Yesus ngisuhi sikile murid-muride.
13
Riaya Paskah meh teka. Yesus weruh nek wis teka wayahe kudu ninggalen ndunya iki, terus moleh nang Sang Bapak. Yesus orak mandek welas asih nang murid-muride ning ndunya iki, yaiku sing dadi duwek'e, sampek pungkasane uripe.
2 Pas iku Yesus gek mangan bengi bareng. Iblis wis mbujuk Yudas, anak'e Simon Iskariot, kanggo masrahen Yesus. 3 Yesus weruh nek Bapakne wis nyerahen kabeh kuwasa ning tangane Yesus. Yesus weruh pisan Awak'e dewe asale teka Pengeran terus bakale mbalik nang Pengeran maneh. 4 Merga iku, pas murid-muride gek pada mangan, Yesus ngadek, ngutak jubahe, terus njupuk sarung digawe sembong. 5 Yesus nuangen banyu nang baskom, terus ngisuhi sikile murid-muride. Terus ngusapi karo sarung sing digawe sembong iku mau. 6 Pas sampek nang Simon Petrus, Petrus iku guneman nang Yesus, “Guru, apa Rika kate ngisuhi sikile reang?”
Yesus ngisuhi sikile Petrus (13:6)
7 Semaure Yesus, “Sira orak ngerti paran sing Tak lakok'en iki. Tapikne mbesok sira bakale ngerti.”
8 Petrus guneman, “Rika orak bakal ngisuhi sikile reang sampek sak'lawas-lawase!”
Semaure Yesus, “Nek Reang orak ngisuhi sikile sira, sira orak bakal oleh bagean teka Reang.”
9 Petrus guneman nang Yesus, “Guru, ajo mek sikile reang sing Rika isuhi, tapikne isuhana tangan karo ndase reang pisan!”
10 Yesus guneman, “Sapa wae sing wis adus, awak'e kabeh wis rijik. Wong iku orak kudu adus maneh, kejaba sikile. Sira iki wis rijik, tapikne orak sira kabeh.” 11 (Yesus weruh sapa sing kate nekong Awak'e dewe. Merga iku Yesus guneman, “Orak kabeh.”)
12 Sak'marine ngisuhi sikile murid-muride iku, Yesus gawe jubahe maneh, terus mbalik nang enggone mau lungguh. Terus Yesus guneman maneh, “Sira kabeh ngerti, tah, paran sing wis Reang lakok'en iki? 13 Sira iku ngarani Reang iku ‘Guru’ mbarek ‘Panutan,’ terus iku pancene tepak. Terus gunemane sira iku pancene bener. Reang iki pancene Guru karo Panutan. 14 Nek Reang iku Guru karo Panutane sira, terus Reang ngisuhi sikile sira, sira kudu pada ngisuhi sikile kancane. 15 Reang wis nggenehi conto nang sira cekne sira uga nglakok'en paran sing Reang lakok'en nang sira. 16 Sak'temene gunemane Reang iki bener, nanak koli sing luwih duwur teka jeragane. Ngono uga nanak wong sing dikongkon luwih duwur ketimbang sing ngongkon. 17 Nek ngerti iku kabeh, sira diberkahi nek sira iku nglakoni.
18 “Reang orak guneman ngenek'i sira kabeh. Reang weruh sapa sing Tak pilih, tapikne paran sing wis tetulis ning Kitab Suci kudu kedadean,
‘Wong sing mangan roti bareng Reang wis nglawan Reang.’ (Masmur 41:9)
19 “Reang guneman kabeh iki nang sira sak'durunge kedadean. Nek iku kabeh kedadean, sira bakal percaya nek Reang ikia Sing Urip. 20 Sak'temene gunemane Reang iki bener, sapa wae sing nerima wong sing Tak utus, tegese wong iku nerima Reang. Terus sapa sing nerima Reang, tegese nerima Pengeran sing ngutus Reang.”
21 Yesus dadi susah atine pas mari guneman ngono, terus guneman maneh, “Sak'temene gunemane Reang iki bener, salah sijine sira bakale nekong Reang.”
22 Terus murid-muride pada mandeng siji nang sijine, tapi orak weruh sapa sing diarani nang Yesus. 23 Salah sijine murid ndengkul ning sisih tengene Yesus. Murid iku diarani “murid sing ditresnani Yesus.”b 24 Dadi Simon Petrus nggewehi tenger nang murid iku kepe takon nang Yesus sapa sing diarani.
25 Murid sing diwelasi iku lungguh parek Yesus noleh, terus takon nang Yesus, “Guru, sapa sing Rika maksut iku?”
26 Semaure Yesus, “Wong sing terima roti sing Tak celupen iki, iku sing kate nekong Reang.” Sak'wise iku, Yesus njupuk roti, nyelupen, terus digenehen nang Yudas, anak'e Simon Iskariot. 27 Sak'wise Yudas nerima roti iku, Yudas kerasukan Iblis.
Yesus guneman nang Yudas, “Gage wis, lakokna sing kate sira lakok'en.”
28 (Nanak murid sesijia ning enggon iku sing ngerti paran sing diguneman Yesus nang Yudas iku. 29 Ana sing ngira nek Yesus ngongkon Yudas tuku peparan sing dibutuhen gawe riaya, merga Yudas sing jaga picise kas. Ana pisan sing ngira Yesus ngongkon Yudas nggenehi picis nang wong mlarat.)
30 Yudas nerima roti iku terus budal. Pas iku wis wayah bengi.
Yesus nggenehi weruh Petrus kate orak ngakoni
31 Sak'wise Yudas budal, Yesus guneman, “Sak'iki Reang, Rajane Menungsa, kate dimulyak'en, terus Pengeran bakale dimulyak'en liwat Reang. 32 Nek Rajane Menungsa mulyak'en Pengeran, Pengeran kate mulyak'en Rajane Menungsa ning sak'njerone Awak'e Pengeran dewe. Terus iku bakal kedadean langsung.”
33 Yesus guneman maneh, “Anak-anak'e Reang, mek diluk engkas Reang gek bebarengan sira kabeh. Sira bakale nggolek'i Reang, tapi, persis sing Tak omongen nang pemimpin agama Ibrani, ‘Sira orak bisa melu nang enggon ning endi Reang budal.’ Sak'iki Reang guneman sing pada.
34 “Reang nggenehi prentah anyar nang sira: Sira kudu welas asih siji nang sijine. Pada karo Reang welas asih nang sira, ya welas asihana siji nang sijine. 35 Nek sira pada-pada welas asih nang siji nang sijine, bakale wong akeh pada weruh nek sira iku muride Reang.”
36 Simon Petrus takon nang Yesus, “Guru, Rika kate budal nangdi?”
Semaure Yesus, “Sak'iki sira orak bisa teka nang enggone Reang budal. Tapikne mbesok sira bakale melu Reang.”
37 Petrus takon nang Yesus, “Guru, ngapa reang orak bisa melu Rika sak'iki? Sak'iki reang siap masrahen nyawane reang kanggo Rika!”
38 Semaure Yesus, “Bener, tah, sira kate masrahen nyawane kanggo Reang? Sak'temene gunemane Reang iki bener, sak'durunge petek kelorok, sira bakale guneman ping telu nek sira iku orak kenal Reang.”