Yesus campuh wong wedok ning Samaria
4
Wong-wong Farisi wis ngrungok'en nek Gusti Yesus nerima karo mbaptis murid luwih akeh ketimbang sing dibaptis Yohanes. 2 Asline duduk Yesus dewe sing mbaptis, tapikne murid-muride Yesus. 3 Dadi Yesus ngalih teka Yudea terus mbalik maneh nang Galilea. 4 Pas mlaku nang Galilea Yesus kudu ngliwati daerah Samaria. 5 Ning Samaria, Yesus njebul ning kota cilik sing jenenge Sikhar. Kota iku parek'e lemah sing biyen digewehen Yakub nang Yusuf, anak'e. 6 Ning kana ana sumur sing digawe Yakub. Yesus ngrumangsa payah temenan merga wis mlaku adoh, terus lungguh ning pinggire sumur iku mau. Pas iku kekira radak awan.
7 Ana wong wedok Samaria teka kate mbanyu ning sumur iku. Yesus guneman nang wong wedok iku mau, “Tulung, gewehana reang banyu gawe ngombe.” 8 (Pas iku murid-muride kabeh pada mlebu nang kota tuku panganan.)
Pas iku ana wong wedok teka (4:8)
9 Wong wedok Samaria iku mau guneman nang Yesus, “Ngapa kok Rika njaluk ngombe teka esun? Rika wong Ibrani tapi esun iki wong Samaria.” (Biasane wong Ibrani orak akor ambek wong Samaria.)a
10 Yesus semaur, “Sira orak weruh paran sing wis digewehen Pengeran. Terus sira orak kenal Reang sing njaluk banyu ombe nang sira. Nek sira weruh, sira bakal njaluk nang Reang, terus Reang bakal nggewehi sira banyu panguripan!”
11 Terus wong wedok iku guneman nang Yesus, “Pak, teka endi Rika weruh nek bakal oleh banyu panguripan? Sumur iki nemen jerone terus Rika orak nduwe ember. Apa Rika luwih gede teka mbah buyute kene, Yakub? 12 Yakub sing nggewehen sumur iki nang wong-wong kene. Yakub wis ngombe dewe teka sumur iki. Anak-anak'e mbarek ingon-ingone ya ngombe teka sumur iki.”
13 Yesus guneman nang wong iku, “Saben wong sing ngombe banyu iki bakal ngelak maneh. 14 Tapi sapa sing ngombe banyu sing kate Reang gewehen iki orak bakal ngelak maneh sak'lelawase. Banyu sing kate Reang gewehen iki bakale dadi ndase banyu ning njero uripe sira. Banyu iku bakale nggewehi urip langgeng.”
15 Jerene wong wedok iku nang Yesus, “Pak, gewehana esun banyu iku kepe esun orak ngelak mbarek orak teka nang sumur iki maneh gawe njupuk banyu.”
16 Yesus gunemen nang wong wedok iku, “Celuk'en bojone sira, terus renea maneh.”
17 Wong wedok iku njawab, “Esun orak nduwe bojo.”
Yesus guneman maneh, “Pancene bener nek sira guneman orak duwe bojo. 18 Sira wis duwe lima bojo. Wong sing urip bareng sira sak'iki duduk bojone sira pisan. Nek sira guneman orak duwe bojo, sira pancene bener.”
19 Wong wedok iku guneman nang Yesus, “Pak, esun weruh nek Rika iki nabi. 20 Bebuyutane wong-wong kene nyembah ning nduwur gunung iki, tapikne wong Ibrani guneman nek Yerusalem iku enggon sing sah gawe nyembah Pengeran.”
21 Yesus guneman maneh, “Buk, percaya'a nang Reang. Bakale teka wayahe sira nyembah Sang Bapak duduk ning gunung iki mbarek duduk ning Yerusalem. 22 Sira wong Samaria nyembah sing orak sira kenal, tapikne kene nyembah sing kene kenal, merga paran sing bisa nyelameten asale teka bangsa Ibrani. 23 Wayahe kate teka, ya sak'temene wis teka, gawe wong-wong sing nyembah temenan. Wong-wong iku kate nyembah Sang Bapak sak'njerone roh mbarek paran sing bener. Pancene Sang Bapak kepingin disembah nang wong-wong sing persis iku. 24 Pengeran iku Roh, dadi kabeh wong sing nyembah Pengeran kudu nyembah sak'njerone roh ambek paran sing bener.”
25 Wong wedok iku guneman ning Yesus, “Esun weruh nek Mesias bakal teka.” (Mesias iku tegese Kristus, yaiku Raja Pilihane Pengeran). “Nek Mesias wis teka, Wong iku bakale mbritak'en sembarang kalir nang kene.”
26 Yesus njawab maneh, “Mesias iku mau sing sak'iki guneman ning sira. Reang iki sing dadi Mesias iku mau.”
27 Pas iku murid-murid Yesus wis mbalik teka kota. Murid-muride gawok ndeleng Yesus guneman mbarek wong wedok. Tapi, nanak sesijia sing takon, “Paran sing Rika karepen?” utawa, “Ngapa Rika kok guneman mbarek wong iku?”
28 Wong wedok ninggalen kendine ning kana terus budal ning kota ambek guneman, 29 “Renea mbarek delengen! Ning kana ana Wong sing guneman ning esun paran wae sing wis esun lakoni! Apa bisa Wong iku Raja sing dijanjek'en iku?” 30 Terus wong-wong iku mau budal ning njabane kota terus nekani Yesus.
31 Pas wong wedok iku mau ana ning kota, murid-murid iku guneman nang Yesus, “Guru, mangana dikek!”
32 Yesus njawab, “Reang duwe panganan sing orak sira kabeh weruhi.”
33 Murid-murid iku pada tetakonan siji nang sijine, “Apa ana wong sing nggewehi panganan nang Guru?”
34 Jere Yesus nang murid-muride, “Panganane Reang iki nglakoni paran sing dikarepi Bapak sing ngutus Reang mbarek marek'en penggawean sing digewehen Bapak nang Reang. 35 Sira duwe paribasan, ‘Wayahe panen gek petang wulan.’ Tapi rungokna, bukak'en mripate sira mbarek delengen gaga-gaga iki. Wong-wong ning kota iki tiru gaga sing wis wayahe manen! 36 Sak'iki mau sing manen gek nerima upahe terus ngumpulen panenan gawe urip langgeng. Merga iku mau, sing manja mbarek sing manen pada bungah temenan. 37 Merga iku, ana paribasan maneh sing bener, ‘Sing siji manja mbarek sing liyane manen.’ 38 Reang ngongkon sira gawe manen sing orak sira panja. Wong liya sing nyambut gawe terus sira teka metik asil penggaweane wong-wong iku.”
39 Akeh wong Samaria teka kota iku sing dadi percaya nang Yesus. Wong-wong iku percaya merga saksine wong wedok iku ngenek'i Yesus. Wong wedok iku guneman nang wong-wong iku, “Wong iku njelasen nang esun paran wae sing wis esun lakoni.” 40 Pas wong-wong Samaria iku marek'i Yesus, wong-wong iku njaluk cekne Yesus manggon bareng wong-wong iku. Ahire Yesus nginep ning desa iku rong dina lawase.
41 Ana maneh akeh wong sing dadi percaya merga paran sing digunemen Yesus. 42 Wong-wong iku guneman nang wong wedok iku, “Maune kene percaya nang Yesus merga paran sing disampek'en sira. Tapikne sak'iki kene percaya merga kene dewe wis ngrungok'en Yesus. Kene sak'iki wis weruh nek Yesus sak'temene sing nylameten ndunya iki.”
Mujijat sing ping pindo - anak diwarasen
43 Rong dina sak'marine iku Yesus budal nang Galilea. 44 Yesus dewe wis guneman nek wong nabi orak bakal diajeni ning enggone dewe. 45 Pas Yesus teka ning Galilea, wong-wong Galilea nyambut Yesus. Wong-wong iku wis ndeleng paran wae sing wis digawe Yesus ning Yerusalem pas ngrayak'en Paskah, merga maune wong-wong iku ya melu ngrayak'en Paskah.
46 Maringono Yesus mbalik maneh nang desa Kana ning Galilea, ning enggone banyu didadek'en anggur. Ning Kapernaum ana pejabat kraton. Anak'e wong iku lara. 47 Pejabat kraton iku mau krungu nek Yesus wis balik teka Yudea terus sak'iki ana ning Galilea. Wong iku mau budal nggolek'i Yesus mbarek njaluk kepe Yesus gelem teka ning Kapernaum marasen anak'e sing meh mati. 48 Yesus guneman nang wong iku, “Nek sira kabeh orak ndeleng mujijat-mujijat mbarek penggawean sing gawok'i, sira orak bakal percaya!”
49 Pejabat kraton iku guneman nang Yesus, “Pak, teka'a sak'durunge anak'e reang mati.”
50 Yesus guneman nang wong iku, “Mulya! Anak'e sira bakale urip.”
Pejabat kraton iku percaya paran sing digunemen Yesus, terus moleh nang umahe. 51 Budak-budak'e marani wong iku, pas wong iku gek ning dalan. Budak-budak'e ndongeng nek anak'e wis waras. 52 Wong iku takon nang budak'e, “Jam pira anak'e reang waras?”
Jawabe budak-budak'e, “Wingi awan, jam siji panase wis waras.” 53 Terus wong iku mau iling nek pas wayah iku Yesus guneman nang awak'e, “Anak'e sira bakale urip.” Maringono wong iku ambek sak'kabehe keluargane dadi percaya.
54 Iku mau mujijat sing ping pindone sing digawe Yesus pas mbalik nang Galilea teka Yerusalem.