Wong wedok sing jinaha
8
Tapikne, Yesus budal nang Pusung Saitun. 2 Isuk-isuk sesok'e Yesus mbalik nang latare Umahe Pengeran. Akeh uwong teka, terus Yesus lungguh ambek muruk'i wong-wong iku. 3 Maringono ahli-ahli agama Ibrani karo wong-wong Farisi pada nggawa wong wedok nang Yesus. Wong wedok iku dicekel pas nglakoni jinah. Wong-wong iku meksa wong wedok iku mau ngadek ning tengah-tengahe wong akeh. 4 Maringono wong-wong iku guneman nang Yesus, “Guru, wong wedok iki kecekel pas gek jinah. 5 Nurut hukum agama Ibrani, wong wedok iki kudu diantemi karo watu. Nurut Rika, paran sing kudu kene lakoni?” 6 (Wong Ibrani iku guneman ngono gawe njebak Yesus. Wong-wong iku kepingin nyalahen Yesus.)Maringono Yesus mungkruk ambek nulis katek tangane ning lemah.
7 Pimpinane wong Ibrani iku teterusan takon nang Yesus. Dadi Yesus ngadek terus guneman nang wong-wong iku, “Nek ana ning antarane sira sing orak duwe dusa, dadia wong sing kawitan sing ngantemi watu nang wong wedok iki.” 8 Terus Yesus mbungkuk maneh karo nulis ning lemah.
9 Wong-wong sing ngrungok'en guneman iku mau molai budal, sing tuwek kawitan, maringono wong sing liyane budal pisan. Sak'wise iku mek kari Yesus ijen mbarek wong wedok sing gek pancet ning kono.
10 Yesus ngadek karo takon nang wong wedok iku, “Buk, ning endi wong-wong iku? Apa nanak wong sing ngukum sira?”
11 Wong wedok iku njawab, “Nanak, Pak.”
Maringono Yesus guneman, “Reang ya orak ngukum sira. Budala, mbarek molai sak'iki ajo gawe dusa maneh.”]
Yesus - Padange Ndunya
12 Maringono Yesus guneman nang wong akeh, “Reang iki padange ndunya. Sapa wae sing melu Reang, wong iku orak bakal mlaku ning buretan. Wong iku bakale duweni padang sing gewehi urip.”
13 Tapi wong-wong Farisi guneman nang Yesus, “Mek Sira dewe sing gewehi saksi ngenek'i awak'e Sira. Merga iku saksine Sira iku orak sah.”
14 Yesus semaur, “Masia Reang gewehi saksi ngenek'i awak'e Reang dewe, saksine Reang iku bener. Merga Reang weruh teka endi asale Reang. Terus Reang weruh nangdi Reang bakale budal. Tapi sira orak weruh, teka endi asale Reang, karo ning endi Reang bakale budal. 15 Sira ngakimi nurut carane wong sing ngakimi wong liya. Reang orak ngakimi sesijia uwong. 16 Tapi, nek Reang ngakimi, akimane Reang iku bener. Merga duduk Reang dewe sing ngakimi, tapikne Reang ngakimi bebarengan karo Bapak sing ngutus Reang. 17 Nurut hukum agama Ibrani, saksine wong loro iku sah. 18 Reang gewehi saksi ngenek'i Reang dewe, terus Bapak sing ngutus Reang ye gewehi saksine nang Reang.”
19 Wong-wong Farisi iku takon “Ning endi bapakne sira?”
Yesus semaur, “Sira orak ngenal Reang utawa Bapakne Reang. Nek sira ngenal Reang, sira ya ngenal Bapakne Reang.”
20 (Yesus guneman kabeh iku pas mulang ning pelataran Umahe Pengeran, parek'e kotak sumbangan picis. Tapi nanak sesijia uwong sing bisa nyekel Yesus merga wayahe durung teka.)
21 Yesus guneman maneh nang wong-wong akeh, “Reang bakal ninggalen sira. Sira bakal golek'i Reang, tapikne sira bakal mati merga dusane sira. Sira orak bisa teka nang enggone Reang budal.”
22 Terus pimpinan-pimpinan Ibrani iku tetakonan siji nang liyane, “Apa Yesus kate kendat? Kok Yesus guneman, ‘Sira orak bisa teka ning enggone Reang budal?’ ”
23 Yesus guneman maneh, “Sira iki asale teka isor, tapikne Reang asale teka nduwuran. Sira asale teka ndunya iki, tapikne Reang asale orak teka ndunya iki. 24 Reang guneman nang sira nek sira bakale mati merga dusane sira. Pancene, sira bakale mati merga dusane sira, nek sira orak percaya nek Reang ikib Wong iku.”
25 Terus pemimpin-pemimpin Ibrani iku takon nang Yesus, “Sapa sira iki?”
Jawabe Yesus, “Reang iki ya sing wis Tak dongengen nang sira molai kawitan. 26 Akeh sing kate Reang gunemen karo ngakimi ngenek'i sira, tapikne Sing Ngutus Reang iki bener. Terus Reang mung nyampek'en nang ndunya paran sing wis Tak rungok'en teka Sing Ngutus Reang.”
27 (Pemimpin-pemimpin iku orak ngerti paran maksute sing digunemen Yesus iku mau pas Yesus gunem ngenek'i Bapakne.)
28 Yesus guneman, “Pas wayah sira bakal munggahen Rajane Menungsa iki, sira bakale weruh nek Reang iki Wong iku. Reang lakoni iki duduk teka kekarepe Reang dewe. Sira bakale weruh nek Reang mek guneman paran sing diwuruk'i Bapak nang Reang. 29 Bapak sing ngutus Reang bebarengan Reang teterusan. Reang iki nglakoni paran sing dikarepi Bapak, dadi Bapak orak bakal ninggalen Reang dewean.” 30 (Pas Yesus guneman kabeh iku mau, akeh wong sing percaya nang Yesus.)
Anak'e Abraham karo Anak'e Iblis
31 Yesus guneman nang wong Ibrani sing entas percaya nang Yesus, “Nek sira tetep melu wulangane Reang, sira iku muride Reang temenan. 32 Sira bakale meruhi paran sing bener. Mbarek paran sing bener iku mau bakale mbebasen sira.”
33 Pemimpin-pemimpin Ibrani njawab, “Kene iki anak putune Abraham. Kene orak tau dadi budak. Njare kok Rika bisa guneman nek kene bakal bebas?”
34 Yesus guneman nang wong-wong iku kabeh, “Sak'temene Gunemane Reang iki bener temenan, saben wong sing nglakoni dusa iku budak'e dusa. 35 Budak orak bisa urip ning keluarga sak'lelawase, tapikne anak tetep dadi anggotane keluarga. 36 Dadi, nek Sang Anak wis mbebasen sira, sira ya bebas temenan. 37 Reang weruh nek sira iku keturunane Abraham, tapikne sira kepingin mateni Reang merga sira orak nerima wulangane Reang. 38 Reang muruk'i sira sing wis didudohen Bapak nang Reang. Ya ngono pisan sira nglakoni sing sira rungok'en teka bapakne sira.”
39 Jawabe wong-wong iku, “Bapakne kene iku Abraham.”
Yesus guneman, “Nek sira kabeh iki anak putune Abraham, mestine sira nglakoni penggawean sing dilakoni Abraham. 40 Reang iki wong sing wis ndudohen nang sira paran sing bener, sing wis Tak rungok'en teka Pengeran, tapikne sira kepingin mateni Reang. Abraham orak nglakoni penggawean sing ngono iku! 41 Dadi, sira iki nglakoni penggawean sing dilakoni bapakne sira dewe.”
Pemimpin-pemimpin Ibrani iku guneman, “Kene iki duduk anak teka wong jinah. Kene mung duwe bapak sing siji, yaiku Pengeran dewe.”
42 Yesus mbales, “Nek Pengeran pancen Bapakne sira, sira mesti nresnani Reang, merga Reang asale teka Pengeran. Reang teka orak merga kekarepe Reang dewe, tapikne Pengeran sing ngutus Reang. 43 Sira orak ngerti paran sing Reang gunemen. Ngapa? Merga sira orak bisa nerima wulangane Reang.
44 “Bapakne sira iku Iblis! Sira gelem nglakoni penggaweane bapakne sira. Molai kawitane, Iblis iku tukang mateni terus mesti nglawan paran sing bener, merga ning njero awak'e, nanak paran sing bener. Pas Iblis nggorohi, iku nurut kekarepe dewe. Iblis pancen tukang nggorohi mbarek bapak teka kabeh goroh. 45 Reang guneman paran sing bener. Merga iku mau, sira orak percaya nang Reang. 46 Sapa teka sira iki kabeh sing bisa mbuktek'en nek Reang iki nduwe dusa? Dadi nek Reang guneman paran sing bener, ngapa sira orak percaya nang Reang? 47 Wong sing asale teka Pengeran bakal nerima pesene Pengeran. Tapikne sira iki asale duduk teka Pengeran. Mangkane sira kabeh orak gelem ngrungok'en.”
48 Pemimpin-pemimpin Ibrani iku njawab, “Kene iki bener nek guneman sira iku wong Samaria sing kesurupan roh jahat!”
49 Semaure Yesus, “Reang orak kesurupan roh jahat. Reang ngajeni Bapakne Reang, tapikne sira orak ngajeni Reang. 50 Reang orak golek aji gawe awak'e Reang dewe. Ana Siji sing nggolek aji iku gawe Reang, ya Siji sing kate ngakimi menungsa. 51 Sak'temene gunemane Reang iki bener, sapa sing nuruti wulangane Reang, wong iku orak bakal mati.”
52 Pemimpin-pemimpin Ibrani iku guneman nang Yesus, “Sak'iki kene weruh nek sira iki kesurupan roh jahat. Abraham wis mati. Nabi-nabine Pengeran ya wis mati pisan. Tapikne sira guneman, ‘Sapa wae sing nuruti wulangan Reang, orak bakal mati.’ 53 Apa sira iki luwih gede teka Abraham, bapakne kene? Abraham wis mati! Nabi-nabine Pengeran ya wis mati pisan! Sapa sira iki?”
54 Semaure Yesus, “Nek Reang iki mulyak'en awak'e Reang dewe, kamulyane Reang iki setitik wae nanak tegese. Bapakne Reang sing mulyak'en Reang. Bapakne Reang iku, sing sira celuk Pengerane sira. 55 Masia sira iku orak ngenal Pengeran, Reang iki ngenal Pengeran. Nek Reang guneman, ‘Reang iki orak kenal Pengeran,’ Reang dadi tukang goroh pada karo sira kabeh. Tapikne Reang kenal mbarek Reang nuruti wekasane Pengeran. 56 Abraham, mbah buyute sira, bungah temenan merga kate ndeleng dina tekane Reang. Abraham wis ndeleng dina iku terus bungah temenan.”
57 Wong-wong iku guneman, “Masak! Sira wis ndeleng Abraham? La umure sira iki durung sampek seket (50) taun!”
58 Yesus guneman nang wong-wong iku, “Sak'temene gunemane Reang iki bener, sak'durunge Abraham iku lair, Reang ikic wis ana.”
59 Wong-wong iku njupuk watu gawe ngantemi Yesus, tapikne Yesus nyingeten awak'e terus, ninggalen latar Umahe Pengeran iku.