Tetakonan ngenek'i kuwasane Yesus
20
Ning salah sijine dina Yesus mulang nang wong akeh ambek nyampek'en Kabar Apik ning latare Umahe Pengeran. Ning kono ana pepirang ketuane pengarepe sembahyang, ahli agama Ibrani, karo sesepuh sing pada teka. 2 Wong-wong iku takon nang Yesus, “Rika duwe kuwasa teka endi? Sapa sing nggenehi kuwasa iki nang Rika?”
3 Yesus njawab, “Reang ya kate takon nang sira kabeh: 4 Pas Nabi Yohanes mbaptis wong sing kepingin tobat, apa Yohanes nggawe kuwasane Pengeran utawa kuwasane menungsa?”
5 Wong-wong iku pada rundingan terus guneman nang kancane, “Nek'e njawab, ‘Yohanes iku nggawe kuwasane Pengeran,’ Yesus bakale takon, ‘Ngapa sira kok orak percaya nang Yohanes?’ 6 Tapi nek'e njawab ‘Yohanes iku nggawe kuwasane menungsa,’ kene kabeh bakal diantemi watu, merga kabeh rakyat iku wis percaya nek'e Yohanes iku nabi.” 7 Ahire wong-wong iku njawab, “Kene orak ngerti kuwasane Yohanes teka endi.”
8 Dadi Yesus guneman nang wong-wong iku, “Nek'e ngono, Reang ya orak nggenehi weruh nang sira, teka endi kuwasa sing Tak gawe kanggo nglakoni kabeh iku.”
Paribasane gaga sing diparok'en
9 Maringono Yesus nyampek'en paribasan ngene, “Ana wong sing manja wit-witan anggur ning gagane. Terus sing duwe gaga iku marok'en tandurane nang wong-wong sing gelem nggarap. Maringono sing duwe gaga budal terus manggon suwe ning enggon liya sing adoh. 10 Pas wayahe panen, sing duwe gaga ngongkon koline nang wong-wong sing nggarap gagane, cekne digenehi separoh asile. Tapi koline iku digepuk'i, terus dikongkon moleh, tapi orak digenehi peparan. 11 Sak'wise iku sing duwe gaga ngongkon koli liyane maneh. Koli iku ya digepuk'i, dinyek, terus dikongkon moleh, tapi orak digenehi peparan. 12 Marine ngono ping telune sing duwe gaga ngongkon koli liyane. Tapi koli iku dicatoni terus diuncalen nang njabane gaga iku.
13 “Ahire sing duwe gaga guneman ning njero atine ngene, ‘Paran sing kudu tak lakoni maneh? Reang kate ngongkon anak'e reang sing tak tresnani. Wong-wong sing nggarap mesti ngajeni anak'e reang.’
14 “Tapikne pas ndeleng anak'e sing duwe gaga teka, wong-wong sing nggarap guneman nang kancane, ‘Iki lare sing bakale oleh warisan. Ayo dipateni wae, cekne warisan iku dadi duwek'e kene.’ 15 Maringono anak'e sing duwe gaga iku diuncalen metu teka gagane terus dipateni.”
Anak'e sing duwe gaga dipateni (20:15)
Terus Yesus takon, “Paran sing bakale dilakoni sing duwe gaga nang wong-wong sing nggarap iku? 16 Sing duwe gaga bakale teka, terus mateni wong-wong sing nggarap iku. Maringono gaga iku bakal digenehen nang wong-wong liya.”
Terus sing ngrungok'en iku guneman, “Kedadean kaya ngono ajo sampek kelakon!”
17 Tapikne Yesus masen nang wong-wong iku ambek guneman, “Nek sira orak kepingin iku kedadean, ngapa kok ana tulisan ning Kitab Suci sing unine ngene:
‘Watu sing dibuang nang tukang-tukang bangunan,
wis dadi watu ancer-ancere umah.’a (Masmur 118:22)
18 Sapa sing rotoh nang watu iku bakale ajur, terus sapa sing ketiban watu iku bakale remek.”
Yesus dijebak gawe tetakonan
19 Ahli-ahli agama Ibrani karo ketua-ketuane pengarepe sembahyang weruh nek'e paribasan mau ditujok'en nang awak'e. Mangkane wong-wong mau pada usaha cekne bisa nyekel Yesus, tapikne orak bisa merga wedi nang wong akeh. 20 Terus pada ngawasi Yesus ambek ngongkon mata-mata cekne njebak Yesus. Mata-mata iku dikongkon api-api jujur tapi gawe tetakonan sing ewoh. Nek semaure Yesus salah, bisa dipasrahen nang kuwasane gubernur. 21 Mata-mata iku mau guneman nang Yesus, “Guru, wong kene weruh nek'e kabeh gunemane karo wuruk'ane Rika iku bener. Apa maneh Rika iku orak mbedak-mbedak'en wong, tapikne mulang dalane Pengeran sing temenan. 22 Na, nurut Rika, apa wong Ibrani kudu mbayar pajek utawa orak nang Raja Gede Roma?”b
23 Yesus weruh nek kate dijebak, terus guneman, 24 “Tulung dudohna nang Reang picise sak'dinar bangsa Roma. Ning kono ana gambar karo jenenge sapa?”
Wong-wong iku njawab, “Iki gambar karo jenenge Raja Gede Roma.
25 “Nek ngono,” semaure Yesus, “genehana nang Raja Gede Roma paran sing dadi duwek'e Raja Gede Roma, terus genehana nang Pengeran paran sing dadi duwek'e Pengeran.”
26 Tibak'e wong-wong iku orak bisa nemok'en sesijia gunemane Yesus sing salah ning ngarepe wong akeh. Kabeh wong gawok nang gunemane Yesus terus dadi meneng.
Tetakonan wong Saduki
27 Marine iku ana wong-wong golongane Saduki teka nang Yesus. Na, wong Saduki iku orak percaya nek'e kabeh wong sing mati bakale urip maneh. Wong-wong iku kepingin ngalahen Yesus, terus njajal Yesus ngene, 28 “Guru, Nabi Musa wis nulis ning Kitab Suci ngene:
‘Nek'e ana wong sing mati, terus sing wedok gek durung duwe anak,
dulur lanange sing mati iku kudu ngrabi karo wong wedok mau, cekne sing mati mau duwe keturunan.’ ”
29 Wong Saduki nerusen gunemane, “Tau ana wong sing duwe anak lanang, kabehe pitu. Sing nomer siji rabi terus mati, tapi orak duwe anak. 30 Terus sing nomer loro rabi karo lanjar iku tapi mati pisan sak'durunge duwe anak. 31 Maringono sing nomer telu sampek sing nomer pitu rabi karo lanjar mau tapi mati pisan. Masia ngono, nanak sesijia sing duwe anak. 32 Ahire wong lanjar mau mati pisan. 33 Mbesok sak'marine kiamat, nek kabeh wong diuripen maneh nurut Rika, sapa ning antarane wong lanang pitu iku sing dianggep bojone lanjar iku?”
34 Yesus njawab, “Wong sing urip ning ndunya biasane rabi ya dirabek'en. 35 Tapikne ning swarga orak ngono. Wong-wong sing dianggep pantes bakale diuripen Pengeran ya bakale mlebu nang swarga. Ning kono nanak sing rabi utawa dirabek'en, 36 merga wong sing urip ning swarga iku memper malaekat. Wong-wong iku dadi anak-anak'e Pengeran merga wis diuripen maneh teka pati.
37 “Nabi Musa biyen tau nulis ning njerone Kitab Suci nek'e wong mati bakale diuripen maneh. Pas ndeleng wit sing ana genine tapi orak kobong, Musa nyeluk Gusti Pengeran ngene:
‘O Pengerane Abraham, Isak karo Yakub.’c (Keluaran 3:6)
38 “Pengeran iku duduk Pengerane wong sing mati, tapikne wong sing urip. Merga ning ngarepe Pengeran wong-wong iku mau urip sak'lelawase.”
39 Na, ning kono pisan ana pepirang ahli agama Ibrani. Wong-wong iku percaya kabeh wong sing mati bakal tangi teka pati. Wong-wong iku guneman nang Yesus, “Guru, gunemane Rika iku bener temenan.” 40 Terus wong-wong iku orak wani njajal Yesus maneh.
Ngapa kok Raja Daud nyembah nang anak'e?
41 Maringono Yesus guneman maneh nang wong-wong iku ngene, “Njare kok wong-wong bisa mikir nek'e Raja Pilihane Pengeran iku anak putune Raja Daud biyen? 42 Raja Daud tau nulis ning Kitab Suci Masmur ngene:
‘Gusti Pengeran wis guneman nang Gustine reang ngene,
“Lungguha ning sisih tengene Reang,
43 sampek Reang ndeleh musuh-musuhe Sira ning isore sikile Sira.” ’ (Masmur 110:1)
44 “Nek'e Daud nyeluk Raja iku ‘Gustine reang,’ njare kok bisa dadi anak'e Daud? Apa Gustine Daud bisa dadi anak'e Daud?”
Yesus nyalahen ahli-ahli agama Ibrani
45 Pas iku akeh wong gek ngrungok'en Yesus. Terus Yesus guneman nang murid-muride ngene, 46 “Sira kudu sing ati-ati nang ahli-ahli agama. Merga wong-wong iku seneng nggawe jubah sing apik cekne ndudohen jabatane, terus kepingin diajeni ning pasar-pasar. Wong-wong iku seneng lungguh ning ngarepan pas ana ning balai agama utawa ning slametan. 47 Apa maneh dungane ahli-ahli agama mestine suwe cekne disangka wong sing suci. Tapi wong-wong iku seneng ngrampas umahe randa-randa. Wong-wong memper iku bakale nerima ukuman sing abot temenan.”