Tukang Angon ambek dombane
10
“Sak'temene, gunemane Reang iki bener, sapa wae sing orak mlebu gedokane domba ngliwati lawang, mestine maling utawa wong begal. Wong iku nggolek dalan mlebu sing liyane. 2 Tapikne, wong sing mlebu liwat lawange gedokan iku tukang angone domba. 3 Sing njaga gedokan mbukak'en lawang kanggo tukang angon iku. Domba-domba iku pada ngrungok'en suwarane. Tukang angon iku nyeluk saben domba gawe jenenge domba iku dewe. Terus tukang angon iku mimpin domba-domba iku metu teka gedokan. 4 Sak'marine ngetok'en kabeh dombane dewe, tukang angon iku ndikik'i, terus sak'kabehe domba iku melu merga kenal suwarane. 5 Tapi domba-domba iku orak tau melu wong liya. Sak'benere domba-domba iku bakale mlayu ngedoh teka wong liya, merga orak kenal suwarane wong liya iku.”
6 Yesus gawe paribasan iku, tapi wong Farisi orak ngerti tegese.
Tukang Angon sing apik
7 Mangkane, Yesus guneman maneh, “Sak'temene gunemane Reang iki bener, Reang iki lawang kanggo gedokane domba. 8 Sak'kabehe wong sing teka sak'durunge Reang pada karo maling ambek wong begal. Tapi domba-dombane Reang orak ngrungok'en wong-wong iku. 9 Reang iki lawang. Sapa wae sing mlebu liwat Reang bakale slamet. Wong-wong iku bakal mlebu metu, terus oleh panganan sing dibutuhen. 10 Maling iku mau mek teka kanggo mbegal, mateni, ambek musnahen. Tapi Reang teka kanggo nggewehi urip, yaiku urip sing luwih sampek amber-amber.
11 “Reang iki tukang angon sing apik. Tukang angon sing apik iku masrahen nyawane kanggo nyelameten domba-domba. 12 Koli sing njaga domba-domba iku duduk tukang angon, ya duduk sing duwe pisan. Dadi, nek ana kerek ajag sing teka, koli iku ninggalen domba-domba terus mlayu. Maringono kerek ajag iku nyerang kumpulane domba-domba sampek kocar-kacir. 13 Koli iku mlayu merga mek buruh dinan sing orak mesak'en nang domba-domba.
14 “Reang iki tukang angon sing apik. Reang ngenal domba-dombane Reang, ya domba-dombane Reang ngenal Reang. 15 Iku pada karo Sang Bapak ngenal Reang, ya Reang ngenal Bapak. Reang sing nyerahen uripe Reang kanggo nyelameten domba-domba. 16 Reang ya duwe domba-domba liya, sing orak pada domba-domba ning gedokan iki. Reang kudu nglumpuk'en domba-domba iku pisan. Domba liya iku bakale ngrungok'en suwarane Reang pada karo domba-domba iki. Terus domba-domba iku bakale kumpul dadi sak'grombolan ambek siji Tukang Angone.
17 “Bapakne Reang nresnani Reang merga Reang nyerahen nyawane Reang kanggo domba-domba. Tapi sak'marine iku, Reang bakal nerima uripe Reang maneh. 18 Nanak sing njupuk uripe Reang. Reang sing masrahen nurut kekarepe Reang dewe. Reang duwe kuwasa kanggo masrahen uripe Reang, ya Reang duwe kuwasa kanggo njupuk uripe Reang maneh. Prentah iku Tak terima teka Bapakne Reang.”
19 Wong-wong Ibrani sing ngrungok'en gunemane Yesus iku molai tukaran. 20 Ana sing ngomong, “Wong iku klebon roh jahat, ya gendeng pisan. Gawe paran ngrungok'en Wong iku?”
21 Tapi sing liyane ngomong, “Wulangan iku orak kira asale teka wong sing klebon roh jahat. Apa roh jahat bisa marasen wong sing picek?”
Wong-wong Ibrani tetep bimbang nang Yesus
22 Maringono ana riaya ngiling-ngiling dina Umahe Pengeran disucek'en.a Pas iku musim adem. 23 Yesus mlaku-mlaku ning latare Umahe Pengeran bagean serambi Salomo. 24 Pemimpin-pemimpin Ibrani sing ngubengi Yesus pada takon, “Sampek kapan kene kudu bimbang? Gunemana nek Rika iku Raja Pilihane Pengeran utawa orak.”
25 Yesus semaur, “Reang wis guneman, tapi sira pada orak percaya. Mujijat-mujijat sing Tak lakoni nggawe kuwasane Bapakne Reang ya dadi bukti ngenek'i sapa Reang iki. 26 Tapi sira gek orak percaya merga sira iku duduk domba-dombane Reang. 27 Dombane Reang ngrungok'en suwarane Reang, terus Reang ngenal domba iku kabeh. Domba-domba iku melu Reang. 28 Reang nggewehi urip langgeng nang domba-domba iku. Nanak sesijia domba sing bakale mati sampek sak'lawas-lawase. Ya nanak sesijia wong sing bisa njupuk domba-domba iku teka tangane Reang. 29 Bapakne Reang sing nggenehi domba-domba iku nang Reang. Apa maneh, Bapakne Reang luwih gede teka sembarang kalir. Nanak sing bisa njupuk domba-domba iku teka tangane Bapakne Reang. 30 Reang ambek Sang Bapak iku siji!”
31 Sepisan maneh wong-wong Ibrani iku njupuk watu-watu kate ngantemi Yesus. 32 Tapi Yesus takon, “Reang wis nglakoni akeh mujijat teka Sang Bapak. Sing endi dadi alasan kanggo ngantemi Reang?”
33 Wong-wong iku semaur, “Kene orak ngantemi Sira merga salah sijine mujijat sing Sira lakoni. Kene kate ngantemi Sira merga Sira ngenyek Pengeran. Sira iku menungsa biasa, kok ngaku Awak'e Sira dewe dadi Pengeran!”
34 Yesus guneman, “Sira lak wis weruh ana tulisan ning hukum agamane sira:
‘Reang, Gusti Pengeran, guneman, sira kabeh iku pengeran-pengeran?’ (Masmur 82:6)
35 “Pengeran ngarani pemimpin-pemimpin rakyat iku ‘pengeran.’ Terus Kitab Suci iku orak bisa dinanak'en. 36 Nek wong menungsa bisa diarani ‘pengeran,’ apa maneh Reang, wong sing dipilih karo diutus Sang Bapak nang ndunya? Dadi sira salah nek ndarani Reang ngenyek Pengeran merga Reang guneman, ‘Reang iki Anak'e Pengeran.’ 37 Nek Reang orak nglakoni mujijat teka Sang Bapak, ajo percaya nang Reang. 38 Tapi, nek Reang nglakoni mujijat-mujijat iku, masia sira orak percaya nang Reang, sira kudu percaya nang mujijat-mujijat iku. Nek sira percaya, sira bisa ngerti Sang Bapak ana ning njerone Reang, ya Reang ana ning njerone Sang Bapak.”
39 Sepisan maneh wong-wong Ibrani iku njajal nyekel Yesus. Tapi Yesus ucul wae.
40 Maringono Yesus mbalik nyebrang kali Yordan, nang enggone Nabi Yohanes biyen mbaptis wong. Yesus manggon ning kana. 41 Akeh wong pada teka nang Yesus terus guneman siji nang sijine, “Masia Nabi Yohanes orak tau nglakoni mujijat, paran wae sing diguneman Yohanes ngenek'i wong iki pancene bener.” 42 Ning enggon iku akeh wong percaya nang Yesus.