Yesus muruk'i Nikodemus
3
Ana wong Farisi sing jenenge Nikodemus. Nikodemus iku anggotane Mahkamah Agama. 2 Pas bengi Nikodemus teka nang Yesus. Nikodemus guneman nang Yesus, “Guru, kene weruh nek Rika teka dadi guru sing diutus Pengeran. Nanak sesijia wong sing bisa nglakoni mujijat memper sing Rika lakok'en iku, nek orak direwangi Pengeran.”
3 Yesus semaur, “Sak'temene gunemane Reang iki bener temenan, saben wong kudu dilairen maneh.a Nek orak dilairen maneh, orak bisa mlebu Kerajaane Pengeran.”
4 Nikodemus takon nang Yesus, “Apa ya bisa wong lair maneh nek wong iku wis tuwek? Sapa sing bisa mlebu maneh nang wetenge emakne, terus dilairen maneh?”
Apa ya bisa wong lair maneh? (3:4)
5 Yesus semaur, “Sak'temene gunemane Reang iki bener temenan, menungsa iku kudu dilairen teka banyu karo Roh. Nek orak, wong iku orak bisa mlebu nang Kerajaane Pengeran. 6 Ragane menungsa dilairen teka ragane menungsa. Tapikne rohe wong dilairen teka Rohe Pengeran. 7 Sira ajo gawok merga Reang guneman nang sira, ‘Sira kabeh kudu dilairen maneh.’ 8 Angin nyebul nangdi wae sak'geleme. Sira krungu suwarane, tapikne sira orak weruh teka endi, utawa nangdi budale. Ngono uga nang saben wong sing lair teka Roh.”
9 Nikodemus takon, “Njare iku bisa kedadean?”
10 Semaure Yesus, “Sira iku gurune wong Ibrani. Ngapa sira orak ngerti kabeh iki? 11 Sak'temene gunemane Reang iki bener temenan: kene guneman ngenek'i paran sing kene weruhi. Kene nyaksek'en nang paran sing kene uwasen, tapikne sira kabeh orak nerima kesaksiane kene. 12 Sira kabeh orak percaya pas Reang guneman ngenek'i urip ndunyawi, dadi njare sira bakale percaya nek Reang guneman ngenek'i urip swargawi? 13 Nanak sesijia wong sing tau munggah nang swarga kejaba sing wis mudun teka swarga, yaiku Rajane Menungsa.
14 “Biyen Nabi Musa munggahen ula wesi ning teken kanggo nyelameten wong Ibrani sing kenek pagebluk ning ara-ara amba. Ngono uga Rajane Menungsa iki kudu diunggahen, 15 cekne saben wong sing percaya nang Rajane Menungsa iki bisa nerima urip langgeng.”
Wekasane Kabar Apik
16 (Merga saking gedene welas asihe Pengeran nang ndunya iki, Pengeran nggewehen Anak'e sing ontang-anting, cekne saben wong sing percaya nang Anak iku orak musna, tapikne oleh urip sing langgeng. 17 Pengeran ngutus Anak'e nang ndunya iki, duduk kanggo ngakimi ndunya, tapikne kanggo nyelameten ndunya. 18 Wong sing percaya nang Anak'e Pengeran orak bakale diukum. Tapikne wong sing orak percaya wis diukum, merga wong iku orak percaya nang jenenge Anak'e Pengeran sing ontang-anting. 19 Iki dasare ukumane, padang wis teka ning ndunya iki, tapikne menungsa luwih seneng peteng ketimbang padang, merga menungsa nglakoni sing jahat. 20 Saben wong sing nglakoni jahat sengit nang padang. Wong iku orak marek'i padang, merga padang ndudohen kabeh kelakuane sing jahat. 21 Tapikne saben wong sing lakune bener bakale marek'i padang iku. Terus padang iku bakale ndudohen nek paran sing dilakoni nuruti kekarepane Pengeran.)
Nabi Yohanes ngakoni Yesus
22 Sak'wise iku Yesus ambek murid-muride metu teka Yerusalem nang pedesaan Yudea. Yesus ana ning kana bareng wong-wong iku, terus mbaptis wong-wong. 23 Tapikne Nabi Yohanes nerusen mbaptis uwong ning desa Ainon. Ainon iku parek'e desa Salim. Yohanes mbaptis ning kana merga ning kana akeh banyu. Akeh wong teka mrana kanggo dibaptis. 24 (Pas iku Yohanes durung dilebok'en bui.)
25 Maringono ana tukaran antarane wong sing melu Yohanes ambek salah sijine wong Ibrani. Wong-wong iku guder ngenek'i aturan nyucek'en wong. 26 Wong-wong iku marek'i Yohanes terus guneman, “Guru, apa guru iling Wong iku sing biyen bareng rika ning sabrange Kali Yordan, sing tau rika dudohen? Wong iku ya mbaptis uga, terus kabeh wong budal mrana.”
27 Semaure Yohanes, “Uwong mek nduweni paran sing digewehi Pengeran. 28 Sira dewe krungu nek reang wis ngakoni, ‘Reang duduk Raja Pilihane Pengeran.’ Reang iku mek wong sing diutus kanggo nyiapen dalan kanggo Yesus. 29 Kemanten wedok iku duwek'e kemanten lanang. Kancane sing ngrewangi kemanten lanang iku mek ngenteni ambek ngrungok'en kapan tekane. Kancane iku seneng temenan ngrungok'en suwarne kemanten lanang. Iku sing tak rasak'en sak'iki. Bungahe reang sak'iki bek temenan. 30 Yesus kudu tambah gede, tapikne reang kudu tambah cilik.”
Yohanes sing nulis kitab iki njelasen Yesus iku asale swarga
31 (Wong sing asale swarga luwih gede ketimbang kabeh wong. Sapa sing asale ndunya iku duwek'e ndunya. Wong iku mesti guneman nurut ndunyawi. Wong sing asale swarga iku luwih gede ketimbang sembarang kalir. 32 Wong sing asale swarga iku nyaksek'en ngenek'i paran sing diwasen karo sing dirungok'en. Tapikne nanak sesijia wong sing nerima kesaksiane Wong iku. 33 Sapa wae sing nerima kesaksiane Wong teka swarga iku mbuktek'en nek Pengeran iku bener. 34 Wong sing diutus Pengeran nyampek'en gunemane Pengeran, merga Pengeran nggenehi Rohe Dewe sing nanak watese. 35 Bapak welas asih nang Anak'e. Bapak wis nyerahen sembarang kalir ning tangane Anak'e. 36 Sapa wae sing percaya nang Sang Anak bakale nerima urip langgeng, tapikne wong sing nolak Anak'e orak bakal nduweni urip iku. Amuk'ane Pengeran tetep ana ning wong iku.)