Wong srakah sing tobat
19
Maringono Yesus njebul nang kota Yeriko, tapi kepingin ngliwati wae. 2 Ning kota iku ana wong sing jenenge Pak Sakeus. Sakeus iku sugih merga dadi pemimpine tukang narik pajek. 3 Sakeus kepingin ndeleng sapa sak'temene Yesus iku, tapi kerepotan merga ana wong akeh ning kono, ya awak'e endek pisan.
4 Mangkane Sakeus mlayu ndikik'i, terus menek kayu, cekne bisa ndeleng Yesus sing kate liwat ning kono. 5 Pas teka ning kayu sing dipenek Sakeus iku, Yesus masen nang nduwuran ambek guneman, “Sakeus hage muduna! Reang kate nginep ning umahe sira.”
Yesus masen nang nduwuran (19:5)
6 Saking senenge, Sakeus langsung mudun teka kayu terus nerima Yesus nang umahe. 7 Kabeh wong sing ndeleng kedadean iku pada ngedumel ngene, “Njare sih, kok Yesus gelem mampir nang umahe wong sing dusa iku.”
8 Tapikne Sakeus ngadek ambek guneman nang Gusti Yesus, “Gusti, separohe dunyane reang kate tak genehen nang wong sing orak duwe. Terus nek'e tau ana wong sing tak peres, picise bakale tak lironi ping papate teka maune.”
9 Maringono Yesus guneman nang Sakeus, “Dina iki Sakeus sak'keluargane wis dislameten. Wong iki pantes diselameten merga gek anak putune Mbah Abraham.a 10 Pancen Reang iki Rajane Menungsa sing teka nang ndunya kanggo nggolek'i ambek nyelameten wong-wong sing keblasuh.”
Paribasane penggede sing didadek'en raja
11 Sak'wene iku akeh wong gek ngrungok'en gunemane Yesus. Pas iku Yesus wis parek'e kota Yerusalem. Kota iku biyen pusat kerajaane wong Ibrani. Mangkane wong-wong ndarak'en nek'e Kerajaan langgeng sing dijanjek'en Pengeran kate dinyatak'en. 12 Dadi Yesus mulang nggawe paribasan ngene, “Ana anak putune raja sing kate mrentah bangsane dewe. Penggede iku budal nang negara sing adoh cekne didadek'en raja, terus mbalik.
13 “Na, sak'durunge budal, penggede mau nyeluk abdi-abdine sing kabehe sepuluh, terus guneman, ‘Sak'wene reang budal, nggonen picis iki gawe dagang.’ Maringono abdi-abdi iku disilihi picis sing gedene buruhan telung wulan.
14 “Na, warga kono orak seneng nang penggede mau. Dadi sak'marine budal, penggede iku ditututi wong-wong teka bangsane dewe. Wong-wong iku njaluk nang penguwasane enggon adoh iku ngene, ‘Penggede iku ajo didadek'en rajane bangsane reang.’
15 “Masia ngono penggede iku tetep didadek'en raja, terus mbalik maneh nang bangsane dewe. Ning kono penggede iku nyeluk abdi-abdine merga kepingin weruh pira batine teka dagange dewe-dewe.
16 “Abdi sing nomer siji teka terus guneman, ‘Pak, picis sing rika genehen iku wis tak kembangen dadi ping sepuluh teka maune.’
17 “Terus penggede iku guneman nang abdi iku, ‘Apik temen, abdi sing setia! Sira wis kenek dipercaya nglakok'en barang cilik. Mangkane sira bakale tak dadek'en penguwasane sepuluh kota.’
18 “Maringono abdi sing nomer loro teka terus guneman, ‘Pak, picis sing rika genehen iku wis tak kembangen dadi ping lima teka maune.’
19 “Penggede mau guneman nang abdi iku, ‘Sira bakale tak dadek'en penguwasane limang kota.’
20 “Maringono abdi sing nomer telu teka terus guneman, ‘Pak, ikilo, picise sing tau rika genehen. Picis iku tak simpen ning sapu tangan. 21 Reang wedi nang rika merga rika iku wong sing kaku. Rika biasane njupuk paran sing duduk duwek'e rika, terus manen tanduran sing orak tau rika panja.’
22 “Terus penggede iku guneman, ‘Sira iki abdi sing jahat! Merga sira ndarak'en reang wong sing kaku, sira bakale diukum gawe cara sing kasar. Nek sira ndarak'en reang bisa njupuk paran sing duduk duwek'e reang, terus manen tanduran sing orak tau tak panja, 23 ngapa sira kok orak ngembangen picise reang nang wong sing pinter dagang? Nek ngono, pas reang mbalik, picis sing tak genehen iku bisa dibalek'en sak'bungane.’
24 “Maringono penggede iku guneman nang kongkonane sing ana ning kono ngene, ‘Jupuk'en picis teka abdi iki terus genehna nang abdi nomer siji sing wis bisa ngembangen ping sepuluh iku.’
25 “Tapikne kongkonane iku guneman, ‘Ajo Pak, iku orak adil, merga abdi iku wis duwe picis sepuluh lipet teka maune.’
26 “Tapi penggede iku guneman, ‘Rungokna! Abdi-abdi sing duwe bati bakale tak tambahi luwih akeh maneh. Tapikne abdi-abdi sing orak duwe bati, paran wae sing ana bakale tak jupuk. 27 Terus, sak'iki gawanen rene musuh-musuh sing orak gelem reang dadi rajane. Patenana wong-wong iku kabeh ning ngarepe reang.’ ”
Yesus disanjung pas marek'i kota Yerusalem
28 Sak'marine guneman ngono, Yesus karo murid-muride budal nang kota Yerusalem. 29 Pas parek'e desa Betfage karo kampung Betania, yaiku ning Pusung Saitun, Yesus ngongkon muride loro ngene, 30 “Budala dikek nang kampung sing ana ning ngarepan iku. Ning kono sira bakale nyampuhi kelede enom sing gek durung tau ditunggangi wong. Culna kelede iku terus gawanen rene. 31 Nek'e ana wong sing takon, ‘Ngapa kok kelede iku diculen?’ semaura, ‘Gusti mbutuhen kelede iki.’ ”
32 Marine ngono wong loro iku budal terus nyampuhi kelede sing persis gunemane Yesus iku mau. 33 Pas ngeculen kelede iku, sing duwe guneman, “Lo, ngapa kok kelede iku diculen?”
34 Wong loro iku njawab, “Gusti mbutuhen kelede iki.”
35 Sak'wise kelede mau digawa nang Yesus, wong loro iku ndeleh klambine ning gegere kelede cekne digawe lemek. Marine iku ngrewangi Yesus munggah nang nduwure kelede. 36 Pas Yesus gek nunggang kelede mau, wong-wong pada mbeber klambine ning tengahe dalan cekne diliwati Yesus. Wong-wong iku nglakoni ngono merga nganggep Yesus iku raja sing kudu diajeni.
Yesus dianggep raja (19:36)
37 Terus Yesus marek'i kota Yerusalem ning dalan misor teka Pusung Saitun. Pas iku kabeh murid-muride sing akeh iku pada muji nang Pengeran nggawe suwara sing banter. Wong-wong iku bungah merga wis ndeleng akeh mujijat.38 Terus pada guneman banter ngene,
“Raja sing teka makili Gusti Pengeran pancen diberkahi!! (Masmur 118:26)
Ayem tentrem ning swarga,
ya Sing Maha Duwur diajeni.”
39 Ning kono ana wong Farisi sing pada guneman nang Yesus, “Guru, kongkonen murid-muride Rika meneng.”
40 Tapi Yesus semaur, “Rungokna! Nek wong-wong iku meneng, watu-watu iki bakale memelung muji nang Pengeran.”
Kota Yerusalem ditangisi Yesus
41 Sita Yesus wis parek nang Yerusalem, Yesus ndeleng kota iku ambek nangisi. 42 Terus Yesus guneman, “Mesak'en temenan wargane kota Yerusalem iki. Luwih apik nek dina iki sira kabeh nerima Reang dadi rajane sira cekne oleh ayem tentrem. Tapikne rahasia iku wis disingeten teka sira. 43 Bakale teka dinane musuh-musuhe sira ngubengi kota iki ambek jebakan nang pinggire cekne nanak sing bisa metu. 44 Musuh-musuh iku bakale mateni akeh wargane kota iki, terus bakale orak ngarek'en siji watu pas ngrubuhen kabeh tembok kota. Kabeh iku bakal kedadean merga sira orak nggatek'en wayah tekane pitulungan teka Pengeran.”
Yesus nundung wong-wong teka Umahe Pengeran
45 Maringono Yesus teka nang Umahe Pengeran. Terus Yesus nundung kabeh wong sing dodolan ning latare Umahe Pengeran. 46 Yesus guneman, “Ana unine Kitab Suci ngene:
‘Umahe Pengeran iku umah kanggo ndedunga.’ (Yesaya 56:7)
Tapikne malah sira ndadek'en enggon singitane rampok.” (Yeremia 7:11)
47 Saben dina Yesus mulang ning latare Umahe Pengeran. Tapi, pengarep-pengarepe sembahyang karo ahli-ahli agama Ibrani ambek sesepuh-sesepuh pada usaha mateni Yesus. 48 Masia ngono, wong-wong iku orak nemok'en carane nyekel Yesus merga kabeh wong seneng temenan nang Yesus, ya kepingin ngrungok'en gunemane.