Randa mlarat sing nggewehi akeh
21
Ning latare Umahe Pengeran, Yesus nguwasen wong-wong sugih sing nglebok'en picise ning wadah kotak kanggo digewehi nang Pengeran. 2 Yesus ya nguwasen salah sijine randa mlarat sing pegat pati. Randa iku mek nglebok'en rong picis logam sing paling cilik. 3 Maringono Yesus guneman, “Gunemane Reang iki bener temenan, randa mlarat iku sing paling akeh nggenehi timbangane kabeh wong liyane. 4 Ngapa kok ngono? Merga wong-wong iku kabeh nggenehi teka dunyane sing amber, tapikne randa mlarat iku nggenehi kabeh keduwenane sing sak'kudune digawe kanggo butuhe dewe.”
Yesus masen wong sing nggenehi picis nang Pengeran (21:1)
Kedadean-kedadean sing bakale kelakon
5 Maringono ana wong-wong sing pada ngomongen Umahe Pengeran sing lenah temenan. Umah iku wis diapik'i ambek wewatunan sing larang karo barang-barang liyane sing dipersembahen nang Pengeran. Pas ndeleng iku Yesus guneman, 6 “Kabeh sing sira deleng iki mbesok bakale dirubuhen. Nanak sesijia watu iku sing bakale dijaren ngadek ning enggone.”
7 Maringono murid-muride takon nang Yesus, “Guru kapan iku bakale kedadean? Terus paran tengere nek'e wis wayahe kedadean?”
8 Yesus guneman, “Sira kudu awas cekne orak digorohi, merga akeh wong kate nggawe jenenge Reang ngene, ‘Reang iki Raja sing dijanjek'en Pengeran!’ karo ‘Kiamat wis parek.’ Ajo melu wong-wong iku. 9 Ajo wedi masia sira krungu kabare perang utawa akeh wong sing brontak. Kabeh iku kudu kedadean dikek, tapikne iku gek durung kiamat.”
10 Yesus nerusen gunemane, “Rakyat kate nglawan rakyat, ya negara kate nglawan negara. 11 Ning pepirang panggonan kate ana lindu gede. Akeh wong kate nularen lara, terus kate ana laib gede sampek nanak pangan. Kate ana pisan tetenger sing ajaib ning awang-awang sampek akeh wong pada wedi.
12 “Tapikne sak'durunge kabeh iku kelakon, sira bakale dicekel terus disiksa. Sira bakale diadili ning balai-balai agama, ambek bui-bui. Sira ya bakale dipasrahen pisan nang ngarepe penggede-penggede karo raja-raja merga melu Reang. 13 Masia ngono, kabeh iku bakale dadi wayah sing tepak kanggo nyampek'en Kabar Apik. 14 Pas diadili, sira orak usah mikiren njare carane mbelani awak'e sira dewe. 15 Merga Reang dewe sing bakale nggenehi kata-kata ning atine sira, cekne nanak musuh sing bisa nglawan utawa mbantah nang gunemane sira.
16 “Wong tuwek'e, ya dulur karo kancane bakale masrahen sira nang musuh-musuhe sira. Apa maneh ana ning antarane sira sing bakal dipateni. 17 Sira kabeh bakale disengiti nang kabeh wong merga melu Reang. 18 Tapi nanak sesijia rambute sira sing bakale ilang. 19 Nek'e sira tetep setia nang Reang, sira bakal oleh urip langgeng.
20 “Orak kosi suwe, sira bakal ndeleng kota Yerusalem dikepung prajurit teka bangsa liya. Pas iku sira bakale weruh nek'e kota iku kate ajur. 21 Nek wis ngono wong-wong ning daerah Yudea kudu mlayu nang pusungan. Sapa wae sing ana ning kota kudu metu teka kono. Terus sapa wae sing ana ning njabane kota ajo mlebu maneh nang njerone kota. 22 Rungokna! Ukumane kota Yerusalem wis ditentok'en ngono. Kabeh sing wis tetulis ning Kitab Suci ngenek'i ukuman iku mesti kedadean. 23 Pas iku, wong-wong wedok sing gek mbobot ambek sing gek nyusoni bakale blai! Merga bakale ana sengsara ning negara iki ambek amuk'ane Pengeran nang bangsa iki. 24 Bakale ana sing dipateni karo wedung. Ana pisan sing digawa dadi tawanan ning bangsa-bangsa liya. Kota Yerusalem bakale di'idek-idek nang wong-wong sing duduk bangsa Ibrani. Wong-wong sing orak wedi nang Pengeran iku bakale nguwasani Yerusalem sampek wayahe sing ditentok'en nang Pengeran.
25 “Bakale ana tetenger sing katok ning sengenge, mbulan, karo lintang sing ndudohen nek kate ana kedadean elek. Terus kabeh wong ning bumi bakale pada bingung karo wedi ngadepi goncange segara. 26 Kuwasane kayangan bakale goncang. Merga iku akeh wong bakale wedi sampek semaput mikiren paran sing kate kedadean ning bumi iki.”
Tetenger tekane Rajane Menungsa
27 Yesus nerusen gunemane, “Pas iku wong kabeh ning ndunya bakale nguwasen kuwasane karo keagungane Rajane Menungsa ning njerone awan. 28 Pas kabeh iku wis kedadean, ngadek'a karo delengen langit, merga sira kate diselameten.”
29 Maringono Yesus nyampek'en paribasan iki, “Tenger tekane Rajane Menungsa iku memper tenger tekane wayah ketiga. Delengen godonge wit ara utawa wit-wit liyane. 30 Nek'e godonge wit-wit iku wis molai mupus, sira mesti weruh nek'e wayahe ketiga meh teka. 31 Ya ngono pisan mbesok nek'e sira ndeleng kabeh kedadean sing Tak ceritak'en mau, iku tegese Kerajaane Pengeran kate dinyatak'en.
32 “Gunemane Reang iki bener temenan, kabeh iku bakale kedadean sak'durunge wong-wong jaman iki mati kabeh. 33 Jagad sak'isine bakale dimusnahen, tapikne wulangane Reang bakale ana sak'lelawase.
34 “Jagaen awak'e sira! Ajo sampek atine sira diaboti nang ngurusi mangan-manganan, ngombe-ngombenan karo mek kuwatir ngurusi urip ning ndunya iki. Merga nek ngono, sira bakale orak siap pas Rajane Menungsa teka ning wayah sing orak disangka-sangka. 35 Rungokna! Memper manuk sing orak weruh pas kejiret, ya ngono pisan wong kabeh bakale orak nyangka-nyangka nang tekane dina iku. 36 Sira kudu jejaga cekne siap pas tekane Rajane Menungsa. Ajo lali ndedunga cek'ne sira bisa kuwat ngadepi kabeh sing bakal kedadean. Nek ngono, sira bakale orak wedi pas ndunya iki diakimi Rajane Menungsa iki.”
37 Molai iku, saben dina Yesus mulang ning latare Umahe Pengeran. Tapi saben bengine Yesus ambek murid-muride metu teka Yerusalem nang Pusung Saitun. Ning kono Yesus karo murid-muride turu ning isore wit-witan. 38 Terus saben isuk'e Yesus budal nang Umahe Pengeran. Ana akeh wong sing wis teka nang kono kanggo ngrungok'en wulangane Yesus.