ning njerone Bapak, karo Bapak ana ning njerone Reang? Paran sing Tak omongen nang sira asale orak teka Reang dewe. Bapak meneng sak'njerone awak'e Reang. Bapak sing nglakoni penggaweane ngliwati Reang. 11 Percaya'a nang Reang: Reang ana sak'njerone Bapak, karo Bapak ana sak'njerone Reang. Tapi, nek ewoh percaya nang Reang, percaya'a nang penggawean-penggawean sing wis Tak lakoni. 12 Sak'temene gunemane Reang iki bener, sapa wae sing percaya nang Reang, wong-wong iku kate nglakoni paran sing Tak lakoni. Malahan bakale bisa nglakoni kelakuan-kelakuan sing luwih gede teka paran sing Tak lakoni, merga Reang budal nang Bapak. 13 Terus paran sing sira jaluk nggawe kuwasane Reang,a mesti Tak lakoni. Mulane iku ngono, Bapak dimulyak'en sak'njerone Anak'e. 14 Nek'e sira njaluk paran wae nggawe kuwasane Reang, Reang mesti nglakoni paran sing sira jaluk.”
Sang Rewang, yaiku Roh Suci teka Pengeran
15 Nek sira welas asih nang Reang, sira kate nuruti kabeh prentahe Reang. 16 Reang kate njaluk nang Bapak, terus Bapak mesti nggewehi nang sira Sang Rewang, sing bakal mbarengi sira sak'lawas-lawase. 17 Roh iku sing nyatak'en paran sing bener, tapikne ndunya iki orak bisa nerima. Ndunya iki orak tau weruh, ya orak tau kenal Roh iku. Tapi sira wis weruh Roh iku, merga Roh iku manggon sak'njerone awak'e sira, ya bakale mbarengi sira.
18 “Reang orak ninggalen sira kayak lare sing orak duwe wong tuwek. Reang bakale teka maneh nang sira. 19 Orak kosi suwe, ndunya iki bakale orak nguwasen Reang, tapikne sira bakal nguwasen Reang. Merga Reang urip, sira bakale urip pisan. 20 Pas iku, sira bakale weruh nek'e Reang ana sak'njerone Bapak, terus sira ana sak'njerone Reang, ya Reang ana sak'njerone sira.
21 “Sapa wae sing nerima prentah-prentahe Reang, terus nglakoni, tegese wong iku temenan welas asih nang Reang. Bapak bakale welas asih nang wong sing welas asih nang Reang. Reang ya welas asih nang wong iku. Reang bakale nyatak'en Reang dewe nang wong iku mau.”
22 Terus Yudas (duduk Yudas Iskariot sing kate masrahen Yesus) guneman nang Yesus, “Guru, ngapa Rika kate nyatak'en Awak'e Rika nang kene tok, tapi orak nang sak'kabehe ndunya iki?”
23 Saure Yesus, “Sapa wae sing welas asih nang Reang bakale nuruti wulangane Reang. Bapakne Reang mesti welas asih nang wong iku. Kene kate teka nang wong iku, terus manggon bebarengan wong iku. 24 Sapa wae sing orak welas asih nang Reang orak nuruti wulangane Reang. Gunem-gunem sing sira rungok'en sak'iki asale orak teka Reang. Gunem-gunem iki asale teka Bapak sing ngutus Reang.
25 “Reang wis guneman ngono sak'wene Reang bebarengan karo sira. 26 Tapi Sang Rewang, yaiku Roh Suci, kate diutus Pengeran nggawe kuwasane Reang. Roh Suci iku sing kate mulang sembarang kalir nang sira, terus kate ngilingen teka paran sing wis Tak sampek'en nang sira.
27 “Reang ninggalen damang nang sira. Iku damange Reang sing Tak gewehen nang sira. Sing Tak gewehen iku orak pada karo sing digewehi ndunya. Ajo sampek sira orak damang atine, ajo wedi. 28 Sira wis ngrungok'en Reang guneman, ‘Reang kate budal, terus Reang bakale teka maneh nang sira.’ Nek sira pancen welas asih nang Reang, sira mesti bebungah, merga Reang budal nang Bapak. Sang Bapak luwih gede timbange Reang. 29 Reang nyampek'en iku mau nang sira sak'durunge kabeh iku kedadean. Engko, nek'e wis kedaden, sira bakale percaya. 30 Reang orak gelem nerusen gunemane Reang sak'iki, merga Iblis, yaiku Sing Nguwasai ndunya iki, kate teka. Tapi Iblis iku orak nduwe kuwasa setitik'a nduwure Reang. 31 Ndunya iki kudu weruh nek Reang nresnani Bapak, dadi Reang nglakoni sak'kabehe sing diprentahen Bapak nang Reang. Ayo, sak'iki kene budal teka enggon iki!”