Mujijat sing ping telu - wong lumpuh diwarasen
5
Sak'marine iku, Yesus budal nang Yerusalem gawe ngetuten riayane wong Ibrani. 2 Ning Yerusalem ana kolam sing nduwe limang teras. Ning basa Ibrani kolam iku dijenengi Betesda. Kolam iku parek karo lawange Gerbang Domba. 3 Akeh wong lara nggletak ning latar-latare pinggire kolam iku, yaiku wong picek, wong pincang, karo wong lumpuh. [Wong-wong iku ngenteni kuclak'e banyune kolam iku. 4 Merga sak'wayah-wayah ana malaekate Pengeran sing mudun nang kolam iku terus nguclak'en banyune. Sapa wae sing kawitan nyemplung nang njero kolam sak'marine kuclak'e banyu iku bisa waras teka larane.]a 5 Ning kana ana wong sing wis lara telung puluh wolu (38) taun suwene. 6 Yesus ndeleng wong iku nggletak ning kono. Yesus weruh nek'e wong iku wis lara suwe. Terus Yesus guneman, “Gelem tah, sira waras?”7 Wong lara iku guneman, “Pak, nanak wong sing ngeduk'en reang nang kolam iki pas wayah banyune molai kuclak. Reang kepingin dadi wong sing kawitan sing nyemplung banyu, tapikne wong liya mestine mudun ndikik'i reang.”
8 Yesus guneman, “Tangia! Jupuk'en klasane sira, terus mlakua.”
9 Pas wayah iku uga wong iku waras. Wong iku njupuk klasane terus mlaku. Kedadean iku pas dina Sabat. 10 Merga iku, pepirang pemimpin Ibrani guneman nang wong sing waras iku, “Dina iki dina Sabat. Sira orak oleh nggawa klasa iku.”
11 Wong iku guneman, “Wong sing wis marasen reang guneman ngene nang reang, ‘Jupuk'en klasane sira terus mlakua.’ ”
12 Pemimpin Ibrani iku takon nang wong sing waras iku mau, “Sapa jenenge wong sing ngongkon sira njupuk klasane sira terus mlaku?”
13 Wong sing gek entas waras iku mau orak weruh sapa wong iku merga Yesus wis budal ning antarane akeh wong ning kono.
14 Maringono Yesus ketemu mbarek wong iku ning latare Umahe Pengeran. Yesus guneman nang wong iku, “Sira wis waras. Ajo nglakoni dusa maneh cekne ajo kedaden sing luwih elek maneh nang sira.”
15 Wong iku balik nang pemimpin Ibrani iku, terus dongengen nek'e Yesus sing marasen.
Pemimpin Ibrani nggolek'i Yesus
16 Merga Yesus nglakoni mujijat iku pas dina Sabat, pemimpin Ibrani molai ganggu Yesus.
17 Tapikne Yesus guneman nang pemimpin-pemimpin Ibrani iku, “Bapakne Reang tetep nyambut gawe sampek sak'iki. Dadi Reang ya nyambut gawe pisan.”
18 Merga iku, pemimpin Ibrani rekadaya luwih mantep maneh gawe mateni Yesus. (Wong-wong iku nglakoni ngono duduk merga Yesus mek nglanggar aturane dina Sabat, tapi luwih maneh Yesus ngakoni Pengeran iku Bapakne dewe. Nek ngono, Yesus nganggep awak'e dewe pada karo Pengeran.)
19 Dadi Yesus guneman nang wong iku kabeh, “Sak'temene gunemane Reang iki bener, Sang Anak orak bisa nglakoni paran wae teka kekarepane dewe, tapi mek sing dilakoni Bapakne. Merga Sang Anak mek nglakoni pada karo sing dilakoni Bapakne. 20 Sang Bapak welas asih nang Sang Anak karo ndudohen nang Anak paran wae sing digawe dewe. Terus Sang Bapak kate ndudohen nang Sang Anak penggawean sing luwih gede teka iku cekne sira kabeh bakale gawok. 21 Persis Sang Bapak nangek'en terus nguripen wong mati, Sang Anak ya nguripen kabeh wong sing dikarepen. 22 Apa maneh, Sang Bapak orak ngakimi sapa wae, tapikne kabeh kuwasa ngakimi digewehi nang Sang Anak. 23 Merga iku mau, kabeh wong bakale ngajeni Sang Anak, ngentah wong-wong ya ngajeni Sang Bapak. Nek'e ana wong sing orak ngajeni Sang Anak, wong iku ya orak ngajeni Sang Bapak sing ngutus Anak'e.
24 “Sak'temene gunemane Reang iki bener, kabeh wong sing manut nang wekasane Reang, terus percaya nang Sing Ngutus Reang, wis nduweni urip sing langgeng. Wong iku orak bakal diukum. Wong iku wis dialihen teka pepati nang panguripan. 25 Sak'temene gunemane Reang iki bener, wayah bakale teka, terus pancene wis teka, pas wong mati bakale ngrungok'en suwarane Anak'e Pengeran. Sapa wae sing ngrungok'en suwara iku bakale urip. 26 Persis Sang Bapak nduweni urip ning Awak'e Dewe, Sang Bapak wis ngestoni nang Anak'e nduweni urip ning awak'e dewe pisan. 27 Sang Bapak ngestoni nang Anak'e kuwasa kanggo ngakimi, merga Anak'e iku Rajane Menungsa.
28 “Ajo gawok. Wayah bakale teka pas kabeh wong ning njero kuburan kate ngrungok'en suwarane Reang, yaiku Rajane Menungsa. 29 Wong mati iku bakale tangi terus metu teka kuburane. Sing nglakoni apik bakal diuripen nang urip sing langgeng. Sing nglakoni jahat bakal diuripen cekne diukum. 30 Reang orak bisa nglakoni peparan nurut kekarepe Reang dewe. Persis sing Reang krungu, Reang ngakimi. Terus, akimane Reang adil, merga Reang orak nggolek kekarepe dewe, tapi kekarepane Sang Bapak sing ngutus Reang.”
Saksi-saksine Yesus
31 “Nek Reang nyampek'en saksi ngenek'i awak'e Reang dewe, saksi iku durung sah merga mek siji. 32 Tapi ana maneh, yaiku Bapakne Reang, sing nyampek'en saksine ngenek'i Reang. Terus Reang weruh saksine Bapakne Reang iku bener. 33 Sira wis takon nang Nabi Yohanes, sing wis nyaksek'en paran sing bener. 34 Reang dewe orak nerima saksine menungsa. Tapi Reang guneman ngono cekne sira bisa dislameten. 35 Yohanes iku memper obor sing murup karo semorot. Sira kabeh pada bebungah temenan ning padang iku, masia orak kosi suwe.
36 “Tapikne Reang duwe saksi sing luwih kuwat ketimbang Yohanes, yaiku penggaweane sing digewehi Sang Bapak, sing kudu Tak marek'en. Penggawean sing Tak lakoni sak'iki nyaksek'en nek Reang iki diutus Sang Bapak.
37 “Apa maneh, Sang Bapak sing ngutus Reang ya nyaksek'en sapa Reang iki. Sira kabeh durung tau ngrungok'en suwarane utawa ndeleng rupane. 38 Ya sira durung nerima gunemane Sang Bapak ning atine awak'e sira dewe, merga sira orak percaya nang Reang sing Sang Bapak utus.
39 “Sira kabeh pada sinau Kitab-kitab Suci Ibrani, merga sira mikir ngliwati cara ngono bisa oleh urip langgeng. Sak'jane Kitab-kitab Suci iku sing nyaksek'en sapa Reang iki. 40 Tapi sira orak gelem teka nang Reang cekne bisa nduweni urip sing sejati.
41 “Reang orak gelem diajeni menungsa. 42 Tapi Reang weruh sira orak nresnani Pengeran ning atine sira. 43 Reang wis teka makili Bapakne Reang,b terus sira orak nerima Reang. Tapi nek ana wong sing teka nggawe jenenge dewe, sira pancen nerima wong iku. 44 Sira gelem diajeni wong liya, tapi orak kepingin diajeni Pengeran sing siji iku. Nek ngono, njare sira bisa percaya nang Reang?
45 “Ajo mikir Reang sing bakale nuduh sira ning ngarepe Sang Bapak. Sing bakale nuduh sira iku Nabi Musa, sing sira percayani. 46 Nek sira kabeh percaya nang Musa, mestine sira percaya nang Reang pisan, merga Musa nulis ngenek'i Reang. 47 Tapi nek sira orak percaya paran sing ditulis Musa, njare sira bisa percaya nang gunemane Reang?”