Paribasane hakim karo randa
18
Sak'wise iku Yesus mulang gawe paribasan cekne murid-muride tetep madep mantep ndedunga karo ajo ngersula. 2 Paribasane ngene, “Ning salah sijine kota ana hakim sing orak wedi nang Pengeran karo orak ngajeni sapa wae. 3 Terus ana salah sijine wong wedok sing dadi randa merga bojone wis mati. Randa iku mbolak-mbalik teka nang hakim iku ambek guneman, ‘Belanana esun teka musuhe esun.’
4 “Sak'wene iku hakim mau orak gelem ngrewangi. Tapikne maringono hakim iku mikir ning jero atine ngene, ‘Masia reang orak wedi nang Pengeran karo orak ngajeni sapa wae, 5 tapikne luwih apik nek randa iku tak tulung wae. Nek orak tak tulung, randa iku bakal terus-terusan nyusahen reang.’ ”
6 Maringono Gusti Yesus nerusen gunemane, “Rungokna! Ahire randa iku dibelani merga mbolak-mbalik njaluk tulung nang hakim sing orak adil iku. 7 Nek hakim sing orak adil iku bisa nglakoni ngono, apa maneh Pengeran mesti ndang mbelani nang umate sing ndedunga awan karo bengi? Apa Pengeran bakal kesuwen mbelani umate? 8 Rungokna! Pengeran mesti orak kesuwen gawe adil nang umate! Tapikne, pas Rajane Menungsa teka maneh, apa bakale ana wong sing gek percaya ning ndunya?”
Paribasane wong Farisi karo tukang narik pajek
9 Yesus nyampek'en paribasan nang wong-wong sing nganggep awak'e dewe bener, terus seneng ngremehen wong liya. Paribasane ngene, 10 “Ana wong loro sing kate ndedunga ning Umahe Pengeran. Sing siji, wong Farisi.a Sing sijine maneh tukang narik pajek.b 11 Wong Farisi iku ngadek dewean ambek ndedunga ning njero atine ngene, ‘Ya Pengeran, reang matur kesuwun nang Rika merga reang orak pada karo wong liya. Reang iki duduk rampok, duduk tukang goroh, orak tau jinah karo maneh orak ngepek bati memper tukang narik pajek iku. 12 Reang pasa seminggu ping pindo terus nggenehi sepersepuluh teka asile penggaweane reang nang Rika, ya Pengeran.’
13 “Tapikne, tukang narik pajek mau ngadek radak adoh terus orak wani ndangak nang langit merga getun dadi wong dusa. Wong iku guneman, ‘Duh Pengeran, mesakna reang, wong sing dusa iki.’ ”
14 Maringono Yesus guneman, “Rungokna! Tukang narik pajek iku moleh dadi wong sing disepura Pengeran, tapi sing wong Farisi orak. Merga sapa wae sing gemede, wong iku bakale diremehen. Tapikne, sapa wae sing orak gendak, wong iku bakale kejunjung duwur.”
Yesus mberkahi lare-lare cilik
15 Ning wayah liya wong-wong akeh nggawa lare-lare cilik nang ngarepe Yesus. Yesus dijaluk'i nyandak pundak'e lare-lare iku cekne diberkahi. Pas dideleng murid-muride Yesus, wong-wong iku dipenggak ya dilok'en. 16 Tapi Yesus tetep ngongkon lare-lare iku digawa marek. Terus guneman nang murid-muride ngene, “Kepe wae lare iku digawa mrene. Ajo dialang-alangi merga lare-lare cilik iki nggambaren wong-wong sing dadi wargane Kerajaane Pengeran. 17 Gunemane Reang iki bener temenan, sapa wae sing orak manut nang kekarepane Pengeran entah lare cilik sing percaya nang wong tuwek'e, wong iku orak bisa dadi warga Kerajaane Pengeran.”
Wong sugih sing ewoh melu Yesus
18 Ana penggede sing takon nang Yesus ngene, “Guru sing apik, paran sing kudu tak lakoni cekne oleh urip sing langgeng?”
19 Yesus njawab, “Ngapa kok sira nyeluk Reang apik? Nanak sing apik sak'liyane Pengeran dewe. 20 Sira mestine wis weruh prentah-prentahe Pengeran ning Kitab Suci:
‘Ajo jinah,
ajo mateni,
ajo nyolong,
ajo goroh,
terus ajenana wong tuwek'e sira.’ ” (Keluaran 20:12-16)
21 Penggede iku njawab, “Kabeh iku wis tak lakoni molai gek enom biyen.”
22 Sak'marine ngrungok'en guneme wong iku, Yesus semaur, “Ana siji maneh sing kudu sira lakoni: dolen kabeh keduwenane sira terus genehna asile nang wong-wong sing orak duwe. Nek nglakoni ngono sira bakale oleh ganjaran gede ning swarga. Maringono, melua Reang.”
23 Ngrungok'en guneme Yesus, penggede iku dadi sedih temenan merga akeh dunyane tapi orak gelem didol. 24 Yesus mandeng penggede iku ambek guneman, “Pancen ewoh temenan nek wong sugih dadi warga Kerajaane Pengeran. 25 Luwih gampang unta mlebu ning bolongane dom ketimbang salah sijine wong sugih dadi warga Kerajaane Pengeran.”
26 Sing ngrungok'en iku takon nang Yesus, “Kok ewoh temenan wong bisa diselameten!”
27 Yesus nyauri, “Paran sing orak kira dilakoni menungsa, bisa dilakoni Pengeran.”
28 Terus muride Yesus sing jenenge Petrus guneman, “Delengen! Paran sing dadi keduwenane reang, wis tak tinggal, terus melu Rika.”
29 Yesus guneman ngene, “Gunemane Reang iki bener temenan, sapa wae sing ninggalen keduwenane, umahe, bojone, dulure, wong tuwek'e, utawa anak'e, merga kepingin manut nang aturane Kerajaane Pengeran, 30 wong iku bakale nerima ganjaran sing luwih gede teka iku kabeh ning jaman iki. Apa maneh, mbesok bakale urip langgeng ning swarga.”
Ping telune Yesus ngramalen patine dewe
31 Yesus nglumpuk'en rolas muride sing raket terus guneman, “Sak'iki awak'e dewe kate budal nang Yerusalem merga paran sing wis ditulis nang nabi-nabi biyen soal Rajane Menungsa, bakale kedadean. 32 Reang kate dipasrahen nang wong-wong sing duduk Ibrani, kate diolok-olok, dinyek, karo diidoni. 33 Wong-wong iku bakale nandangi nemen terus mateni Reang. Masia ngono, pas telung dinane Rajane Menungsa iki bakale tangi teka pati.” 34 Tapi rolas murid iku orak ngerti paran maksute gunemane Yesus mau. Tegese guneme iku disingeten cekne muride pada orak ngerteni.
Yesus marasen wong picek
35 Pas Yesus wis parek ning kota Yeriko ana wong picek sing lungguh ning pinggire dalan ambek ngemis. 36 Sita krungu ana wong akeh liwat nang ngarepane, wong picek iku takon, “Kok rame? Paran iku ye?”
37 Ana sing njawab, “Yesus teka desa Nasaret gek entas liwat.”
38 Maringono wong picek iku memelung, “Yesus, Raja sing dijanjek'en teka anak putune Raja Daud biyen, mesakna reang iki!”
39 Wong-wong sing ana ning ngarepan pada ngongkon wong picek iku meneng. Tapikne wong picek iku tambah memelung banter, “Yesus, anak putune Raja Daud, mesakna reang iki!”
40 Maringono Yesus mandek teka mlakune terus ngongkon gawa wong picek mau nang ngarepe. Pas wong picek iku wis parek, Yesus takon, 41 “Paran sing sira kepingin njaluk teka Reang?”
Wong iku njawab, “Gusti, reang kepingin ndeleng.”
42 Yesus guneman, “Dadia wong sing bisa ndeleng! Sira waras merga percaya nang Reang.”
43 Sekala iku wong picek mau memara bisa ndeleng terus ngetuten Yesus ambek nedanerima nang Pengeran. Pas nguwasen kedadean iku, kabeh wong pada muji nang Pengeran pisan.