Rundingan kanggo mateni Yesus
22
Riaya Roti sing Nanak Ragine, utawa Paskah, wis parek. 2 Pas iku ketua-ketuane pengarepe sembahyang karo ahli-ahli agama Ibrani nggolek dalan cek'ne bisa mateni Yesus. Tapi kabeh pemimpin agama iku pada meneng-menengan merga wedi keweruhan nang wong akeh.
3 Pas iku Iblis ngrasuk'i Yudas, sing diceluk pisan Iskariot. Yudas Iskariot iku salah sijine rolas utusane Yesus. 4 Merga dikuwasani Iblis, Yudas Iskariot budal nang ketua-ketuane pengarepe sembahyang karo pemimpine prajurit sing njaga Umahe Pengeran, terus rundingan njare carane bisa masrahen Yesus nang wong-wong iku. 5 Wong-wong iku seneng temenan, terus njanji nggewehi picis nang Yudas cekne masrahen Yesus. 6 Yudas gelem, terus molai nggolek wayah sing orak diweruhi wong cekne bisa masrahen Yesus.
Yesus ngrayak'en Paskah bareng murid-muride
7 Maringono riaya Paskah wis teka. 8 Dadi Yesus ngongkon Petrus karo Yohanes ngene, “Budala, terus cepakna domba karo pangan liyane kanggo riaya Paskah.”
9 Terus wong loro iku takon, “Rika kepingin tak cepak'en ning endi?”
10 Yesus njawab, “Pas mlebu nang kota, sira bakale campuh mbarek wong lanang sing nggawa banyu ning kendi gede. Tutna wong iku terus mlebu'a nang umah sing dileboni wong iku. 11 Ning kono ngomonga ngene, ‘Gurune reang takon, “Endi enggon kanggo ngrayak'en Paskah bareng murid-muride Reang?”’ 12 Sing duwe umah bakale ndudohen kamar gede sing wis jangkep perabotane. Kamar iku ana ning pinggir duwur. Sira kudu nyepak'en kabeh ning kono.”
13 Dadi Petrus karo Yohanes iku mau budal terus nemok'en kabeh sing persis karo gunemane Yesus. Wong loro iku molai nyepak'en pangan kanggo Riaya Paskah.
14 Maringono, pas wayahe kanggo mangan bareng-bareng, Yesus karo rolas utusane lungguh ambek mangan. 15 Terus Yesus guneman, “Reang wis suwe kepingin temenan mangan bareng sira kabeh ning riaya Paskah iki, masia marine iki Reang bakale disiksa. 16 Rungokna! Reang orak bakal mangan riaya Paskah maneh sampek riaya iki dijangkepi ning Kerajaane Pengeran.”
17 Maringono Yesus njupuk cingkir sing ana anggure ambek nedanerima nang Pengeran. Yesus guneman, “Jupuk'en cingkir iki, terus iteren nang kabeh cekne diombe. 18 Rungokna! Molai sak'iki Reang orak ngombe maneh anggur Paskah iki sampek Kerajaane Pengeran wis dinyatak'en.”
19 Sak'wise iku Yesus njupuk roti ambek nedanerima nang Pengeran. Roti iku ditugel-tugel terus digewehen nang utusan-utusane ngene, “Roti iki nggambaren awak'e Reang sing digenehen kanggo sira kabeh. Mangana roti iki cekne sira iling nang Reang.”
20 Sak'marine mangan, Yesus njupuk cingkir sing ana anggure terus digewehen maneh ngene, “Anggur iki nggambaren getihe Reang sing bakale diutahen kanggo sira kabeh. Getihe Reang iku bakale ndadek'en Janji Anyar a teka Pengeran iku sah.
21 “Tapikne delengen! Wong sing bakal masrahen Reang ana ning kene, ya melu mangan bareng Reang. 22 Pengeran wis nentok'en Rajane Menungsa iki kudu mati. Masia ngono, blai'a wong sing bakale masrahen Reang.”
23 Dadi utusan-utusane Yesus molai pada takon siji nang sijine, “Sapa sih, sing kate nglakoni ngono?”
Sapa sing paling duwur derajate?
24 Maringono murid-muride Yesus pada bengkerengan ngenek'i murid endi sing paling duwur derajate.
25 Merga pada bengkerengan, Yesus guneman nang murid-muride ngene, “Raja-raja karo penguwasa-penguwasa ning ndunya iki mek kepingin nindes wargane, karo mek kepingin diarani penguwasa sing mbelani wargane.
26 “Tapikne sira kabeh orak oleh ngono. Malah-malah sapa sing paling duwur derajate kudu dadi memper sing derajate paling cilik. Terus sapa sing dadi pemimpin kudu dadi memper wong sing ngladeni.
27 “Rungokna! Sapa sing paling duwur derajate? Apa wong sing lungguh mangan ning meja, utawa abdi sing nyepak'en mangan? Mestine wong sing lungguh mangan iku. Tapikne Reang iki ana ning antarane sira memper abdi sing ngladeni.
28 “Sak'njerone kabeh cobaane Reang, sira tetep bareng Reang. 29 Memper Sang Bapak wis nggenehi kerajaane nang Reang, ya ngono pisan Reang bakal nggenehi kerajaan nang sira. 30 Merga iku sira kabeh bakale bungah pas mangan karo ngombe ning kerajaane Reang iku. Sira kabeh bakal lungguh ning tahta kanggo ngakimi rolas sukune bangsa Ibrani.”
Utusan-utusane Yesus bakale sara
31 Maringono Yesus guneman nang Simon ngene, “Simon, Simon, gatekna! Memper sekem sing dipisahen teka wijine gandum, ya ngono pisan Iblis kepingin misahen sira teka imane sira. 32 Tapikne Reang wis ndunga nang Pengeran cekne imane sira orak luntur. Masia imane sira bakale goyah, tapi nek wis tobat, sira kudu nguwaten imane kanca-kancane.”
33 Terus Simon njawab, “Gusti, reang sanggup mlebu ning bui karo mati bareng Rika.”
34 Tapikne Yesus guneman, “Simon Petrus, gatekna! Dina iki, sak'durunge ana petek kluruk, sira bakal orak ngakoni Reang ping telu.”
35 Maringono Yesus guneman maneh, “Pas sira Tak utus biyen, sira kabeh orak oleh nggawa bontotan, bangkelan karo serepan sandal. Masia ngono apa ana sing gek kekurangan?”
36 Utusan-utusan iku njawab, “Nanak sing kekurangan.”
Terus Yesus guneman maneh, “Tapikne dina-dina iki sira bakale sara. Sapa wae sing duwe bontotan karo bangkelan, iku kabeh kudu digawa. Sapa sing orak duwe wedung kudu dodol jubahe cekne digawe tuku wedung. 37 Rungokna! Biyen wis ana isine Kitab Suci ngenek'i Reang ngene,
‘Wong iku bakale dianggep wong jahat.’ (Yesaya 53:12)
Kabeh sing wis tetulis ngenek'i Reang kudu kedadean, malah sak'iki wis molai dinyatak'en.”
38 Maringono murid-muride guneman, “Gusti ning kene ana wedung loro.”
Yesus njawab, “Wis, iku wis cukup.”
Yesus ndedunga ning Pusung Saitun
39 Sak'marine ngrayak'en Paskah, Yesus budal nang njabane kota. Merga wis bengi, Yesus munggah nang Pusung Saitun kanggo turu ning isore wit-witan kaya biasane. Pas iku murid-muride ya melu bareng Yesus.
40 Sita teka ning kono, Yesus guneman nang muride, “Diluk engkas sira bakale diuji. Dunga'a cekne pas iku sira orak gawe dusa.”
41 Maringono Yesus budal radak adoh teka murid-muride, kurang luwih telung puluh (30) meter adohe. Ning enggon iku Yesus sujud ambek ndedunga ngene, 42 “Duh Bapak, nek oleh, siksaan sing kudu Tak tanggung iki, adohna teka Reang. Tapikne Reang pasrah nang kekarepane Rika wae, duduk kekarepane Reang iki.” 43 Pas iku ana malaekat sing teka ning kono kanggo nguwaten Yesus. 44 Bareng iku pikirane Yesus kesiksa temenan. Tapi Yesus tambah mantep ndedunga sampek kringete memper getih sing netes nang lemah.
45 Sak'marine ndedunga, Yesus mbalik maneh nang murid-muride. Tapikne Yesus nemok'en murid-muride pada turu merga saking susah atine. 46 Terus Yesus guneman, “Ngapa kok sira kabeh pada turu? Tangia! Diluk engkas sira bakale diuji. Dunga'a cekne pas iku sira orak gawe dusa.”
Yesus dicekel
47 Pas Yesus gek guneman, sak'grombolane wong teka kate nyekel Yesus. Ning grombolane wong iku ana ketua-ketuane pengarepe sembahyang, pemimpin-pemimpine prajurit teka Umahe Pengeran, karo sesepuh-sesepuh wong Ibrani. Grombolane wong iku dipimpin Yudas, yaiku muride Yesus sing dirasuk'i Iblis mau. Na, Yudas wis nggawe rencana kate ngambung Yesus cekne prajurit-prajurit bisa niteni nek'e iku Yesus. Maringono Yudas marani Yesus terus nyapa ambek ngambung.
48 Tapi Yesus guneman nang Yudas, “Ngene tah, carane sira masrahen Reang, Rajane Menungsa?”
49 Sita ndeleng kedadean iku, murid-muride Yesus sing ana ning kono takon, “Gusti, oleh tah nglawan wong-wong iku nggawe wedung?” 50 Terus salah sijine muride Yesus mbacok kupinge wong sing tengene sampek ditugel. Wong sing kena wedung iku budak'e pengarepe sembahyang agung.
51 Tapikne Yesus guneman, “Wis, ajo diterusen!” Maringono Yesus nyandak kupinge wong sing maune ditugel terus diwarasen.
52 Maringono Yesus guneman nang ketuane pengarepe sembahyang, pemimpin-pemimpine prajurit teka Umahe Pengeran, karo sesepuh-sesepuh wong Ibrani sing kate nyekel iku ngene, “Apa Reang iki didarak'en wong jahat, sampek sira nggawa gepuk karo wedung kanggo nyekel Reang? 53 Saben dina Reang karo sira ana ning latare Umahe Pengeran. Ngapa pas iku sira kok orak nyekel Reang? Tapikne sira ambek kuwasa pepeteng sing nguwasani wayah iki.”
Petrus orak ngaku dadi muride Yesus
54 Maringono Yesus dicekel terus digawa nang umahe pengarepe sembahyang agung. Pas iku Petrus ngetuten teka adoh. 55 Ning tengah-tengahe latare umah iku wong gawe geni terus diubengi wong akeh. Petrus lungguh ning antarane wong-wong sing pada gegeni. 56 Salah sijine babu wedok ndeleng Petrus lungguh ning pinggire geni. Terus wong wedok iku guneman, “Ikilo wong sing biasane melu Yesus.”
57 Tapikne Petrus orak ngakoni ambek guneman, “Ya orak! Reang orak kenal Wong iku.”
58 Orak kosi suwe ana wong liya sing ndeleng Petrus terus guneman, “Sira iki salah sijine rewange Wong iku.”
Tapikne Petrus njawab, “Orak, duduk reang.”
59 Kurang luwih sak'jam marine, ana wong liya maneh sing guneman banter, “Wong iki pancene muride Yesus, merga wong iki asale teka daerah Galilea pisan.”
60 Tapi Petrus guneman, “Sira iki ngomong paran? Reang orak ngerti karepe.” Sekala iku sak'wene Petrus gek guneman, mara-mara ana petek kluruk. 61 Pas iku Gusti Yesus noleh karo mandeng nang Petrus. Terus Petrus iling nek Gusti Yesus wis guneman, “Dina iki, sak'durunge ana petek kluruk, sira bakal orak ngakoni Reang ping telu.” 62 Terus Petrus budal teka kono ambek nangis merga getun temenan.
Yesus dilarani karo diadili
63 Wong-wong sing njaga pada ngenyek karo njotos Yesus. 64 Wong-wong iku nutupi mripate Yesus ambek guneman, “Nek sira pancene nabi, tebak'en sapa sing njotos sira sak'iki?” 65 Maringono wong-wong iku gek teterusan ngenyek Yesus.
66 Bareng kawit padang, pepirang sesepuh wong Ibrani, ketuane pengarepe sembahyang, karo ahli agama Ibrani pada nglumpuk. Terus Yesus digawa nang ngarepe Mahkamah Agama Ibrani cekne diadili. 67 Wong-wong iku takon, “Apa sira mikir nek sira iki Raja Pilihane Pengeran? Semaura!”
Yesus nyauri, “Masia Tak kandani, sira kabeh orak bakal percaya. 68 Terus, masia Reang takon nang sira, sira orak kira gelem semaur. 69 Tapikne, molai sak'iki, Rajane Menungsa bakale lungguh ning sisih tengene Pengeran sing maha kuwasa.”
70 Wong kabeh iku takon, “Nek ngono, apa sira iki Anak'e Pengeran?”
Yesus nyauri, “Ya, gunemane sira iku bener.”
71 Terus wong-wong iku guneman maneh, “La, kene wis krungu teka gunemane Wong iki dewe. Orak perlu ana saksi maneh!”
Pemimpin agama mikir nek Yesus iku ngenyek Pengeran (22:71)