Lasarus mati
11
Ana wong sing lara, jenenge Lasarus. Lasarus iku asale teka Betania, yaiku desa dulure sak'weteng sing jenenge Maria karo Marta. 2 (Maria iku sing nlengani sikile Gusti Yesus mbarek lenga wangi, terus diusapi karo rambute. Dulure Maria iku sing lara.) 3 Maria karo Marta iku ngabaren Yesus ngene, “Guru, dulure esun sing Rika tresnani iku lara.”4 Pas ngrungok'en kabar iku, Yesus guneman, “Lara iki orak bakal mateni. Iki kedadean cekne Pengeran diajeni, terus ngliwati lara iki Anak'e Pengeran diajeni pisan.”
5 Yesus nresnani Maria, dulure, yaiku Marta, karo Lasarus. 6 Tapikne pas oleh kabar nek'e Lasarus lara, Yesus sengaja meneng ning enggon iku rong dina engkas. 7 Sak'wise iku Yesus ngomong nang murid-muride, “Ayo kabeh mbalik nang Yudea.”
8 Murid-muride njawab, “Guru, gek entas wong-wong Ibrani kate ngantemi Rika karo watu! Apa sak'iki Rika kate mbalik nang kana maneh?”
9 Jawabe Yesus, “Dina awan rak rolas jam suwene? Wong sing mlaku pas dina awan orak bakale kesandung soale ana padang. 10 Tapi nek ana wong sing mlaku pas bengi, sikile kesandung merga peteng ning njero awak'e.” 11 Ya ngono gunemane Yesus. Terus Yesus ngomong maneh, “Kancane kene, Lasarus, wis turu. Tapikne Reang kate budal mrana terus Lasarus iku kate Tak tangek'en.”
12 Murid-muride Yesus ngomong, “Guru, nek'e Lasarus turu, engko mesti waras.”
13 Masia maksute Yesus Lasarus wis mati, tapikne didarak'en muride Yesus nek Lasarus mung turu wae. 14 Merga iku Yesus ngomong nang muride blak-blak'an, “Lasarus wis mati. 15 Tapikne Reang seneng Reang nanak ning kono. Soale luwih apik kanggo sira kabeh, cekne sira kabeh bisa luwih percaya nang Reang. Ayo pada budal nang Lasarus.”
16 Maringono Tomas, sing diceluk “Didimus” (sing tegese Kembar), ngomong nang kanca murid-murid liyane, “Ayo pada melu cekne kene kabeh mati bebarengan Yesus.”
Yesus njebul ning desa Betania
17 Sak'wise Yesus njebul ning enggon iku, Lasarus wis oleh petang dina dikubur. 18 Desa Betania iku orak kosi adoh teka kota Yerusalem, kira-kira telung kilo adohe. 19 Dadi akeh wong Ibrani teka kana ndengok Marta karo Maria gawe nambani atine wong loro iku, merga dulure mati.
20 Pas Marta krungu nek'e Yesus teka, Marta metu teka desa gawe nyampuhi Yesus. Tapi Maria tetep ana ning umah.
21 Mari campuh, Marta ngomong ngene nang Yesus, “Guru, nek'e Rika maune rene, dulure esun mestine orak mati. 22 Tapikne esun weruh paran wae Rika njaluk nang Pengeran mesti digenehi.”
23 Terus Yesus guneman nang Marta ngene, “Dulure sira bakale urip maneh.”
24 Jawabe Marta, “Esun weruh Lasarus bakale urip maneh nek wong mati ditangek'en pas dina Kiamat.”
25 Yesus ngomong maneh, “Reang iki sing nggewehi urip ambek sing nangek'en wong mati. Wong sing percaya nang Reang bakal urip masia wis mati. 26 Nek'e wong sing urip percaya nang Reang, wong iku orak bakal mati sak'lelawase. Percaya tah sira?”
27 Jawabe Marta, “Gusti, esun percaya nek'e Rika iku Anak'e Pengeran, yaiku Raja Pilihane Pengeran sing dijanjek'en kate teka nang ndunya.”
Yesus nangis
28 Sak'wise ngomong ngono, Marta budal nyeluk Maria, dulure. Marta mbisik'i ngene, “Bapak Guru ana ning kene. Sira diceluk.”
29 Ngrungok'en ngono, Maria langsung tangi, terus budal nyampuhi Yesus. 30 (Pas iku Yesus gek durung mlebu ning desa iku. Yesus gek ana ning enggon sing dicampuhi Marta mau.)
31 Ana wong-wong Ibrani sing teka kanggo nambani atine Maria ning umah iku. Pas ndeleng Maria tangi terus ndang budal, wong-wong iku ndarak'en Maria kate nangis ning kuburan, terus pada melu.
32 Sak'wise njebul ning enggone Yesus, Maria ndeleng Yesus terus sujud ning ngarepe. Maria ngomong, “Guru, nek'e pas iku Rika ana ning kene, dulure esun mestine orak mati.”
33 Pas iku Yesus ndeleng Maria karo wong Ibrani sing melu Maria pada nangis. Terus atine sedih ambek mesak'en nemen. 34 Mangkane Yesus takon, “Lasarus dikubur ning endi?”
Jawabe wong iku, “Guru, ayo didengok.”
35 Yesus nangis. 36 Mangkane wong-wong Ibrani ngomong, “Delengen! Yesus mesak'en nemen nang Lasarus!”
37 Tapikne ana sing ngomong, “Yesus gawe wong picek bisa ndeleng, tapikne ngapa kok Yesus orak bisa nyegah cekne Lasarus orak mati?”
Mujijat sing ping pitu - Lasarus diuripen
38 Yesus rumangsa sedih temen, terus budal nang kuburane Lasarus. Kuburan iku gua sing ditutup karo watu gede.
39 Terus Yesus ngongkon, “Singkirna watu iku.”
Marta, dulure sing mati muka, ngomong, “Tapikne Guru, iku wis petang dina dikubur. Mestine wis mambu bosok.”
40 Yesus ngomong nang Marta, “Rak wis Reang ngomong nang sira, nek'e sira percaya, sira bakale weruh kuwasane Pengeran?” 41 Mangkane wong-wong iku ngalih watu iku. Maringono Yesus mandeng nang langit terus ndedunga, “Matur suwun ya Bapak, merga Rika wis ngrungok'en Reang. 42 Reang weruh nek'e Rika teterusan ngrungok'en Reang. Tapi Reang ndunga ngene kanggo wong-wong sing ning kene, cekne kabeh wong ning kene percaya nek'e Rika sing ngutus Reang.” 43 Sak'wise ngomong ngono, Yesus mbengok katek suwara sing banter, “Lasarus, metua!”

“Lasarus, metua!” (11:43)
44 Maringono wong sing mati iku metu. Tangan karo sikile gek dibuntel kain lawon, praene gek ditutupi kain pisan. Terus Yesus guneman nang wong-wong ning kono, “Uculna kain lawon cekne wong iku bisa mlaku.”
Pemimpin Ibrani gawe rencana mateni Yesus
45 Sak'wise ndeleng iku, akeh wong Ibrani sing ndengok Maria percaya nang Yesus. 46 Tapikne ana pepirang wong sing budal nang wong Farisi terus ndongeng paran sing wis dilakoni Yesus. 47 Mangkane wong-wong Farisi karo ketua-ketuane pengarepe sembahyang nganak'en rapat ambek Mahkamah Agama.
Dadi wong-wong iku ngomong, “Paran sing kudu dilakoni? Wong iki akeh gawe mujijat! 48 Nek wong iku dijaren wae ngene, kabeh wong bakale percaya. Na ahire Roma sing nguwasani kene bakale teka, terus ngejuren Umahe Pengeran karo bangsane kene!”
49 Salah sijine wong iku, sing jenenge Kayafas, yaiku pengarepe sembahyang agung pas taun iku, ngomong, “Sira kabeh orak weruh peparan. 50 Sira orak ngerti nek luwih apik wong siji mati kanggo bangsane kene timbangane sak'kabehe bangsane kene dimusnahen.”
51 (Sak'benere Kayafas ngomong ngono duduk teka pikirane dewe. Kayafas wis ngramal nek'e Yesus bakale mati kanggo bangsa Ibrani merga Kayafas iku dadi pengarepe sembahyang agung taun iku. 52 Nyatane Yesus orak mati kanggo bangsa Ibrani tok, tapikne kanggo nglumpuk'en karo ndadek'en siji anak-anak'e Pengeran sing pada kocar-kacir.)
53 Molai dina iku sesepuh Ibrani pada sekongkol kanggo mateni Yesus. 54 Merga iku Yesus orak katok ning enggon rame ning antarane wong Ibrani. Yesus budal teka enggon iku nang kota Efraim, parek'e ara-ara amba. Ning kono Yesus manggon bebarengan karo murid-muride.
55 Pas iku wis parek riayane wong Ibrani sing diarani Paskah. Akeh wong sing teka desa-desa wis budal nang kota Yerusalem. Wong-wong iku kate nganak'en upacara kanggo nyucek'en awak'e sak'durunge riaya iku. 56 Wong-wong iku nggolek'i Yesus. Pas nglumpuk ning Umahe Pengeran wong-wong iku ngomong siji nang sijine, “Nurut sira njare? Apa Yesus bakale teka nang riaya iki?” 57 Tapi kabeh wong wis dikongkon nang ketua-ketuane pengarepe sembahyang ambek wong Farisi kanggo nggewehi weruh enggone Yesus cekne bisa dicekel.