Yesus digawa nang Gubernur Pilatus
23
21 Maringono wong-wong sing ana ning sidang iku pada ngadek, terus gawa Yesus nang Gubernur Pilatus.a 2 Ning kono wong-wong iku pada nuduh Yesus ngene, “Kene meruhi wong iki ngejak bangsane kene nglawan Roma. Sing dilakoni, yaiku menggak wong cekne orak mbayar pajek nang Raja Gede Roma, terus ngakoni awak'e iku Kristus, yaiku rajane wong Ibrani.”
3 Terus Pilatus takon nang Yesus ngene, “Bener tah, Sira iki rajane wong Ibrani?”
Yesus njawab, “Rika dewe sing guneman ngono.”
Gubernur Pilatus takon nang Yesus (23:3)
4 Maringono Pilatus guneman nang ketua-ketuane pengarepe sembahyang karo kabeh wong sing ana ning kono, “Reang orak nemok'en sesijia salahe nang Wong iki.”
5 Tapikne wong-wong iku tambah nyereng ngene, “Wong iki wis nyesaten warga ngliwati wuruk'ane ning sak'kabehe daerah Yudea. Kawitane teka daerah Galilea sampek ning kene.”
6 Pas ngrungok'en gunemane wong-wong iku, Pilatus takon, “Apa wong iki asale teka daerah Galilea?” 7 Weruh nek'e asale Yesus pancen teka Galilea, Pilatus ngirim Yesus nang Raja Herodes Antipas sing nguwasai Galilea.
Yesus digawa nang Raja Herodes Antipas
Na, pas iku Raja Herodes ketepak'an ana ning kota Yerusalem pisan. 8 Herodes seneng temenan pas ndeleng Yesus, merga wis suwe kepingin nyampuhi. Apa maneh, merga wis ngrungok'en kabar ngenek'i Yesus, Herodes arep-arep ndeleng Yesus gawe mujijat. 9 Merga iku Herodes nggenehi tetakonan sing akeh nang Yesus. Tapikne Yesus orak semaur blas.
10 Sak'wene iku ketua-ketuane pengarepe sembahyang karo ahli-ahli agama Ibrani pada maju nang ngarepe Raja Herodes terus bulak-balek nggenehi tuduhan sing abot nang Yesus. 11 Maringono Herodes karo prajurit-prajurite molai gawe dolanan karo ngenyek Yesus. Terus ngenggok'en klambine raja nang Yesus ambek ngguyu Yesus. Mari iku Yesus dibalek'en maneh nang Gubernur Pilatus.
12 Masia sak'durunge dina iku Herodes karo Pilatus wis suwe memusuhan, tapi pas iku malih dadi kancanan.
Yesus digawa balik nang Gubernur Pilatus
13 Maringono Pilatus nglumpuk'en ketua-ketuane pengarepe sembahyang, pemimpin-pemimpin karo rakyate. 14 Terus Pilatus guneman nang wong-wong iku, “Sira kabeh wis gawa mrene wong iki sing sira tuduh ngejak warga nglawan Roma. Sak'iki sira kabeh wis ndeleng pas wong iki tak preksa. Tapikne reang orak nemok'en sesijia salahe wong iki memper tuduhane sira kabeh iku. 15 Raja Herodes pisan ya orak nemok'en salahe wong iki, terus dibalek'en maneh nang reang. Nyatane wong iki orak nglakoni peparan sing pantes diukum pati.”
16-17 Na, biasane, saben riaya Paskah salah sijine wong tahanan kudu diculen teka bui. Merga iku Pilatus guneman, “Reang ngongkon Wong iki dipecuti, terus diculen wae.”
18 Tapi kabeh wong sing nglumpuk ning kono pada memelung, “Patenana wae Yesus iku! Terus kepe Barabas sing diculen.” 19 (Wong sing jenenge Barabas iku dilebok'en bui merga nglawan pemrentah Roma ning kota iku, ya mateni wong pisan.)
20 Gubernur Pilatus guneman banter maneh nang wong-wong iku merga kepingin ngeculen Yesus. 21 Tapikne wong-wong iku pada bebengok, “Saliben Wong iku! Pakuen Wong iku nang kayu salib!”
22 Ping telune Pilatus guneman maneh, “Kejahatan paran sing dilakoni wong iki? Reang orak nemok'en sesijia salahe wong iki sing bisa dikenek'i ukuman pati. Dadi tak pecuti wae, terus tak culen.”
23 Tapikne wong-wong iku tetep memelung, ndesek Pilatus cekne Yesus diukum pati. Ahire ngotote wong-wong iku menang. 24 Dadi Pilatus nuruti kekarepane wong-wong iku cekne Yesus dipenteng.
25 Maringono Barabas, sing tau nglawan pemrentah karo mateni wong, diculen nurut jaluk'ane wong akeh mau. Terus Yesus dipasrahen nang prajurit-prajurit nurut jaluk'ane wong akeh iku.
Yesus diukum pati
26 Pas Yesus digawa nang enggon ukuman, prajurit-prajurit iku campuh wong teka kota Kirene sing jenenge Pak Simon. Simon iku dikongkon mikul kayu salibe Yesus.b Dadi Simon mikul kayu salib iku teka mburine Yesus.
27 Akeh wong pada mlaku ngetuten Yesus. Ning antarane wong-wong iku ana pisan wong wedok-wedok sing memelung karo nangisi Yesus temenan. 28 Tapikne Yesus noleh nang wong-wong iku terus guneman, “He, wong-wong wedok teka kota Yerusalem! Ajo nangisi Reang. Tangisana anak-anak'e sira karo awak'e sira dewe. 29 Merga mbesok bakale ana wayah sing ewoh temenan sampek wong bakal guneman, ‘Untung temenan wong-wong wedok sing orak tau mbobot, sing orak tau duwe anak, karo sing orak tau nyusoni bayi.’ 30 Pas wayah sing ewoh iku wong-wong bakale guneman, ‘He gunung-gunung, tibanana kene kabeh! He pusung-pusung, urukana kene kabeh.’ 31 Rungokna! Nek wong-wong nglakoni ngene pas wit gek ijo, paran sing bakal dilakoni nek wit wis garing?”
32 Pas iku, ana rampok loro sing diukum pati bareng Yesus. 33 Wong loro iku karo Yesus digawa prajurit nang enggon sing diarani ‘Pusung Rongkong’ sing ana ning njabane tembok kota Yerusalem. Ning kono prajurit Roma maku Yesus nang kayu salib. Rampok loro iku ya dipaku pisan nang kayu salibe dewe-dewe. Siji ana ning kiwane Yesus, sing sijine ning tengene Yesus.
34 Yesus ndedunga, “Duh Bapak, sepuranen prajurit-prajurit iki merga orak weruh paran sing dilakoni.”
Maringono prajurit-prajurit iku pada totoan. Terus sapa sing menang oleh jubahe Yesus.
35 Akeh wong ngadek ning kono karo ndeleng kabeh kedadean iku. Sak'wene iku pemimpin-pemimpine wong Ibrani molai ngenyek Yesus ngene, “Wong iki wis nyelameten wong liya. Nek'e Wong iki pancene Kristus, yaiku Raja Pilihane Pengeran, kepe wae Wong iki nyelameten Awak'e dewe.”
36 Ana pisan prajurit-prajurit sing bulak-balek ngenyek Yesus. Prajurit-prajurit iku nggenehi anggur kecut nang Yesus ambek guneman, 37 “Nek'e Sira pancene rajane wong Ibrani, slametna awak'e Sira dewe.” 38 Ning duwure kayu salibe Yesus ana tulisan: ‘Rajane Wong Ibrani’.
39 Salah sijine rampok sing dipenteng bareng Yesus iku ngenyek Yesus, “Lo, jere Sira iku Raja Pilihane Pengeran. Ayo slametna awak'e Sira karo kene, nek bisa!”
40 Tapikne rampok sing sijine ngelok'en rampok iku muka, “Ngapa kok sira orak wedi nang Pengeran? Diluk engkas sira kate mati pisan. 41 Kene iki pantes diukum merga kelakuane kene sing jahat. Tapikne Yesus iki orak duweni salah peparan.” 42 Maringono rampok iku nerusen gunemane, “Yesus, ilinga reang ye, pas Rika mbalik nang ndunya dadi Raja!”
43 Yesus guneman nang rampok siji iku, “Gunemane Reang iki bener temenan, dina iki sira bakal ana ning swarga ambek Reang.”
Yesus mati
44 Pas awan, kira-kira jam rolas, memara daerah iku peteng dedet sampek jam telu, merga sengenge orak ngetok'en padange. 45 Bareng peteng dedet mau, slambu gedec ning Umahe Pengeran memara sowek dadi loro.
Slambu gede ning Umahe Pengeran sowek (23:45)
46 Teruse Yesus ndedunga ambek suwara banter, “Duh Bapak, nang tangane Rika Tak pasrahen nyawane Reang.” Sak'marine guneman ngono ambek'ane Yesus entek, terus mati.
47 Ndeleng kabeh sing kedadean, salah sijine pemimpine prajurit muji Pengeran ngene, “Wong iki pancene nanak salahe peparan!”
48 Maringono kabeh wong sing nonton ning kono pada rumangsa getun temenan terus moleh. 49 Tapi, kabeh wong sing raket nang Yesus, ambek wong-wong wedok sing melu Yesus teka daerah Galilea, ngadek teka adoh terus nguwasen kabeh kedadean iku.
Yesus dikubur
50-51 Ana wong Ibrani sing jenenge Pak Yusuf teka kota Arimatea. Wong iku apik karo bener, terus ngenteni tekane Kerajaane Pengeran. Senajan teka golongane Mahkamah Agama, Yusuf orak setuju ambek paran sing diputusen nang Mahkamah Agama kanggo mateni Yesus. 52 Yusuf budal ngadep nang Pilatus terus njaluk mayite Yesus. 53 Maringono mayite Yesus diduk'en teka salib, dibuntel lawon, terus dilebok'en ning kuburan.d Enggon iku gek kotong merga durung tau digawe ngubur wong mati.
54 Dina iku kabeh wong pada siap-siap kanggo sisuk'e, merga sesok iku dina Sabat.
55 Wong-wong wedok sing melu Yesus teka daerah Galilea pada ngetuten Yusuf ambek ndeleng kuburane Yesus. Wong-wong iku ndeleng dewe pas mayite Yesus dilebok'en ning kuburan. 56 Sak'marine moleh teka kono, wong-wong wedok mau nyepak'en lenga wangi karo ramuan sing digawe bubuk kanggo nglengani mayite Yesus cekne orak mambu. Sisuk'e, pas dina Sabat, wong-wong iku leren teka penggaweane nurut prentahe Kitab Suci.
Yesus dikubur (23:56)