Yesus dilengani
12
Nem dina sak'durunge Paskah, Yesus njebul ning kota Betania, enggone Lasarus sing diuripen maneh nang Yesus. 2 Ning kono Yesus disuguhi mangan. Marta sing ngladeni, terus Lasarus ambek dayoh-dayoh liyane pada lungguh ning klasa melu mangan bareng Yesus. 3 Terus Maria njupuk setengah liter lenga narwastu murni, sing wangi ambek larang regane. Sikile Yesus dilengani, terus diusapi mbarek rambute. Ambune lenga wangi ngebek'i sak'kabehe umah iku.
Silkile Yesus dilengani (12:3)
4 Yudas Iskariot, muride Yesus sing kate masrahen Yesus, guneman ngene, 5 “Ngapa lenga wangi narwastu iki orak didol sak'gedene asil nyambut gawe sak'taun?a Terus picise bisa didumen nang wong-wong mlarat!” 6 (Iku kabeh digunemen Yudas Iskariot orak merga mesak'en nang wong mlarat, tapikne Yudas iku maling. Yudas iku gelek njupuk picise kas sing dipercayak'en.)
7 Terus Yesus guneman, “Jaren wae. Maria nglakoni iku kanggo nyiapen dina ngubure Reang. 8 Wong-wong mlarat ana terus ning antarane sira, tapikne Reang orak teterusan bebarengan sira.”
9 Akeh wong Ibrani krungu nek Yesus ana ning kota Betania. Terus wong-wong Ibrani pada teka orak mek merga kepingin ndeleng Yesus tok, tapikne uga arep ndeleng Lasarus, sing wis diuripen maneh teka pati.
10 Maringono ketuane pengarepe sembahyang pada rembungan arep mateni Lasarus. 11 Merga Lasarus diuripen maneh, akeh wong Ibrani ninggalen sesepuh Ibrani, terus percaya nang Yesus.
Yesus dipuji-puji ning Yerusalem
12 Sesok'e akeh wong pada teka kanggo riaya ning Yerusalem. Wong-wong iku pada krungu nek Yesus gek mlaku nang Yerusalem pisan. 13 Dadi wong-wong pada njupuk godong piji, terus pada budal nyampuhi Yesus karo bebengok,
“Hosana!b
Raja sing teka makili Gusti Pengeran pancen diberkahi! (Masmur 118:25-26)
Rajane wong Israel diberkahi!”
14 Yesus nemok'en belo keledai terus Yesus nunggang nang belo keledai iku, kaya sing ditulis ning Kitab Suci:
15 “Ajo wedi, he warga Yerusalem,c
delengen, Rajane sira iku wis teka,
nunggang nang nduwur belo keledai iku.” (Sakaria 9:9)
Rajane sira iku wis teka (12:15)
16 (Kawitane murid-muride Yesus orak ngerti kedadean iku. Tapikne sak'wise Yesus dimulyak'en, murid-muride terus iling paran sing tau tetulis ngenek'i Yesus ning Kitab Suci, karo paran sing kedadean nang Yesus dina iku.)
17 Wong-wong sing nyaksek'en Yesus nyeluk Lasarus urip maneh terus metu teka njero kuburan teterusan nyeritak'en kedadean iku. 18 Wong-wong iku budal nyampuhi Yesus, merga krungu nek Yesus sing gawe mujijat iku. 19 Terus wong-wong Farisi pada omong-omong, “Kene orak bisa nglakoni peparan! Deleng wae, kabeh wong pada kepingin melu Yesus.”
Wong Yunani nggolek Yesus
20 Ana wong-wong Yunani ning antarane wong-wong sing kate sembahyang pas dina riaya Paskah iku. 21 Wong-wong iku nekani Filipus, sing asale teka kota Betsaida ning tlatah Galilea. Wong-wong iku guneman, “Pak, kene kepingin ketemu Yesus.” 22 Dadi Filipus budal terus nyampek'en iku nang Andreas. Maringono Andreas karo Filipus marek'i Yesus.
23 Yesus guneman, “Wis teka wayahe Rajane Menungsa dimulyak'en. 24 Sak'temene gunemane Reang iki bener, nek wiji gandum orak rubuh nang lemah terus mati, wiji iku tetep siji wae. Tapi nek wiji gandum iku mati, wiji iku bakal ngasilen woh akeh. 25 Wong sing nresnani nyawane, wong iku bakale kilangan nyawane. Tapi wong sing orak nresnani nyawane ning ndunya iki, wong iku bakal nduweni urip sing langgeng. 26 Wong sing kate ngladeni Reang, kudu melu Reang cekne wong iku bareng Reang saben wayah. Bapakne Reang bakale ngajeni wong sing ngladeni Reang.
27 “Sak'iki atine Reang nelangsa, Reang kudu guneman paran? Apa Reang guneman, ‘Bapak, slametna Reang teka sengsara iki?’ Orak. Reang teka nang ndunya iki kanggo nerima sengsara iki. 28 Bapak, mulyakna jenenge Rika!”
Maringono, ana suwara teka swarga ngene, “Reang wis mulyak'en jenenge Reang, terus Reang kate mulyak'en jenenge Reang maneh!”
29 Wong-wong sing ngadek ning kono pada ngrungok'en unine iku, terus guneman, “Iku suwarane gluduk.”
Ana uga sing guneman, “Ana malaekat sing guneman nang Yesus.”
30 Yesus semaur, “Unine suwara iku duduk kanggo Reang, tapikne kanggo sira. 31 Sak'iki wis wektune ndunya iki diakimi. Sak'iki uga penguwasa ndunya iki, yaiku Iblis, kate dirutuhen, terus kuwasane dimusnahen. 32 Nek Reang diunggahen ning duwure bumi, Reang bakal nekak'en kabeh wong nang Reang.” 33 (Iki disampek'en kanggo ndudohen njare carane Yesus bakale mati.)
34 Maringono wong-wong iku pada semaur, “Kene wis krungu teka hukum agama, nek Raja Pilihane Pengeran bakale urip sak'lawas-lawase. Njare Rika bisa guneman, ‘Nek Rajane Menungsa kudu diunggahen, yaiku disaliben?’ Sapa ya, Rajane Menungsa iku?”
35 Yesus semaur nang wong-wong iku, “Wektune mung kari sediluk tok Padang ana ning antarane sira. Suwene Padang gek ana, nerusen uripe sira ning njerone Padang, cekne peteng orak nguwasani sira. Wong sing mlaku ning njerone peteng orak weruh nenangdia mlakune. 36 Suwene Padang gek ana antarane sira, percaya'a nang Padang iki cekne sira dadi anak-anak'e Padang.”
Sak'wise guneman ngono, Yesus ninggalen wong-wong iku, terus nyingeten Awak'e dewe cekne orak bisa ditemok'en wong.
Wong Ibrani ewoh percaya
37 Masia Yesus wis akeh nganak'en mujijat ning antarane wong Ibrani, tapikne wong-wong iku gek orak gelem percaya nang Yesus. 38 Iku njangkepi paran sing disampek'en nang Nabi Yesaya biyen:
“Gusti Pengeran, sapa sing percaya nang paran sing kene kabaren?
Nang sapa kuwasane Gusti Pengeran wis didudohen?” (Yesaya 53:1)
39 Iku mergane wong-wong iku pada orak bisa percaya. Terus Yesaya uga tau nyampek'en guneme Pengeran,
40 “Reang wis nggawe picek wong-wong iku,
ya ngatosen atine,
cekne orak bisa ndeleng katek mripate,
ya orak bisa ngerti katek atine,
terus orak bisa mbalik nang Reang
cekne Tak warasen.” (Yesaya 6:10)
41 Nabi Yesaya guneman ngono merga weruh kamulyane Yesus terus nyeritak'en ngenek'i Yesus.
42 Masia akeh wong Ibrani sing orak percaya nang Yesus, gek ana cukup akeh pimpinan-pimpinane wong Ibrani sing percaya nang Yesus. Tapikne, merga wedi nang wong-wong Farisi, wong-wong sing percaya iku orak gelem blak-blakan ngakoni. Wong-wong iku wedi bakale ditok'en teka balai agamane wong Ibrani. 43 Merga wong-wong iku luwih seneng diajeni menungsa ketimbang diajeni Pengeran.
Menungsa bakal diakimi nurut gunemane Yesus
44 Maringono Yesus guneman, “Sapa wae sing percaya nang Reang, wong iku orak mek percaya nang Reang, tapikne percaya nang Bapak sing ngutus Reang. 45 Sapa wae sing nguwasen Reang, pada wae nguwasen Sing Ngutus Reang. 46 Reang wis teka nang ndunya iki dadi padang, cekne saben wong sing percaya nang Reang, orak manggon ning pepeteng. 47 Sapa wae sing krungu guneme Reang, tapikne orak nglakoni, bakal diakimi. Tapi duduk Reang sing ngakimi. Merga Reang teka nang ndunya kanggo nyelameten menungsa, duduk kanggo ngakimi. 48 Wis ana hakim sing kate ngakimi wong sing nolak Reang, ambek nolak wulangane Reang. Gunemane Reang sing wis Tak sampek'en iku kate dadi hakim pas pungkasane jaman. 49 Merga paran sing Reang guneman iku duduk teka Reang dewe, tapikne teka Bapakne Reang. Bapak sing ngutus Reang, ya sing ngongkon Reang paran sing kudu Tak sampek'en. 50 Terus Reang ngerti nek prentahe Pengeran iku nggewehi urip langgeng. Dadi Reang nyampek'en paran sing dikandak'en Bapak nang Reang.”