Mujijat sing ping papat - Yesus nggewehi mangan nang luwih teka 5.000 uwong
6
Sak'marine iku Yesus nyebrang Ranu Galilea, (ya pisan diarani Ranu Tiberias).a 2 Akeh wong melu Yesus merga wong-wong iku tau ndeleng mujijat-mujijat sing dilakok'en Yesus kanggo marasen wong-wong lara. 3 Yesus munggah nang pusung, terus lungguh ning ngono ambek murid-muride. 4 (Na, riayane wong Ibrani sing diarani Paskah wis parek.) 5 Terus Yesus nguwasen sak'ubenge ana akeh wong teka. Terus Yesus guneman nang Filipus, “Ning endi kene bisa tuku roti cekne kabeh wong iku bisa mangan?” 6 (Yesus guneman ngono kanggo nguji murid-muride. Yesus dewe wis weruh paran sing kate dilakoni.)7 Filipus semaur, “Nek kene duwe picis sak'gedene rong atus (200) dina nyambut gawe, gek orak cukup gawe nggenehi mangan wong sak'meneh akehe, masia oleh sak cuil wae.”
8 Salah siji muride, yaiku Andreas, dulure Simon Petrus, guneman, 9 “Ning kene ana lare cilik sing duwe limang roti karo iwak loro. Tapikne iku ya orak cukup gawe nggenehi mangan wong sing akeh temenan iki!”
10 Yesus guneman, “Kongkonen wong-wong iku pada lungguh.”
Ning enggon iku ana akeh sesuketan. Terus wong-wong iku lungguh, kira-kira ana limang ewu (5.000) wong sing lanang. (Wedok ambek lare durung keitung.)
11 Yesus njupuk roti iku ambek nedanerima. Maringono Yesus mbagek'en roti iku nang akeh wong sing lungguh iku mau. Ngono uga iwak-iwak iku. Yesus iku nggenehi mangan wong akeh iku sampek kabeh pada wareg.

Roti ambek iwak didumen (6:11)
12 Sak'wise wong-wong iku wareg, Yesus guneman nang murid-muride, “Klumpukna kekarene roti karo iwak iku mau. Ajo sampek ana sing kebuang.” 13 Sak'marine kabeh wong mangan teka limang iji roti iku, murid-muride nglumpuk'en kekarene roti iku mau, sampek rolas wakul akehe.
14 Pas wong akeh iku deleng mujijat sing dilakok'en Yesus, wong-wong iku pada gunemen, “Wong Yesus iki pancene Nabi sing dijanjek'en bakale teka nang ndunya!”
15 Maringono, Yesus weruh nek wong-wong iku kepingin meksa Yesus didadek'en rajane. Merga iku, Yesus budal dewean nyingkir nang pusung.
Mujijat sing ping lima - Yesus mlaku ning duwure banyu
16 Bengi iku, murid-muride Yesus budal nang Ranu Galilea, 17 munggah prau, kate nyabrang nang Kapernaum. (Pas iku wis molai peteng, tapikne Yesus gek durung mbalik nang murid-muride.) 18 Pas iku angin gede teka. Ombak'e ranu tambah gede pisan. 19 Sak'marine murid-muride ndayung prau kira-kira lima utawa enem kilometer adohe, memara nguwasen Yesus mlaku ning duwure banyu. Yesus marek'i prau iku. Terus murid-murid iku tambah wedi. 20 Yesus guneman nang murid-muride, “Ikilo Reang.b Ajo wedi.” 21 Sak'wise Yesus guneman ngono, murid-muride seneng nerima Yesus ning njerone prau. Terus prau iku langsung nyampek nang pinggire ranu sing dituju.
22-24 Sisuk'e sak'bagean wong-wong akeh iku gek ana ning sabrange ranu ning Galilea, yaiku enggon mangan roti wingi iku sak'marine Gusti Yesus nedanerima. Wong-wong iku weruh nek Yesus orak melu munggah ning praune, mek murid-muride tok sing budal. Tapi, sak'wise wong-wong iku pada weruh Yesus karo murid-muride nanak maneh ning kono, wong-wong iku munggah prau budal nyusul nang Kapernaum, kanggo nggolek'i Yesus.
Yesus iku roti panguripan
25 Wong akeh nyampuhi Yesus ning sabrange ranu, terus takon nang Yesus, “Guru, kapan Rika teka ning kene?”
26 Semaure Yesus, “Sak'temene gunemane Reang iki bener, sira kabeh nggolek'i Reang duduk merga mujijat iku mau, tapikne merga sira mangan roti terus sira wareg. 27 Ajo nyambut gawe kanggo panganan ndunyawi sing dadi bosok. Tapikne nyambut gawe'a cekne oleh pangan sing awet sampek urip langgeng. Iku pangan sing digewehen Rajane Menungsa nang sira. Pengeran, Sang Bapak, wis nggewehi cap pengestune nang Rajane Menungsa iku.”
28 Wong-wong iku takon nang Yesus, “Penggaweane paran sing dikarepen Pengeran kene lakoni?”
29 Semaure Yesus, “Iki penggawean sing dikarepen Pengeran, ‘Percaya'a nang Reang sing diutus nang Pengeran.’ ”
30 Wong-wong iku takon maneh nang Yesus, “Tetengeran paran sing bisa Rika ndudohen cekne kene bisa nguwasen terus percaya nang Rika? Penggawean paran sing kate Rika lakok'en? 31 Mbah buyute kene biyen wis mangan roti ‘manna’c ning ara-ara amba. Ana sing tetulis ning Kitab Suci, ‘Pengeran nggewehi wong-wong iku mangan roti teka swarga.’ ”†
32 Terus Yesus guneman, “Sak'temene gunemane Reang iki bener, duduk Musa sing nggewehi roti teka swarga nang mbah buyute sira. Tapikne Bapakne Reang sing nggenehi roti sejati teka swarga nang sira. 33 Merga roti sing digewehen Pengeran, yaiku Wong sing mudun teka swarga terus nggenehi urip nang ndunya.”
34 Wong-wong iku semaur, “Pak, genehana kene roti iku sak'teruse.”
35 Yesus guneman nang wong-wong iku, “Reang iki roti panguripan. Kabeh wong sing teka nang Reang orak bakale keluwen maneh. Kabeh wong sing percaya nang Reang orak bakale ngelak maneh.
36 “Persis sing tau Tak gunem, masia sira kabeh wis ndeleng Reang, tapikne sira orak percaya nang Reang. 37 Kabeh uwong sing digenehen Bapak nang Reang mesti bakale teka ambek percaya nang Reang. Apa maneh, sapa wae sing teka nang Reang orak bakale ditundung. 38 Merga Reang wis mudun teka swarga kanggo nglakoni paran sing dikarepen Pengeran sing ngutus Reang, duduk kanggo nglakoni karepe Reang dewe. 39 Iki karepe Pengeran sing ngutus Reang: teka kabeh uwong sing wis digenehen Bapak nang Reang, nanak sesijia sing bakale ilang. Kabeh wong iku kudu Tak uripen maneh pas pungkasane jaman. 40 Saben wong sing nguwasen Reang, Sang Anak, terus percaya nang Anak iku bakale nerima urip langgeng. Wong iku bakale tak uripen maneh pas dina sing pungkasan merga iku sing dadi kekarepane Bapakne Reang.”
41 Ngrungok'en iku pemimpin wong Ibrani molai bongol terus ngedumel ngenek'i Yesus, merga Yesus guneman, “Reang iku roti sing mudun teka swarga.” 42 Wong-wong iku pada guneman siji nang sijine, “Wong iku kok Yesus, anak'e Yusuf. Kene kenal bapak ambek emakne. Njare Wong iki kok wani guneman, ‘Reang wis mudun teka swarga?’ ”
43 Yesus guneman, “Sira ajo pada ngedumel. 44 Bapak sing ngutus Reang. Nanak uwong blas sing bisa teka ambek percaya nang Reang nek orak diceluk Bapak. Terus Reang bakale nguripen maneh wong-wong iku pas dina sing pungkasan. 45 Ning Kitab Suci nabi-nabi ana tetulis, ‘Pengeran bakale mulang wong-wong iku kabeh.’† Kabeh wong sing krungu terus nerima wulangan teka Bapak bakale teka nang Reang. 46 Nanak sesijia wong sing wis tau nguwasen Bapak, kejaba Reang sing asale teka Pengeran. Reang wae sing wis nguwasen Bapak.
47 “Sak'temene gunemane Reang iki bener, wong sing percaya nang Reang wis nduweni urip langgeng. 48 Reang iki roti panguripan. 49 Mbah buyute sira wis mangan roti ‘manna’ ning ara-ara amba. Tapikne wong-wong iku mati wae. 50 Reang iki roti sing mudun teka swarga. Sapa wae sing mangan roti iki, orak bakale mati. 51 Reang iki roti panguripan sing mudun teka swarga. Nek ana wong sing mangan teka roti iki, wong iku bakale urip. Roti sing Tak genehen, yaiku daginge Reang. Tak genehen daginge Reang dewe cekne ndunya bisa urip.”
52 Ngrungok'en iku pemimpin-pemimpin Ibrani molai guder siji karo sijine. Wong-wong iku guneman, “Njare Yesus bisa nggenehi daginge dewe cekne dipangan?”
53 Semaure Yesus nang wong-wong iku, “Sak'temene gunemane Reang iki bener, sira kudu mangan daginge Rajane Menungsa, ya ngombe getihe pisan. Nek orak, sira orak duweni urip. 54 Wong sing mangan daginge Reang karo ngombe getihe Reang wis duweni urip langgeng. Reang bakale uripen wong iku maneh pas dina sing pungkasan. 55 Daginge Reang iku pangan sing sejati. Getihe Reang iku ombe sing sejati. 56 Sapa wae sing mangan daginge Reang karo ngombe getihe Reang, wong iku urip sak'njerone Reang, terus Reang ya urip sak'njerone wong iku. 57 Bapak, sing dadi sumbere urip, ngutus Reang. Reang urip merga Bapak. Dadi sapa wae sing mangan Reang, wong iku bakale urip merga Reang. 58 Reang iki roti sing mudun teka swarga. Roti iki orak pada karo roti ‘manna’ sing dipangan mbah buyute sira sing mati biyen iku. Tapi sapa wae sing mangan roti iki, wong iku bakale urip sak'lelawase.”
59 Yesus guneman iku kabeh pas ning balai agamane wong Ibrani ning kota Kapernaum.
Akeh murid ninggalen Yesus
60 Ngrungok'en iku, akeh muride Yesus pada guneman siji nang sijine, “Wulangan iki ewoh dingerteni. Orak kira ana sing sanggup nerima!”
61 Yesus weruh nek murid-muride ngedumel ngenek'i iku. Dadi Yesus guneman nang wong-wong iku, “Apa gunemane Reang ganggu sira kabeh? 62 Njare rumangsane sira nek nguwasen Rajane Menungsa munggah mbalik nang enggon sing maune? 63 Duduk daging sing genehi urip, tapikne Rohe Pengeran sing nggenehi urip. Paran wae sing Tak gunemen nang sira iku duwe kuwasa Rohe Pengeran ambek panguripan. 64 Tapi gek ana ning antarane sira orak percaya.” (Yesus wis weruh molai kawitan sapa sing orak percaya terus sapa sing kate masrahen awak'e Yesus dewe nang musuhe.) 65 Yesus guneman maneh, “Merga iku Reang guneman nang sira, nanak uwong sing bisa percaya nang Reang nek orak diolehi nang Sang Bapak.”
66 Molai iku akeh muride sing ninggalen Yesus. Wong-wong iku orak meloni Yesus maneh. 67 Yesus guneman nang rolas murid-muride, “Apa sira ya bakal lunga pisan?”
68 Jawabe Simon Petrus, “Gusti Yesus, nangdi maneh kene bakal lunga? Rika dewe sing duwe wulangan sing bisa nggewehi urip langgeng. 69 Kene wis dadi percaya ambek ngerti nek Rika iki Raja sing sucid teka Pengeran.”
70 Semaure Yesus nang wong-wong iku, “Reang dewe iki sing milih sira kabeh sing jumlahe rolas iki. Tapikne salah sijine ning tengah-tengahe sira iki dikuwasai Iblis.” 71 (Sing dimaksuten Yesus iki mau, yaiku Yudas, anak'e Simon Iskariot. Masia Yudas iki salah siji teka rolas murid iku, tapikne Yudas sing dadi masrahen Yesus nang pemimpin-pemimpin agama cekne dipateni.)