Yesus tangi teka pati
24
Sisuk'e maneh, pas dina Minggu, ana wong-wong wedok sing nyekar isuk-isuk nang kuburane Yesus. Wong-wong wedok iku nggawa ramuan kanggo mayite Yesus cekne orak mambu. 2 Pas teka ning kuburane, wong-wong mau meruhi nek watu sing nutupi kuburane Yesus wis kebukak. 3 Wong-wong wedok iku mlebu nang njero kuburane Gusti Yesus, tapi mayite wis orak ditemok'en. 4 Pas gek pada temenggengen, mara-mara ana wong loro sing nggawe jubah putih kilap-kilap ngadek ning kono. 5 Wong-wong wedok iku pada keweden, terus pada sujud.
Wong-wong wedok pada sujud (24:5) (24:5)
Tapikne wong loro iku guneman, “Ngapa sira kok mrene nggolek'i Wong sing urip ning antarane wong mati?6 Yesus orak ning kene, tapi wis urip maneh! Ilinga nang gunemane Yesus ning Galilea biyen,7 Rajane Menungsa kudu dipasrahen nang tangane wong sing dusa, dipateni ning kayu salib, dikubur, terus pas telung dinane urip maneh.’ ”8 Dadi wong-wong wedok iku pada iling nang gunemane Yesus biyen.
9 Sak'marine mbalik teka kuburan, wong-wong wedok iku nyeritak'en kabeh kedadean mau nang utusan-utusan sing kabehe sewelas karo nang murid-muride Yesus liyane. 10 Wong-wong wedok mau yaiku, Maria teka daerah Magdalena, Yohana, Maria makne Yakobus, karo wong-wong wedok liyane.
11 Tapikne utusan-utusan iku orak percaya nang ceritane wong wedok-wedok mau merga ceritane orak masuk akal. 12 Masia ngono Petrus ngadek, terus mlayu cepet-cepet nang kuburane Yesus. Pas ndeleng nang njerone kuburan, Petrus dadi gawok merga mek katok lawon wae. Maringono Petrus moleh tapikne mikir teterusan ning njero atine soal paran sing wis kedadean.
Yesus nyampuhi muride loro ning dalan
13 Pas dina iku pisan, ana muride Yesus loro sing budal teka Yerusalem nang desa Emaus. Enggon iku kurang luwih sewelas kilo teka kota Yerusalem. 14 Sak'wene mlaku, wong loro iku pada ngomongen kabeh kedadean sing wis kelakon. 15 Pas wong loro iku gek pada guneman ning dalan, Yesus teka terus mlaku mbarengi. 16 Wong loro iku ndeleng Yesus, tapikne ana sing ngalang-ngalangi mripate sampek orak ngerti nek iku Yesus.
17 Maringono Yesus takon nang wong loro iku, “Sira iki ngomongen paran sak'wene mlaku?”
Wong loro mau dadi sedih terus mandek. 18 Sing jenenge Kleopas njawab ngene, “Apa Rika iki siji-sijine wong manca ning kota Yerusalem sing orak weruh kedadean sing wis kelakon ning kana gek entas iki?”
19 Terus Yesus takon, “Kedadean paran iku?”
Wong loro iku njawab, “Kedadean sing wis kelakon nang Yesus teka desa Nasaret. Yesus iku nabi sing gunemane karo penggaweane duwe kuwasa sing gede ning ngarepe Pengeran karo ning ngarepe wong kabeh. 20 Tapikne ketua-ketuane pengarepe sembahyang karo sesepuh-sesepuh kene wis masrahen Yesus cekne diukum pati, terus dipenteng ning kayu salib. 21 Masia kene wis ngarepen Yesus dadi raja sing bakale mbebasen bangsa Ibrani, tapi nyatane Yesus mati. Na, dina iki telung dinane teka kabeh kedadean sing wis diceritak'en iku mau. 22 Apa maneh ana wong-wong wedok teka golongan muride Yesus sing mbingungen kene. Isuk jabut mau wong-wong wedok iku ana ning kuburane Yesus, 23 tapi orak nemok'en mayite. Maringono wong-wong wedok iku mbalik ambek cerita nek dicampuhi malaekat-malaekat. Jere malaekat iku, Yesus wis urip maneh. 24 Ana pisan murid-muride Yesus liyane sing budal nang kuburan iku. Masia orak ndeleng Yesus, wong-wong iku nyatak'en dewe nek ceritane wong-wong wedok iku pancen bener.”
25 Terus Yesus guneman, “Mesak'en sira iki! Imane sira cilik temenan merga orak percaya nang kabeh sing wis digunemen nabi-nabi biyen ning Kitab Suci. 26 Sira kabeh lak wis weruh nek Raja Pilihane Pengeran kudu disiksa dikek sak'durunge oleh keagungane?” 27 Maringono Yesus njelasen nang wong loro iku paran sing wis tetulis ning Kitab Suci, molai teka Hukume Nabi Musaa sampek nang kitabe nabi-nabi liyane ngenek'i Yesus.
28 Pas wis marek'i desa sing kate ditekani, Yesus ngentah kate nerusen mlakune. 29 Tapikne wong loro iku meksa ambek guneman, “Nginepa wae ning kene merga iki wis meh bengi.”
Dadi Yesus mlebu nang umah cekne nginep bareng wong loro iku. 30 Pas gek lungguh ambek mangan karo wong loro iku, Yesus njupuk roti terus nedanerima nang Pengeran. Maringono roti mau ditugel-tugel, terus digenehen nang wong loro iku. 31 Pas iku wong loro mau dadi sadar terus weruh nek wong iku Yesus. Tapikne mara-mara Yesus ilang teka pandengane wong loro iku.
32 Terus wong loro iku pada guneman ngene, “Ngapa kok kene bisa orak weruh. Sak'jane atine reang ambek sira bungah temenan, pas Yesus guneman ambek njelasen tegese Kitab Suci ning dalan.” 33 Sekala iku wong loro mau mbalik maneh nang kota Yerusalem terus campuh sewelas utusane Yesus karo kanca-kanca liyane sing gek pada nglumpuk ning umah.
34 Wong-wong sing ana ning kono pada guneman nang wong loro iku, “Pancen bener! Gusti Yesus wis urip maneh! Yesus wis ndudohen awak'e nang Simon Petrus.” 35 Maringono wong loro iku nyeritak'en nek'e wis dicampuhi Yesus pisan ning dalan. Tapi wong loro iku gek ngerti nek'e iku Yesus pas nugel-nugel roti.
Yesus nyampuhi murid-muride kabeh
36 Pas wong-wong iku gek ngomongen sing entas kedadean, mara-mara Yesus ngadek ning tetengahan ambek nyapa, “Ayem tentrem nang sira.”
37 Wong-wong iku kaget ambek keweden, dikirane iku memedi. 38 Tapikne Yesus guneman nang wong-wong iku, “Ngapa sira pada kaget? Ngapa kok atine sira bimbang? 39 Delengen tangan karo sikile Reang. Iki Reang dewe. Candak'en cekne weruh dewe. Memedi orak duwe daging karo belung tiru Reang.” 40 Terus Yesus ndudohen tangan karo sikile sing gek ana cek'e paku.
41 Masia seneng temenan ambek gawok, wong-wong iku orak bisa percaya nek iku pancen Yesus. Cekne orak didarak'en memedi, Yesus takon, “Apa ana pangan ning kene?” 42 Wong-wong iku nggewehi iwak bakaran nang Yesus. 43 Terus Yesus mangan ning ngarepe wong-wong iku.
44 Maringono Yesus guneman nang murid-muride ngene, “Rungokna! Kabeh isine Kitab Suci sing nyeritak'en Reang, molai ning Hukume Nabi Musa, kitabe nabi-nabi liya, karo Kitab Masmur, kudu dinyatak'en. Iku wuruk'ane Reang sing tau Tak sampek'en nang sira biyen.”
45 Sak'marine iku, Yesus mbukak pikirane murid-muride cekne pada ngerti isine Kitab Suci sing tau dirungok'en biyen. 46 Terus Yesus guneman, “Nurut Kitab Suci, Raja Pilihane Pengeran kudu mati, terus urip maneh telung dinane. 47 Sapa wae sing tobat terus njaluk sepura nang Pengeran, dusane bakal disepura. Kabar Apik iki kudu diceritak'en sak'njerone kuwasane Reang nang sak'kabehe bangsa, molai teka kota Yerusalem. 48 Na, sira kabeh sing dadi saksine kabeh iki. 49 Rungokna! Orak kosi suwe Reang bakal ngutus Rohe Pengeran sing dijanjek'en Pengeran biyen nang sira. Tapi sira kudu ngenteni ning kota Yerusalem sampek nerima kuwasane Rohe Pengeran iku.”
Yesus diunggahen nang swarga
50 Terus Yesus ngejak wong-wong iku sampek sak'njabane kota Yerusalem, ning parek'e desa Betania. Ning kono Yesus ngunggahen tangane ambek mberkahi wong-wong iku. 51 Sak'wene Yesus mberkahi murid-muride, Yesus pisah teka murid-muride terus diunggahen nang swarga. 52 Wong-wong iku pada nyembah nang Yesus, terus mbalik nang kota Yerusalem ambek ati sing bungah temenan. 53 Ning Umahe Pengeran, wong-wong iku teterusan muji nang Pengeran.
Yesus diunggahen nang swarga (24:52)