Riaya Pondok Godong ning Yerusalem
7
Maringono Yesus mlaku ngubengi Galilea. Yesus orak gelem nginep ning Yudea merga wong Ibrani ning kana kepingin mateni Yesus.
2 Pas iku, Riaya Pondok Godong,a yaiku riayane wong Ibrani, wis parek. 3 Terus jere dulur-dulure Yesus, “Ninggalen Nasaret, terus budala nang Yudea, kepe wong sing meloni sira bisa deleng mujijat-mujijat sing Sira lakoni. 4 Kelakuane wong orak disingeten nek kepingin diakoni ning ngarepe wong akeh. Katokna awak'e Sira nang ndunya!” 5 (Dulur-dulur iku guneman ngono merga dulure dewe orak percaya nang Yesus.)
6 Terus Yesus guneman nang dulure, “Wayahe Reang durung teka, tapikne gawe sira saben wayah iku pada wae budal nang Yerusalem. 7 Ndunya iki orak bisa nyengiti sira, tapi ndunya iki nyengiti Reang, merga Reang nyaksek'en nek penggaweane ndunya iki jahat. 8 Budala sira nang slametan iku. Reang orak budal sak'iki. Wayahe Reang durung teka.” 9 Marine guneman ngono, Yesus gek manggon ning Galilea. 10 Tapi, sak'marine dulur-dulure budal nang slametan iku, Yesus meneng-menengan budal pisan, nanak sing weruh.
11 Ning slametan iku pemimpin-pemimpin Ibrani nggolek'i Yesus. Wong-wong iku teterusan takon, “Ning endi Yesus?” 12 Ana akeh wong ning slametan iku. Akeh sing bisik-bisik siji nang sijine ngenek'i Yesus. Ana sing ngomong, “Yesus iku wong apik.” Ana maneh sing guneman, “Orak, Yesus iku nyesaten rakyat.” 13 Tapi, nanak sesijia sing wani blak-blakan ngomongen Yesus ning ngarepe wong. Wong-wong iku wedi nang pemimpin-pemimpin Ibrani.
14 Pas dina sing ping papat riaya iku, Yesus mlebu ning latare Umahe Pengeran, terus muruk'i ning kono. 15 Wong-wong Ibrani ning kono dadi gawok. Gunemane, “Wong iki orak tau sekolah, njare kok bisa duwe ilmu sak'mene akehe?”
16 Semaure Yesus nang wong-wong iku, “Wulangane Reang orak teka awak'e Reang dewe. Wulangane Reang asale teka Pengeran sing ngutus Reang. 17 Sapa sing gelem nglakoni kekarepane Pengeran, wong iku bakale weruh nek wulangane Reang asale teka Pengeran, apa teka Reang dewe. 18 Wong sing guneman nurut awak'e dewe iku kepingin awak'e dewe diajeni. Tapikne Reang kepingin ngajeni Pengeran sing ngutus Reang. Dadi Reang guneman paran sing bener. Nanak gorohan ning Reang. 19 Wong ya Musa wis nggewehi hukum agama Ibrani nang sira. Tapikne, nanak sesijia ning tengah-tengahe sira bisa matuhi hukum iku. Ngapa sira kepingin mateni Reang?”
20 Wong akeh iku nyauri, “Sira klebon roh jahat! Sapa sing kate mateni sira?”
21 Yesus semaur, “Reang iki nggawe siji mujijat, terus sira pada gawok. 22 Nabi Musa ngongkon saben bayi lanang kudu disunat pas umure wolung dina, masia dina iku nyatane dina Sabat. Sak'jane adat sunat iku asale teka mbah buyute kene, duduk Musa. 23 Na, nek bayi lanang kudu disunat pas dina Sabat cekne hukume Musa dipatuhi, ngapa kok sira nesu nang Reang, merga Reang marasen ragane wong sak'utuhe pas dina Sabat? 24 Ajo ngakimi wong nurut paran sing katok, tapikne akimana sing adil.”
Tukaran ngenek'i sapa Yesus iku
25 Maringono pepirang uwong sing manggon ning Yerusalem pada ngersani Yesus siji nang sijine, “Apa tah Wong iki wong sing digolek'i pemimpin-pemimpin Ibrani cekne dipateni? 26 Delengen! Wong iki muruk'i sak'karepe tapi orak dipenggak setitik'a. Apa pemimpine kene wis percaya nek Yesus iku pancene Raja Pilihane Pengeran? 27 Kene weruh teka endi asale wong iku. Tapi nek Raja sing dijanjek'en iku wis teka, nanak sesijia wong sing bakale weruh teka endi asale.”
28 Yesus gek muruk'i ning latare Umahe Pengeran. Terus Yesus guneman, “Pancene sira ngenal Reang mbarek sira weruh enggon asale Reang. Tapikne Reang teka orak merga kekarepane Reang dewe. Reang diutus Bapak sing bener, sing sira orak kenal. 29 Reang kenal Bapak merga Reang asale teka Bapak. Bapak iku sing wis ngutus Reang.”
30 Pas Yesus guneman ngono, pemimpin Ibrani ngrekadayak'en nyekel Yesus. Tapi nanak wong sing bisa nyekel Yesus merga wayahe durung teka. 31 Masia ngono, akeh wong sing percaya nang Yesus terus guneman, “Nek'e Raja sing dijanjek'en Pengeran wis teka, apa wong iku bakal nglakoni mujijat sing luwih akeh timbang sing wis didadek'en Yesus?”
32 Wong-wong Farisi ngrungok'en sing digunemen wong akeh ngenek'i Yesus. Merga iku pemimpin pengarepe sembahyang ambek wong Farisi ngongkon sing njaga Umahe Pengeran nyekel Yesus.
33 Maringono Yesus guneman, “Mung sediluk maneh Reang ana ning tengah-tengahe sira kabeh. Terus Reang bakal budal nang Bapak sing wis ngutus Reang. 34 Sira bakal nggolek'i Reang, tapikne sira orak bisa nemok'en Reang. Sira orak bisa teka nang enggone Reang.”
35 Pemimpin-pemimpin Ibrani iku pada takon siji nang sijine, “Kate lunga nangdi Yesus iki, kok sampek kene orak bisa nemok'en? Apa Yesus bakal lunga nang bangsane kene sing netep ning daerahe wong Yunani? Apa Yesus bakal muruk'i wong Yunani ning kana? 36 Paran tegese guneme iki, ‘Sira bakal nggolek'i Reang, tapikne sira orak bisa nemok'en Reang,’ ambek, ‘Sira orak bisa teka nang enggone Reang’?”
37 Dina pungkasane riaya iku wis teka. Iku dinane sing paling gede. Pas dina iku Yesus ngadek ambek guneman bebanter ngene, “Sapa sing ngelak, teka'a nang Reang terus ngombea! 38 Sapa percaya nang Reang, ‘Banyu panguripan bakale ngalir teka atine.’ Iku mau sing digunemen ning Kitab Suci.”
39 (Sing dimaksuten Yesus iku Roh Suci teka Pengeran. Roh Suci iku durung digewehen nang wong-wong sing percaya. Pas iku Roh Suci durung digewehen merga Yesus durung dimulyak'en.)
40 Wong akeh ngrungok'en gunemane Yesus. Sak'bageane teka wong-wong iku guneman, “Yesus iki pancene nabi sing dijanjek'en bakale teka sak'durunge tekane Raja Pilihane Pengeran.”
41 Tapi sing liyane guneman, “Yesus iki Raja Pilihane Pengeran.”
Sing liyane maneh guneman, “Raja Pilihane Pengeran iku orak teka Galilea! 42 Kitab Suci guneman nek Raja iku bakale lair teka anak putune Raja Daud, teka Betlehem, kotane Daud biyen.”
43 Dadi wong akeh iku pada tukaran merga orak setuju sapa sak'temene Yesus iku. 44 Masia pepirang wong ning antarane wong iku kepingin nyekel Yesus, tapikne nanak sesijia wong sing wani ngutik Yesus.
Pemimpin-pemimpin Ibrani orak percaya nang Yesus
45 Maringono wong-wong sing njaga Umahe Pengeran mbalik nang pemimpin pengarepe sembahyang mbarek wong Farisi. Pemimpin-pemimpin iku pada takon nang sing jaga iku, “Ngapa sira kok orak nggawa Yesus mrene?”
46 Wong-wong sing njaga iku njawab, “Durung tau ana wong sing guneman persis ngono iku!”
47 Wong Farisi iku mbales, “Dadi apa sira iki ya disesaten pisan? 48 Apa ana ning antarane pemimpin wong Ibrani utawa wong Farisi sing percaya nang Yesus iku? Apa ana ning antarane wong Farisi sing percaya nang Yesus iku? 49 Orak! Wong-wong biasa sing melu Yesus iku orak weruh peparan ning hukum agama Ibrani. Kuwalat temenan wong-wong iku!”
50 Tapi Nikodemus ana ning tengahe wong-wong iku. Nikodemus iku sing biyen campuh Yesus pas bengi. Nikodemus guneman nang wong-wong iku, 51 “Hukum agama Ibrani orak ngolehi kene ngukum wong sak'durunge wong iku dirungok'en. Kene orak bisa ngukum Yesus sak'durunge kene weruh paran sing wis dilakoni.”
52 Pemimpin-pemimpin liyane takon, “Apa sira iki wong Galilea pisan? Macanana Kitab Suci! Sira bakal weruh nek nanak nabi sing asale teka Galilea!” [ 53 Kabeh pemimpin Ibrani moleh nang umahe dewe-dewe.