Mujijat sing ping enem - wong picek diwarasen
9
Pas mlaku-mlaku, Yesus deleng ana wong sing picek mripate teka kruwat. 2 Murid-muride takon nang Yesus, “Guru, wong iku wis picek mripate teka kruwat. Sapa sing nglakoni dusa kok sampek wong iku mripate picek? Wong iki dewe apa wong tuwek'e?”
3 Yesus semaur, “Duduk wong iku, ya duduk wong tuwek'e pisan. Ngliwati wong picek iki kuwasane Pengeran bisa dinyatak'en. 4 Mumpung gek awan, kene kudu nglakok'en penggaweane Bapak sing ngutus Reang. Pas wayah bengi, nanak wong sing bisa nyambut gawe. 5 Sak'suwene Reang ana nang ndunya iki, Reang iki dadi padange ndunya.”
6 Sak'wise guneman, Yesus ngidu ning lemah, idune diulet campur lemah, terus diolesen ning mripate wong picek iku. 7 Yesus guneman nang wong iku, “Budala, awak'e sira diwisuhi ning kolam Siloam ika.” (‘Siloam’ tegese “Sing diutus.”)
Terus wong iku budal nang kolam Siloam. Wong iku ngrijik'i awak'e, terus balik maneh wis bisa nguwasen.
8 Tanggane ambek wong-wong sing tau ndeleng wong picek iku ngemis-ngemis pada takon, “Apa wong iki sing penggaweane ngemis iku?”
9 Ana wong sing guneman, “Ya bener.” Ana maneh sing guneman, “Duduk, rupane wae sing memper.”
Tapi wong iku dewe sing guneman, “Pancene bener, reang iki wong sing biyen picek iku.”
10 Dadi wong-wong iku pada takon, “Paran sing kedadean? Njare mripate sira bisa katok?”
11 Wong iku semaur, “Wong sing jenenge Yesus ngulet lemah. Terus Yesus ngolesen lemah iku ning mripate reang. Terus reang dikongkon budal nang kolam Siloam kanggo ngrijik'i awak'e reang. Dadi reang budal, ngrijik'i, terus reang bisa katok.”
12 Wong-wong iku pada takon maneh, “Ning endi Wong iku sak'iki?”
Semaure wong iku, “Reang orak weruh.”
Wong Farisi kepingin weruh paran sing kedadean
13 Terus wong-wong iku nggawa wong sing biyen picek iku nang wong-wong Farisi. 14 (Na, Yesus ngulet lemah katek idu, terus marasen wong picek iku pas dina Sabat.) 15 Dadi wong Farisi iku takon nang wong sing maune picek iku, “Njare mripate sira bisa katok?”
Semaure wong iku, “Yesus ngolesen uletan lemah iku ning mripate reang. Reang ngrijik'i awak'e reang, teruse sak'iki reang bisa katok.”
16 Pepirang wong Farisi guneman, “Wong Yesus iku orak patuh nang hukum agama ngenek'i dina Sabat. Dadi wong iku orak teka Pengeran.”
Pepirang wong liyane guneman, “Orak kira wong sing dusa bisa nglakok'en mujijat kayak iku.” Dadine ana guder ning antarane wong Farisi iku.
17 Maringono wong-wong iku pada takon nang wong sing maune picek iku, “Wong iku wis marasen mripate sira. Njare nurut sira ngenek'i Wong iku?”
Semaure wong sing diwarasen, “Wong iku Nabi.”
18 Sesepuh wong Farisi iku gek orak percaya maune wong iku picek terus sak'iki bisa katok. Dadi wong tuwek'e diceluk. 19 Sesepuh wong Farisi iku takon nang wong tuwek'e, “Apa iki anak'e sira? Apa sira guneman pancene picek teka kruwat? Dadi ngapa kok sak'iki bisa katok?”
20 Wong tuwek'e semaur, “Kene weruh nek lare iki anak'e kene. Terus lare iku pancen picek teka kruwat. 21 Tapi kene orak weruh njare kok sak'iki bisa katok. Kene orak weruh sapa sing marasen mripate. Takokna dewe nang larene iku, merga lare iku wis gede mesti wis bisa semaur.”
22 (Wong tuwek'e guneman ngono, merga wedi nang pemimpine wong Ibrani. Pemimpin Ibrani wis mutusen bakale ngetok'en teka balai agama saben wong sing guneman nek Yesus iku Raja Pilihane Pengeran. 23 Merga iku wong tuwek'e guneman, “Takokna dewe nang lare iku, merga lare iku wis gede mesti bisa semaur.”)
24 Terus pemimpin Ibrani nyeluk wong sing maune picek iku, terus guneman, “Mulyakna Pengeran karo guneman sing bener! Kene weruh nek Wong iku Wong dusa.”
25 Semaure wong sing maune picek iku, “Reang orak weruh apa Wong iku wong dusa utawa orak. Tapikne reang weruh nek reang sing maune picek sak'iki bisa katok.”
26 Wong Farisi iku pada takon maneh, “Paran sing dilakok'en Wong iku? Njare carane marasen mripate sira?”
27 Semaure wong sing diwarasen iku, “Reang wis guneman nang rika kabeh, tapi rika kabeh orak gelem rungok'en reang. Ngapa rika kok kepingin rungok'en maneh? Apa rika kabeh kepingin dadi muride Wong iku pisan?”
28 Kabeh sesepuh wong Farisi iku pada ngenyek nang wong sing diwarasen iku. Gunemane, “Sira iku sing melu Wong iku, tapikne kene kabeh sing melu Musa. 29 Kene weruh nek Pengeran wis guneman nang Musa. Tapikne kene orak weruh Wong iku teka endi.”
30 Semaure wong sing maune picek iku, “Aneh rika kok orak weruh Wong iku teka endi. Wong iku wis marasen mripate reang. 31 Kene weruh nek Pengeran iku orak ngrungok'en wong sing dusa, tapikne ngrungok'en wong sing nyembah karo sing patuh nang Pengeran. 32 Molai kawitan sampek sak'iki durung tau kekrungu nek ana wong sing picek teka kruwat sing diwarasen. 33 Nek Wong iku orak teka Pengeran, Wong iku orak bisa nggawe mujijat iku.”
34 Pemimpin-pemimpin iku pada semaur, “Sira iki lair sak'njerone dusa. Apa sira kate muruk'i kene?” Terus wong sing maune picek iku ditok'en teka balai agama sampek orak dianggep anggota maneh.
35 Yesus krungu nek pemimpin-pemimpine wong Ibrani ngetok'en wong iku teka balai agama. Terus Yesus ketemu karo wong iku terus guneman, “Apa sira percaya nang Rajane Menungsa iku?”
36 Semaure wong iku, “Sapa Rajane Menungsa iku, Pak? Dudohana cekne reang percaya nang Wong iku!”
37 Yesus guneman nang wong iku, “Sira wis ndeleng Rajane Menungsa merga Raja iku ya sing guneman karo sira sak'iki.”
38 Semaure wong iku, “Reang percaya, Gusti!” Terus wong iku sujud karo nyembah Yesus.
39 Yesus guneman, “Reang teka nang ndunya iki kanggo ngadili ndunya iki, cekne wong sing picek bisa nguwasen, ya cekne sing bisa nguwasen dadi picek.”
40 Orak kosi adoh ana wong-wong Farisi sing ngrungok'en gunemane Yesus iku mau. Wong-wong guneman nang Yesus, “Apa Sira ngarani kene picek?”
41 Semaure Yesus nang wong-wong iku, “Umpamane sira iku picek, sira orak dusa. Tapikne merga sira guneman nek sira bisa nguwasen, tegese dusane sira gek ana.”